Para Hakim 2:16-23; Jabur 123; Wahyu 16:8-21 TAKSIH WONTEN KADURJANAN “… supaya bangsa-bangsa iku kena Sunagem nyoba wong Israel, apa bakal padha lestari ngambah ing dalan pitedahe Sang Yehuwah kaya-dene para leluhure apa ora.” (Para Hakim 2:21-22) Kena apa ya kok isih ana wong durjana: kecu, maling, rampog, raja pati, korupsi, pangroda peksa lan sapiturutipun? Kena apa Gusti Allah ora nyirnakaken wong-wong sing durjana? Kamangka wong-wong kuwi gawe susahe wong akeh lan awake dhewe. Mekaten pitakenan ingkang asring kita pireng. Kenging punapa Gusti Allah ngendelaken tiyang-tiyang durjana punika? Nalika bangsa Israel mlebet tanah Kanaan saking tanah pangawulan Mesir, tanah punika sampun dipun enggeni dening bangsa-bangsa sanes. Wonten bangsa-bangsa ingkang dipun singkiraken, dipun tundhung. Nanging ugi wonten ingkang mboten. kanthi tembung sanes, dipun kendelaken manggen ing tanah Kanaan punika. Kenging punapa Sang Yehuwan mboten nundhungi sedaya bangsa punika? Kenging punapa taksih dipun ngengeh? Ayat kita nelakaken….. Sunagem nyoba wong Israel. Bangsa-bangsa punika kaagem ndadar kapitadosanipun bangsa Israel dhumateng Sang Yehuwah, tetep ngabekti dhumateng Sang Yehuwah punapa mboten. Mawarni-warni kadurjanan taksih wonten lan kita mangertosi pawartosipun lantaran TV utawi radhio utawi ningali youtube lan medhia-medhia sanesipun. Kadurjanan punika ndadosaken kita Kathah tiyang ingkang gadhah raos miris, ajrih, kuwatos, was-was. Tiyang dados mboten aman nalika wonten ing griya punapa-dene ing margi. Kadurjanan ing sakiwa tengen kita punika kula kinten ugi wujuding pandhadaripun Gusti Allah dhateng kita. Nyipati kawontenan punika, wontenipun tiyang-tiyang durjana ing sakupeng kita, punapa kita tetep nyepengi kapitadosan kita dhumateng Gusti punapa malah nyelaki Gusti, kelu dhateng tumindaking para durjana temah kita tumut nindakaken kadurjanan? Iba renaning penggalihipun Gusti, awit yen kita saged nyingkiri kadurjanan lan nindakaken kasaenan dhateng sedaya tiyang ingkang kita panggihi, mboten namung ingkang kita tepangi lan kita eringi, ateges kita lulus saking pandhadhar utawi peneteripun Gusti Allah. Amin.|*WSMS
Kemis, 16 November 2023, Minggu Limrah XXVIII
Amos 6:1-14; Jabur 52; Lukas 8:4-10 SINTEN INGKANG LEPAT? “Banjur tuwuh golongan kang ora wanuh marang Sang Yehuwah lan ora ngreti bab apa kang katandukake dening Panjenengane marang wong Israel” (Para Hakim 2:10). Sasampunipun Senapati Yusak lan tiyang-tiyang sabarakanipun sami sumare, tuwuh golongan sanes, ingkang beda kaliyan golongan saderengipun. Beda ing bab anggenipun ngabekti dhumateng Sang Yehuwah. Mboten namung beda, nanging beda sanget, Sang Yehuwah lan pakaryanipun mboten sami dipun mangertosi. Saestu, punika kawontenan ingkang mrihatosaken sanget. Ing ayat-ayat salajengipun kacariyosaken bilih bangsa Israel lajeng nglampahi ingkang awon, ngabekti dhateng para Baal, mboten ngabekti dhumateng Sang Yehuwah. Punika nelakaken bilih wonten pedhoting sesambetan ing antawisipun generasinipun Senapati Yusak lan generasi saksampunipun. Nggatosaken ayat 7 kados-kados ingkang ndadosaken golongan punika mboten tepang kaliyan Sang Yehuwal lan pakaryanipun awit mboten sami mangretosi pakaryanipun Sang Yehuwah dhateng para leluhuripun. Kejawi punika, generasi punika mboten dipun cariyosi bab pakaryanipun Gusti dening tiyang sepuhipun. Dados, para leluhuripun mboten mulangaken pakaryanipun Sang Yehuwah dhateng generasi salajengipun. Kados pundi kawontenaning anak-putu kita? Punapa generasi kita, dadosa, Generasi X punapa-dene Generasi Baby Boomer[1] (para eyang) sampun paring piwulang dhateng anak-putu kita bab Gusti Allah lan pakaryanipun? Punapa generasi sasampunipun kita, kita tepangaken kaliyan Gusti Allah ingkang ing Gusti Yesus Kristus sampun nindakaken pakaryanipun ingkang milujengaken? Mugi-mugi ingkang dipun alami dening bangsa Israel mboten dipun alami dening anak-putu kita. Amin.|*WSMS [1] Beresfod Research damel krlompok generasi: Gen Z kelairan 1997-2012 ing taun 2021 umur 9-24 lan Gen Y utawi Milenial: kelairan 1981-1996 lan ing taun 2021 umur 25-40 taun Gen X kelairan 1965-1980 lan ing taun 2021 umur 41-56 taun Baby Boomers: kelairan taun 1946-1964 lan ing taun 2021 umur 57-75 taun Gen Alpha: kelairan taun 2010-2011 dumugi sapunika https://.kompas.com – Tren
Rebo, 15 November 2023, Minggu Limrah XXVIII
Yeremia 31:31-34; Jabur 78; Mateus 24:29-35 PANGAPUNTENING DOSA “… awit kaluputane bakal Sun apura lan dosane wus ora Sun engeti maneh (Yeremia 31:34) Kathah tiyang ingkang ngendhem sengit awit kalepatanipun tiyang sanes ingkang damel sangsara lan cilaka, ngantos kecalan kabingahan. Manawi kita gatosaken pawartos ing televisi, kita mrangguli kathah kedadosan raja-pati. Raja-pati tiyang-sepuh dhateng anakipun, anak dhateng tiyang-sepuhipun, sesami sedherek, dhateng kanca lan sapanunggilanipun. Limrahaipun raja-pati punika kelampahan awit wontenipun raos sengit ingkang dipun simpen, dipun endhem. Tiyang mboten saged ngapunteni kalepatanipun tiyang sanes ingkang damel sakit lan tatuning manah, ingkang damel manah njarem. Manawi kita gatosaken ayat 32, kita badhe mengertos kados-pundi cuwanipun Sang Yehuwah ingkang dipun selaki dening umat kagunganipun. Gusti sampun ngentas umatipun saking tanah Mesir sarta ngreksa lan ngrimati umatipun. Sampun kaparingan Toret lan aprajanji badhe gesang manut ing pangandikanipun, nanging nyatanipun sami nyelaki Panjenenganipun. Senadyan mangkenipun sami kabucal dhateng Babil, Gusti Allah kersa ngirid wangsul bangsa Israel dhateng tanahipun malih. Mboten namung punika, Gusti Yesus miyos lan ing sugengipun nelakaken pambangunturutipun dhumateng Kang Ramanipun, nebus manugsa saking dosanipun. Dosaning manungsa kaapunten, mboten kaenget-enget malih dening Gusti Allah. Punapa ingkang kita tindakaken sasampunipun nampi panebusing dosa saking Gusti Allah lantaran seda, sangsara, lan wungunipun Gusti Yesus Kristus? Punapa kita sampun netepi dhawuhipun ingkang sampun katanem ing manah kita? Punapa kita taksih ngendhem sengit dhateng sesamai kita ingkang damel kalepatan dhateng kita? Punapa kita taksih ngenget-enget kalepatanipun tiyang-tiyang ingkang nate katandukaken dhateng kita, ingkang nate damel cuwa lan natoni manah kita? Mboten wonten tiyang ingkang sampurna. Pangabekti lan pambangun turut kita dhumateng Gusti ugi mboten sampurna. Ewasemanten Gusti kersa paring pangapunten dhateng kita. Punapa kita ugi suka pangapunten dhateng tiyang-tiyang ingkang nate damel lepat dhateng kita? Gusti sampun mboten ngenget-enget malih kalepatan kita. Amin.|*WSMS
Slasa, 14 November 2023, Minggu Limrah XXVIII
Nehemya 8:1-12; Jabur 78; I Tesalonika 3:6-13 ANDUM BERKAH, ANDUM KABINGAHAN “… Wis muliha, mangana enak, ngombea kang legi lan menehana berkat marang para wong kang ora duwe apa-apa, awit dina iki sesengkerane Gusti kita! Aja padha prihatin, awit-dene kabungahan peparinge Sang Yehuwah iku kang dadi pangayomanmu” (Nehemya 8:11) Saking tanah pambuwangan Babil Nehemya nuweni bangsanipun ing tanah Israel (Yehuda). Nehemya ugi mbangun malih Padaleman Suci ing Yerusalem ingkang sampun risak. Sareng pambangunan rampung, dening Sang Prabu Nebukadnezar bangsa Israel ing pambuwangan kaparenganken wangsul dhateng tanah Israel lan mapan ing kithanipun piyambak-piyambak. Sasampunipun sami mapan ing kithanipun piyambak-piyambak, lajeng sami nglempak ing plataran gapura Banyu nyuwun nabi Ezra maosaken kitabipun Nabi Musa. Sedaya tiyang, jaler lan estri sami mirengaken. Dinten punika dados dinten sesengkeranipun Sang Yehuwah. Bangsa Israel mboten pareng sami prihatos lan nangis, awit sampun mireng suraosipun Toret. Tiyang-tiyang punika lajeng kadhawuhan nedha eca lan ngombe manis lan andum tetedhan lan toya manis punika dhateng tiyang-tiyang ingkang kacingkrangan. Sedaya kadhawuhan sami bingah-bingah. Mboten dipun terangaken kenging punapa dinten punika dados dinten kabingahan lan nedha eca. Punapa saderengipun sami siyam awit prihatos gegayutan kaliyan pambangunan Padaleman Suci ingkang kebak ing pambengan? Mboten wonten katrangan. Ingkang wigati, dinten punika dados dinten kabingahan peparingipun Sang Yehuwan. Ing dinten kabingahan punika kadhawuhan sami enget dhateng sedherek-sedherekipun ingkang kakirangan. Berkah kabingahan punika mboten kenging namung kangge dhirinipun piyambak. Ing gesang sesarengan ing satengahing pasamuwan lan masyarakat, kita mrangguli wonten tiyang ingkang kacingkrangan. Kita prelu migatosaken tiyang-tiyang ingkang mbetahaken pitulungan, ingkang nandhang kekirangan punika. Sajatosipun, dinten-dinten kita punika dinten ingkang mbingahaken awit Gusti Allah ingkang ngayomi lan ngrimati gesang kita. Kabingahan peparingipun Gusti punika prelu kita dum kaliyan tiyang sanes, kabingahan punapa kemawon. Srana mekaten, tiyang sanes ugi saged ngraosaken kabingahan saking Gusti Allah. Amin.|*WSMS
Ibadah Syukur Hari Ulang Tahun Adiyuswa
“Selamat ulang tahun yang ke-17, Adiyuswa! 🎉🎂 Mari bersyukur dalam ibadah syukur HUT Adiyuswa Sinode GKJ untuk merayakan pencapaian dan keberkahan dalam hidup Adiyuswa. Bergabunglah bersama kami dalam ibadah yang penuh rasa syukur dan kebersamaan, “Adiyuswa Jumangkah Sesarengan Mbabar Karahayoning Gesang”Lukas 8:1-3. 🙏✨ Jangan lewatkan momen istimewa ini! Tulis di kalender Saudara: Selasa, 31 Oktober 2023, pukul 10.00 WIB. Saksikan secara langsung melalui Live Streaming di kanal Youtube Sinode GKJ, langsung dari GKJ Wonosobo. Mari bersama-sama merayakan kasih dan berkat Tuhan! 🌟 #UlangTahunAdiyuswa #SinodeGKJ #IbadahSyukur #BersamaDalamTuhan #LiveStreamingGKJWonosobo“
Renungan Harian Sadhar November 2023
Tema: Setya Dhateng Timbalanipun Gusti Klik Disini Untuk Mengunduh Bahan Temukan Pengalaman baru Renugan Harian Sadhar didalam genggaman smartphone. unduh Aplikasi Renungan Harian Sadhar
Setu, 14 Oktober 2023, Minggu Limrah XXIII
Pangentasan 24:12-18; Jabur 106:1-6, 19-23; Mateus 2:18-22 SETYA “Nabi Musa banjur tindak karo Yusak abdine munggah ing gununge Gusti Allah” (Pangentasan 24:13) Sikep setya ing saklebeting mbangun sesambetan saestu dipun betahaken. Upaminipun wonten ing gesang brayat; sikep setya ing antawisipun semah (suami-istri) sanget dipun betahaken. Awit manawi salah setunggaling antawisipun semah wiwit boten setya, pasanganipun mesthi ugi wiwit boten pitados malih. Yen perkawis punika saestu kedadosan ing gesanging brayat, mujudaken tanda-tanda boten sae lan boten enggal dipun pratasi, mbebayani tumrap lestantuning gesang brayat. Ing kitab Pangentasan 24:12-18, nyariosaken bilih Sang Yehuwah nimbali nabi Musa supados minggah dhateng redi Sinai. Gusti Allah badhe nyerat pepakenipun ing sela kangge nggantos sela ingkang sampun pecah, awit dipun banting dening nabi Musa, rikala umat Israel manembah dhateng reca arupi pedhet mas. Nalika semanten, nabi Musa ngajak Yusak minggah dhateng redinipun Gusti. Kanthi siikep setya saking nabi Musa, nabi Musa saged nampeni angger-angger sedasa perkawis ingkang risak; ingkang saklajengipun dipun agem kangge mucal umat Israel. Angger-angger punika minangka paugeran kangge umatipun Gusti. Tanpa angger-angger punika bangsa Israel, umatipun Sang Yehuwah punika boten saged nelakaken pitados lan gesang jumbuh kaliyan kersanipun Sang Yehuwah. Sikep setya wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ing sauruting gesang kita punika minangka wujud tanggel jawab lan saos sokur dhumateng Gusti. Pramila perlu tansah dipun nggatosaken lan dipun upadi supados saged kita tindakaken. Kanthi nyuwun pitulunganaipun Gusti, kita pitados badhe saged netepi timbalanipun Gusti punika kanthi prayogi. Ing pungkasanipun, kita badhe nampeni kasampurnaning kawilujengan jati; nampeni gesang langgeng ing swarga, ing pundi gesang ingkang langgeng punika tansah kita antu-antu. Sumangga sami mbudidaya nindakaken dhawuhipun Gusti kanthi setya. Pitadosa, bilih Gusti Allah piyambak ingkang badhe njangkepi lan nyampurnakaken. Amin |*SB
Jemuwah, 13 Oktober 2023, Minggu Limrah XXIII
Pangentasan 24:9-11; Jabur 106:1-6, 19-23; Yakobus 4:4-10 MANAH INGKANG RESIK “Marga saka iku nungkula marang Allah, iblis tanggulangen, temahan bakal padha lumayu nglungani kowe” (Yakobus 4:7) Manungsa, kalebet tiyang pitados punika nggadhahi karingkihan (cedera manusiawi). Mila sanadyan gesang kita sampun katebus lan kawilujengaken dening Gusti Yesus, kita taksih saged dhumawah ing hawa nepsu lan watek kadonyan (Yakobus 4:1-4). Awit kawontenan kita ingkang ringkih punika, kita dipun kanthi ing Roh Suci (Yakobus 4:5). Mila sampun ngantos kita punika ngendelaken diri (gumunggung) nanging nggadhahi manah ingkang andhap-asor. Kanthi punika ing saklebeting ngadepi godha rencana ing gesang kita badhe tansah tumungkul ing ngarsanipun Gusti lan sumarah dhateng panuntunipun Sang Roh Suci, Gusti mesthi karsa paring pitulungan dhateng kita. Kanthi dhawuh pangandhikanipun Gusti punika cetha sanget bilih : Prayogi kita tansah saestu saos sokur, awit sejatosipun sampun wonten cepengan ing saklebeting mbabar gesang dados kagunganipun Gusti. Mila perlu netepaken sikap ingkang leres, awit wonten pilihan ingkang kedhah kita pilih. Anggen kita nemtokaken pilihan punika temtunipun boten namung nengenaken bab kadagingan. Prayogi kita milih ingkang ndadosaken lestantuning gesang jumbuh kaliyan karsanipun Gusti. Sumangga sami nglampahi gesang kanugrahanipun Gusti punika kanthi kebak raos sukur, bingahing lan eklasing manah. Manawi gesang kita punika prayogi, saged dados kaluhuraning asamanipun Gusti lan Injilipun kasuwuraken. Kita saged dados serat-seratipun Sang Kristus (2 Korinta 3:3). Gusti Yesus tuking berkah lan pitulungan mesthi badhe mberkahi kita. |*SB
Anggota Persekutuan Gereja Reformasi Sedunia (WCRC) diundang untuk berpartisipasi dalam Minggu Reformasi melalui liturgi umum, mengikuti siaran langsung dari Indonesia, dan mengikuti persembahan khusus untuk Komuni.
“Harapan dan Masa Depan” adalah tema liturgi yang dikembangkan oleh Calvin Institute for Christian Worship untuk perayaan Hari Reformasi WCRC tahun 2023, berdasarkan Yeremia 29: 4-7, 11-14 dan Wahyu 22:1-5. Unduh liturgi: Tahun ini, kebaktian Hari Reformasi akan disiarkan langsung dari Gereja Kristen Jawa Jakarta pada Minggu, 29 Oktober, mulai pukul 17.00 (waktu setempat). Aliran ini akan muncul di halaman Facebook WCRC dalam bahasa Inggris, Perancis, dan Spanyol. Pesan tersebut akan disampaikan oleh Septemmy Lakawa, presiden Seminari Teologi Jakarta dari tahun 2019 hingga 2023 dan seorang profesor studi misi, teologi feminis, dan teologi trauma. WCRC selanjutnya mengundang para anggotanya untuk mempromosikan WCRC dan mendedikasikan koleksi persembahan mereka pada hari Minggu Reformasi untuk karya dan kesaksian Komuni. Materi bantuan tersedia untuk diunduh dari situs web WCRC . Informasi tambahan – dan sumber daya – mengenai peringatan Hari Reformasi tahunan dapat ditemukan di situs web WCRC . sumber : http://wcrc.ch/news/communion-invited-to-join-in-reformation-sunday
Kemis, 12 Oktober 2023, Minggu Limrah XXIII
Pangentasan 24:1-8; Jabur 106:1-6, 19-23; I Petrus 5:1-5, 12-14 NGENGEN MENDHANIPUN GUSTI “Kowe aja tumindhak kaya-kaya nguwasani pasamuan reksanmu, nanging dadia tuladha tumrap pepanthan iku” (I Petrus 5:3) Pelados ing Pasamuwan punika benten kaliyan pelados ing masyarakat, awit pelados ing Pasamuwan punika ngladosi umat kagunganipun Gusti, pepanthan mandhanipun Gusti Allah (1 Petrus 5:2). Mila wonten prinsip peladosan ingkang sakmesthinipun dipun mangertosi sacara leres lan dipun cepengi dening para pelados, inggih punika :a) Boten rumaos kapeksa; ananging kanthi legawaning manah, jumbuh kaliyan karsanipun Gusti Allah. B boten awit pados kauntungan; nanging kanthi raos lelados. C) Boten kados-kados nguwaosi Pasamuwan, nanging dados tuladha tumrap Pasamuwan Manawi para pelados saged lelados kanthi sae kados ing nginggil punika, para pelados badhe nampi makuthaning kamulyan ingkang boten saged alum saking Sang Pangen Agung. Punapa kita sampun nate dados pelados mirunggan (minangka pinesepuh, pandhita utawi diaken)? Rikala lelados punapa kita sampun saged lelados jumbuh kaliyan tata peladosan ingkang dipun kersakaken dening Gusti? Manawi sampun kita saos sokur wonten ngarsanipun Sang Pangen Agung, awit sedaya punika lumampah saking pitulungan lan berkahipun Gusti. Manawi dereng, prayogi kita nyuwun sih pangaksami lan pitulunganipun Gusti. Piwucal punika perlu kita gatosaken lan cepengi kanthi saestu bilih peladosan ing Pasamuwan punika peladosan kagem Sang Pangen Agung, inggih punika Gusti Yesus Kristus ingkang sampun nebus lan milujengaken gesang kita. Semanten ugi menawi kita lelados ing komisi, Panitia, Tim, lan sanes-sanesipun ing Pasamuwan; kita punika para abdi ingkang lelados dhateng Gusti Yesus. Mekaten ugi minangka para mendhanipun Gusti Yesus kita ugi sakmesthipun mbangun-turut dhateng Sang Pangen Agung. Sumangga kita sami samekta mbabar timbalanipun Gusti punika minangka wujud saos sokur kita dhateng Gusti lan anggen kita nindakaken kanthi sumarah ing Gusti kadosdene pang anggur ingkang tumempel ing wit anggur, awit inggih namung kanthi tumempel punika pang anggur saged ngedalaken woh (Yokanan 15:5). |*SB



