+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 18 Desember 2023 Minggu Adven III

I Para Raja 18:1-18; Jabur 125; Efesus 6:10-17

MBANGUN KEKUWATAN ING PATUNGGILANE GUSTI

Wasana padha mbanguna kekuwatanmu ana ing patunggilané Gusti,

kanthi migunakaké kasektèning pangwasané

(Efesus 6:10)

Ora ana sing kepengin uripe ringkih lan sekeng. Sing tansah dadi pamuji supaya urip kita bisa kuwat santosa, menang ngalahake sakehing panggodha lan adoh saka sakehing memala. Ing urip bebarengan wong sing kuwat santosa iku uga bisa dadi jujugane pepadha sing butuh pitulungan.

Ana uga wong sing kuwat santosa disengiti dening pepadhane, amarga sikepe dumeh kuwat lan santosa malah dadi gumunggung, ngremehake pepadhane, durung maneh sing tumindake malah dadi preman sing nindhes lan meres pepadha sing ringkih lan asor.  Ing donya, bangsa sing kuwat malah kerep dadi ancaman kanggo bangsa-bangsa liyane sing ringkih. Kuwat santosa ing donya ateges nguwasani ekonomi, tehnologi, sumber-sumber alam sing dadi kabutuhan pangan lan energi, lan uga angkatan perang sing mumpuni. Dudu iku sing dikersakne anggone kita kadhawuhan mbangun kakuwatan ing patunggilane Gusti.

Ing Minggu Adven kaping telu iki kita cecawis mapag rawuhe Gusti kang malah ngucat kamulyane, ngagem sipate abdi, lan rawuh ing donya awujud manungsa, miyos minangka bayi sing ora duwe kakuwatan apa-apa. Timbalan supaya kita mbangun kakuwatan ing patunggilane Gusti adoh saka pengangen-angen lan pepenginane manungsa sing ngudi kakuwatan tata cara donya. Kasekten lan pangwasa kang ana ing patunggilane Gusti iku kanggo leladi, supaya bisa menang ing paprangan ngadhepi kajuligane Iblis.

Gaman peparinge Gusti iku dudu pedang, bedil, apa maneh tank lan roket. Kuwat santosa lan kwasa kasekten ing patunggilane Gusti iku wujude urip ing kayekten, kamursidan, cumadhang martakake Injiling katentreman, precaya marang Gusti, mahargya kaslametan, lan ngamini sabdane Gusti. Iku saranane supaya kita tansah menang, urip kuwat santosa ing patunggilane Gusti. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ