+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 19 Desember 2023 Minggu Adven III

II Para Raja 2:9-22; Jabur 125; L. Para rasul 3:17-4:4

POLITIK AGAMA SAKA PANGWASA

Nalika Rasul Pétrus lan Rasul Yohanes isih padha ngandikani

wong akèh mau, dumadakan ditekani déning para imam,

penggedhéné sing jaga Pedalemané Allah, lan wong Saduki

(L. Para Rasul 4:1)

Urip bebarengan iku nduweni pranatan, pranatan iku kawujudake ing tata pemerintahan, lan katindakake dening para sing ngasta kalenggahan. Nalika jaman pasamuwan kawitan, para rasul dicekel lan ditahan ing pakunjaran dening para imam, panggedhene sing jaga Pedalemane Allah, lan wong Saduki. Golongan iku makili para sing ngasta pangwasa ing satengahing bangsa Yahudi. Pawartane para Rasul didakwa gawe kisruh, malah piwulang sing nasarake wong akeh, amarga martakake Gusti Yesus sing seda kasalib iku wungu lan gesang malih, sumengka ing swarga, lan dadi Juru Wilujeng manungsa.

Wiwit pasamuwan kawitan, para kang ngasta pangwasa wis nindakne panindhes marang pasamuwan nggunakne politik agama. Politik agama iku klebu politik identitas. Saben wong duwe identitas, tegese katrangan bab suku, agama, ras, golongan. Ana identitas sing digawa saka lair, lan ana uga identitas sing dipilih lan dilakoni nalika wis dewasa. Kita ora bisa ngowahi suku lan ras kita, nanging kita bisa ngowahi status perkawinan, katrangan pekerjaan, uga bisa ngowahi status agama.  Politik agama lumrahe meksakne pangandel lan piwulang saka agamane golongan mayoritas lan nindhes marang golongan minoritas.

Hasil saka politik agama iku jane wagu lan lucu, nanging uga nyebeli. Saben arep natalan ana wae isu sing dadi rembugan maneh: Ngucapke selamat natal iku oleh utawa haram. Mangkono uga umat liya menawa melu perayaan natal iku haram utawa ora. Ana sawetara golongan sing ndadekne iku prekara sing haram lan ora oleh ditindakne. Sokur dene pemerintah Indonesia nganti saiki tetep jejeg ora melu-melu politik agama sing saru iku. Nanging tetep ana bebaya gedhe nalika agama ditunggangi dening kapentingan politik. Dadine politik agama sing saru. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ