+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 21 Desember 2023 Minggu Adven III

II Samuel 6:1-11; Jabur 89:1-4, 19-26; Ibrani 1:1-4

NGLUWIHI DUTA BESAR

Nanging ing jaman wekasan iki Panjenengané ngandika marang kita

lantaran Kang Putra. Iya lantaran Kang Putra kuwi enggoné Gusti Allah

nitahaké alam jembar. Sarta Panjenengané wis netepaké Kang Putra mau

supaya sing wekasané ndarbèni samubarang kabèh

(Ibrani 1:2)

Duta besar iku wong sing diutus makili negara. Lumrahe duta besar iku uga diparingi kwasa kanggo mutusi prekara-prekara sing ana ing kawenangane. Antarane kepala negara ora prelu rembugan saben-saben ana prekara, iku cukup diwakili dening duta besar wae.  Dadi duta besar nduweni kalungguhan sing kajen lan pinunjul.

Rawuhe Sang Kristus ing donya kang kita pengeti ing dina Natal iki linuwih tinimbang duta besar. Kitab Ibrani nyerat menawi Gusti Yesus iku Putrane Allah, cahya kamulyan sarta citrane Gusti Allah sing ceples. Sang Kristus ora mung dadi utusan kayadene duta besar sing diutus dening presiden, nanging Gusti Allah kang manjalma dadi manungsa, lan ngrawuhi jagad iki. Kaluhuran lan kamulyan Asmane banget enggone ngungkuli sakabehing jeneng.

Padha karo Gusti kang ngrawuhi jagad lantaran Kang Putra, pasamuwan Kristen kautus dadi duta kang sembada martakake pakaryane Gusti Allah kang milujengake jagad. Dina-dina ing akhir tahun lumrahe kanggo wektu kita mawas dhiri lan nitipriksa, apa sing wis kita tindakne setahun iki. Sajroning panelangsa amarga ngakoni akeh kekurangan, kaluputan lan dosa sing kita tindakne, ana kabungahan amarga rawuhe Gusti Yesus kang kita pengeti ing dina Natal nggawa pahargyan ing urip manungsa sajagad. 

Mangsa Natal iki wancine kanggo ngajak sakupeng kita melu ing pahargyan lan kabungahan. Beda karo dina riyadi bakdan sing dadi dina riyaya gedhe kanggo sabangsa, dina riyadi natal kerep mung dadi pahargyan ing kalangane umat Kristen. Linuwih saka dekorasi, hiasan, lan lagu-lagu natal sing disetel, pahargyan natal iku martakake kabar kabungahan gedhe kanggo sajagad. Pasamuwan Kristen dadi duta sing martakake kabar kabungahan iku. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ