Pangandharing Toret 5:22-6:3; Jabur 119:49-56; II Korinta 5:17-21
TITAH ANYAR
“Dadi sapa kang ana ing Sang Kristus , iku dadi titah anyar, kang lawas wus sirna, lan kang anyar pranyata wus teka”
(II Korinta 5:17)
Gusti Allah ndadosaken kita “titah anyar“, tegesipun gesang kita ingkang kawengku dosa lan pejah sampun katebus lan kawilujengaken. Awit wonten ing Gusti Yesus kita punika sampun nampi pirukun, punika sakwetahipun sihrahmatipun Gusti Allah (II Korinta 5:18). Gusti Allah wonten ing Sang Kristus ngrukunaken jagad kaliyan Panjenenganipun. Gusti Allah boten ngetang panerak kita. Kita manungsa dosa boten pojo-pojo nampeni berkah saking Gusti Allah, Gusti Yesus kepareng ngurbanaken sariranipun wonten ing kajeng salib, lajeng wungu saking antawisipun tiyang pejah.
Mila sakmangke kita punika dados umatipun Gusti Allah, kawontenan punika ngewahi tujuning gesang kita. Sakderengipun nampeni pirukun lan dados titah anyar; gesang kita punika namung tumuju dhateng diri pribadi kita. Sakmangke orientasi gesang kita punika dhumateng Gusti Yesus ingkang sampun seda lan wungu saking antawisipun tiyang pejah kangge nebus dosa kita (II Korinta 5:15).
Kadospundi wujudipun gesang kagem kamulyanipun Gusti Yesus punika? Ing gesang pribadi kita tansah nelakaken gesang pitados lan ajrih asih dhumateng Gusti; ing brayat, ing papan padamelan, ing gesang masamuwan lan ing satengahing masyarakat. Kita ugi cumawis ndherek ing peladosan kanthi kebak ing tanggel jawab, eklas lan bingahing manah. Awit mbabar gesang anyar punika boten gampil lan kita udi kanthi nyuwun panuntuning Sang Roh Suci. Ugi peladosn boten mesthi saged tumindak kanthi sae lan prayogi, manawi wonten kedadosan ingkang mekaten temtunipun sampun ngantos ndadosaken kita cuwa lan nglokro, awit punika mujudaken ujian kangge kita.
Sumangga kita sami nelakaken gesang anyar. Ing sauruting gesang punika tansah mujudaken wewengan kangge mbabar gesang pitados lan ajrih asih wonten ngarsanipun Gusti. Sampun ngantos kita pawadhan kemawon: taksih repot lare-lare taksih alit, mangke nengga pensiun. Sampun ngantos ing kawusananipun kita boten wonten wewengan saking Gusti kangge lelados; dados yen wonten wekdal prayogi kita boten semaya. |*SB