+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 12 Oktober 2023, Minggu  Limrah XXIII

Pangentasan 24:1-8; Jabur 106:1-6, 19-23; I Petrus 5:1-5, 12-14

NGENGEN MENDHANIPUN GUSTI

“Kowe aja tumindhak kaya-kaya nguwasani pasamuan reksanmu,

nanging dadia tuladha tumrap pepanthan iku

(I Petrus 5:3)

Pelados ing Pasamuwan punika benten kaliyan pelados ing masyarakat, awit pelados ing Pasamuwan punika ngladosi umat kagunganipun Gusti, pepanthan mandhanipun Gusti Allah (1 Petrus 5:2). Mila wonten prinsip peladosan ingkang sakmesthinipun dipun mangertosi sacara leres lan dipun cepengi dening para pelados, inggih punika :a) Boten rumaos kapeksa; ananging kanthi legawaning manah, jumbuh kaliyan karsanipun Gusti Allah. B boten awit pados kauntungan; nanging kanthi raos lelados. C) Boten kados-kados nguwaosi Pasamuwan, nanging dados tuladha tumrap Pasamuwan

Manawi para pelados saged lelados kanthi sae kados ing nginggil punika, para pelados badhe nampi makuthaning kamulyan ingkang boten saged alum saking Sang Pangen Agung. Punapa kita sampun nate dados pelados mirunggan (minangka pinesepuh, pandhita utawi diaken)? Rikala lelados punapa kita sampun saged lelados jumbuh kaliyan tata peladosan ingkang dipun kersakaken dening Gusti? Manawi sampun kita saos sokur wonten ngarsanipun Sang Pangen Agung, awit sedaya punika lumampah saking pitulungan lan berkahipun Gusti. Manawi dereng, prayogi kita nyuwun sih pangaksami lan pitulunganipun Gusti.

Piwucal punika perlu kita gatosaken lan cepengi kanthi saestu bilih peladosan ing Pasamuwan punika peladosan kagem Sang Pangen Agung, inggih punika Gusti Yesus Kristus ingkang sampun nebus lan milujengaken gesang kita. Semanten ugi menawi kita lelados ing komisi, Panitia, Tim, lan sanes-sanesipun ing Pasamuwan; kita punika para abdi ingkang lelados dhateng Gusti Yesus. Mekaten ugi minangka para mendhanipun Gusti Yesus kita ugi sakmesthipun mbangun-turut dhateng Sang Pangen Agung.  Sumangga kita sami samekta mbabar timbalanipun Gusti punika minangka wujud saos sokur kita dhateng Gusti lan anggen kita nindakaken kanthi sumarah ing Gusti kadosdene pang anggur ingkang tumempel ing wit anggur, awit inggih namung kanthi tumempel punika pang anggur saged ngedalaken woh (Yokanan 15:5). |*SB

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ