+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 9 Oktober 2023, Minggu  Limrah XXIII

Pangandharing Toret 5:1-21; Jabur 119:49-56; I Petrus 2:4-10

NUCEKAKEN DINTEN SABAT

“Sira tansah elinga marang dina Sabat, sarta iku sira sucekna, kaya kang wus didhawuhake Pangeran Yehuwah , Allahira marang sira

(Pangandharing Toret 5:12)

Bangsa Israel punika umat tetebusanipun Sang Yehuwah. Kanthi dhawuhipun Gusti punika umat Israel kedah saestu nglenggana lan ngraosaken bilih bangsa punika saged uwal saking pangawulan ing Mesir namung awit pitulungan Gusti. Gusti Allah (Sang Yehuwah) sampun nguwalaken bangsa punika saking negari pangawulan, lumantar abdinipun, Nabi Musa, kanthi ndawahaken sedasa wewelak. Sakderengipun wewelak kaping sedasa Sang Yehuwah netepaken ketetepan Paskah.

Adedasar sih, pitulunganipun Sang Yehuwah punika umat Israel katimbalan supados nucekaken satunggaling dinten inggih punika dinten Sabat. Punika kadasaraken dhawuhipun Sang Yehuwah anggenipun nitahaken langit, bumi lan sakisinipun nem dinten; ing dinten kapitu; dinten sabat, Sang Yehuwah kendel saking sedaya pakaryanipun lan nucekaken dinten Sabat punika. Mila umatipun Gusti Israel katimbalan supados saestu nggatosaken dhawuh-dhawuhipun Gusti punika, minangka wujud saos sokur lan tanggel jawab.

Dhawuh punika ugi kaparingaken dhateng kita. Kita umat tebusanipun Gusti supados nyucekaken dinten Sabat. Ing wiwitan  madegipun Greja, umat Kristen ngibadah ing dinten Sabat (Setu). Lan saklajengipun umat Kristen ngubadah ing dinten Minggu (minangka pengetan Paskah ingkang anyar inggih punika wungunipun Sang Kristus). Rikala Kaisar Konstatianus Yang Agung II mratobat, piyambakipun netepaken dinten Minggu minangka dinten prei saktata nasional ing Rum.

Tiyang Kristen katimbalan mligekaken wegdal kangge sareng-sareng ngibadah dhumateng Gusti. Pangibadah punika wujuding raos urmat dalah raos sokur dhumateng Gusti Allah. Kita ugi saged ngaturaken cacat-kuciwa lan dosa kita wonten ngarsanipun Gusti, lan nyuwun sih-palimirmanipun Gusti, inggih punika pangapunten. Kita ugi sami nelakaken tansah cumawis kangge mbabar gesang anyar. Sumangga kita sami nggatosaken dinten sembah punika saha kita sami nindakaken kanthi kebak saos sokur lan bingahing manah. |*SB

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ