+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 20 Desember 2023 Minggu Adven III

Maleakhi 3:16-4:6; Jabur 125; Markus 9:9-13

ABDINE GUSTI KUDU NANDHANG SANGSARA

Gusti Yésus ngandika: Nanging kepriyé mungguh Putraning Manungsa?

Apa sebabé déné ing Kitab Suci ditulis yèn Putraning Manungsa kudu nandhang sangsara akèh lan disawiyah-wiyah! Élinga, Nabi Élia pancèn wis rawuh. Nanging wong-wong padha tumindak sawenang-wenang marang panjenengané. Kuwi cocog karo sing wis katulis ing Kitab Suci(Markus 9:12-13)

Ana adat sing ditindakne dening salah sawijining pasamuwan, saben pahargyan Natal mesthi ngedum-edum paket sembako marang tangga teparo sing diwawas patut nampani. Paket sembako iku diklumpukne dening pasamuwan pirang-pirang wulan sadurunge. Bisa atusan paket sing diedumake ing minggu sadurunge Natalan. Ujube supaya padha bisa melu bebungah ing dina pahargyan Natal, sanajan sing diaturi paket iku dudu warga pasamuwan. Sanajan wis dadi adat sing ditindakne saben tahun, eh ana wae sing nyaruwe menawa iku kristenisasi. Rumangsane apa yen nampa paket beras, gula teh, minyak goreng saka greja iku terus langsung dadi Kristen?

Dadi abdine Gusti iku pancen kudu nandhang sangsara. Wiwit para nabi nganti Gusti Yesus padha disawiyah-wiyah. Nanging sabda pangandikane Gusti paring panglipur, “Begja wong sing disiya-siya merga enggoné nglakoni kersané Gusti Allah; awit wong sing mengkono kuwi sing dadi umat ana ing Kratoné Allah. Begja kowé menawa diwewada, disiya-siya lan dipitenah merga saka enggonmu dadi murid-Ku.  Para nabi sadurungé kowé iya padha disiksa kaya mengkono. Padha bungaha lan dipadha gembira, sebab gedhé ganjaran sing bakal kaparingaké déning Gusti Allah marang kowé.”(Mat.5:10-12).

Nandhang sangsara amarga panyaruwe lan komen nyinyir saka wong liya iku durung sepiraa menawa kabandhingake karo lelampahane para abdine Gusti, apa maneh Gusti Yesus kang nganti seda sinalib ing tangane para wong dosa. Menawa wong bener wae disiya-siya, apa maneh menawa tumindake luput lan ala! Dadi aja kendho anggone tumindak sing becik, tansah dadi abdine Gusti sing nyekseni lan leladi marang sesami. Dina riyadi Natal gari Minggu ngarep. Iki wancine kita mirunggan ngedum-edumake berkah peparinge Gusti kanggo sakupeng kita. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ