+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 8 Oktober 2023, Minggu  Limrah XXIII

Pangentasan 20:1-4, 7-9; Jabur 19; Filipi 3:4b-14; Mateus 21:33-46

AJA NDUWENI ALLAH LIYANE

“Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun

(Pangentasan 20:3)

Satunggaling kasunyatan ing alam donya punika inggih punika kathah ingkang kaanggep allah (inggih punika satunggaling panguwaos utawi kekiyatan; saged ugi barang ingkang kaanggep nggadhahi kekiyatan, utawi  seserepan ingkang dipun gadhahi manungsa). Saben daerah wonten perkawis punika; upaminipun ing tlatah Jawi: Wonten Ratu Kidul, Srandi. Ing Jawi Wetan: Gunung Kawi lan kathah tlatah sanesipun.

Ing waosan kita, kacariyosaken awit Nabi Musa sampun dangu boten mandhap saking redi Sinai, umat Israel nyuwun dhumateng imam Harun supados dipun damelaken allah, ing badhe tindak ing ngajengipun umat Israel. Sesembahan arupi pedhet emas punika kaanggep ingkang nguwalaken umat Israel saking pangawulan ing Mesir. Umat Israel nilaraken Gusti Allah ingkang sejati ingkang boten boten saged dipun entha-entha arupi punapa kemawon (Pangentasan 20:4).

Umatipun Gusti punika sampun kauwalaken saking panguwaosing dosa lan pejah lumantar pakaryanipun Gusti Yesus Kristus ingkang nandhang sangsara seda lan wungu saking antawisipun tiyang pejah. Punika mujudaken sihrahmatipun Gusti dhateng umatipun.

Kita punika umatipun Gusti Allah, para putranipun Gusti, kita ugi nggadhahi timbalan ingkang sami kaliyan umat Israel.  Ing gesang punika kita boten pareng nggadhahi allah sanesipun, ateges kita kedah manembah namung dhumateng Gusti Allah. Awit menawi kita ngantos nggadhahi allah sanes, kita badhe nampi bebendu saking Gusti Allah. Ingkang dipun anggep minangka allah sanes punika wujudipun kathah. Saged ugi allah sanes punika dumunung ing diri kita piyambak, upaminipun ego kita. Kita namung gesang nuruti pikajeng piyambak. Mekaten ugi manawi hobi ingkang dados allah sanes, ndadosaken kita nengenaken hobi punika tinimbang Gusti. Dinten Minggu kesah mancing utawi touring, nglirwakaken timbalan kangge ngabekti dhumateng Gusti.

Sumangga sami nitipriksa gesang kita. Punapa kita tansah setya manembah dhumateng Gusti Allah lan gesang kanthi wedi lan geter? |*SB

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ