+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 11 Oktober 2023, Minggu  Limrah XXIII

Pangandharing Toret 6:10-25; Jabur 119:49-56; Yokanan 11:45-57

NGLAWAN GODHA

“Kowe aja nyoba Sang Yehuwah, Gusti Allahmu,

kayagonmu wus nyoba marang Panjenengane ana ing Masa

(Pangandharing Toret 6:16)

Kedadosan ingkang kelampah ing gesangipun manungsa ing wekdal kapengker utawi wekdal sakmangke lan wekdal ingkang badhe dhateng punika saged dados godha. Tegesipun saged ndadoskane tiyang dhumawah ing dosa.

Pangandharing Toret 6:10-25 ngemot pepenget kangge umatipun Gusti inggih punika umat Israel, ing wekdal ingkang badhe kalampah, inggih punika manawi umat sampun lumebet ing tanah prasetyan. Ing tanah prasetyan punika bangsa Israel badhe ngadhepi panggodha, inggih punika bab allah-allahipun bangsa Kanaan. Umatipun Gusti katimbalan supados kanthi saestu-estu ngestokaken bilih Sang Yehuwah punika ingkang nguwalaken leluhuripun saking tanah pangawulan ing Mesir, mila umatipun katimbalan gesang ajrih-asih dhateng Sang Yehuwah. Punika supados dipun wucalaken kanthi saestu dhateng anak-anakipun, supados kanthi punika anak-anakipun umat Israel saestu mangertos lan ngraosaken bilih umat Israel saged mapan ing negari Kanaan punika amargi kanugrahan saking Sang Yehuwah. Kanthi mekaten umatipun Gusti boten gampil kablithuk dening alla-allahipun bangsa Kanaan.

Kita tiyang Kristen; umatipun Gusti ugi nampeni timbalan ingkang sami, awit gesang kita punika boten uwal saking godha, malah godha punika saged kagambaraken kadosdene tamu ingkang boten kita ulemi. Punapa kemawon ingkang kedadosan ing gesang kita punika saged dados godha dhateng kita. Contonipun wonten ing brayat, upaminipun wonten bab ingkang boten saged kelampah awit anggota brayat punika nggadhahi karingkihan kesupenan, lajeng nuwuhaken perkawis. Kamangka mesthinipun boten mekaten, prayoginipun anggota brayat sami nglenggana awit sedherekipun punika kesupenan. Taksih kathah lelampahan ing gesang kita ingkang saged dados godha lan kita saged dumawah ing godha. Mila kita prelu mangertosi perkawis punika lan cumawis ngadhepi godha punika kanthi nyuwun pitulunganipun Gusti. Awit Roh Suci jaminanipun (Efesus 1:13-14), minangka pangen ingkang utami Gusti Yesus wonten ing sakcelaking kita (Yokanan 10:11). |*SB

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ