+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 17 Desember 2023 Minggu Adven III

Yesaya 61:1-4, 8-11; Jabur 126; I Tesalonika 5:16-24; Yokanan 1:6-8, 19-28

SWARA KANG NGUMANDHANG ING ARA-ARA SAMUN

Nabi Yohanes nuli mangsuli nganggo ayat saka Kitabé Nabi Yésaya:

“Aku iki swara sing ngumandhang ana ing ara-ara samun:

Dalan sing kagem Gusti padha ratanen!

(Yokanan 1:23)

Wis suwe banget ora ana nabi ing satengahing bangsa Israel. Pakaryane Nabi Yohanes ndadekne geger sabangsa kang lagi ngarep-arep rawuhe Sang Kristus. Nanging Yohanes dhewe jujur ngakoni menawa panjenengane dudu Sang Kristus, utawa Nabi Elia sing nitis, utawa Sang Nabi. Adhedhasar pameca ing Kitab Yesaya Nabi Yohanes nyebut dheweke iku mung swara sing ngumandhang ana ing ara-ara samun, lan martakne, “Dalan sing kagem Gusti padha ratanen!”

Lumrahe owah-owahan gedhe satengahing bangsa lan donya iku kawitane saka kraton, saka kutha gedhe, utawa saka para raja lan sing padha ngasta pangwasa lan kalungguhan. Nanging Nabi Yohanes malah miwiti pakaryane ing ara-ara samun, lan malah wong akeh sing padha sowan marang panjenengane, ngakoni dosane, lan nyuwun kabaptis. Nabi Yohanes sing kawitan nggunakne baptis minangka pratandha pamratobat. Banyu ing bengawan Yarden dadi gegambaran pakaryan sihrahmate Gusti Allah kang ngresiki sakabehing dosa lan nyucekake uripe umat kang nglairake pamratobat. Kwasa lan panampane wong akeh ora ndadekne Nabi Yohanes lali. Yohanes ngrumangsani menawa anggone mbaptis mung nganggo banyu, lan sing badhe rawuh bakal mbaptis srana Roh. Anggone ngesorake dhiri ing ngarsane Gusti, pengakune, “Nguculi taline trumpahe wae aku ora patut”.

Yagene swara sing ngumandhang ing ara-ara samun bisa dadi viral, bisa kondhang, keprungu dening wong sabangsa, lan narik wong akeh padha mara, ngakoni dosa, lan nyuwun kabaptis dening Nabi Yohanes? Saiki akeh wong sing kepengin kondhang, kepengin dadi viral lan dadi berita sing dirembug wong akeh, nanging sanajan wis nggunakne cara mawerna-werna tetep ora bisa, malah digeguyu dening wong liya. Nabi Yohanes ngesorake dhiri, nanging malah kaluhurake ing ngarsane Gusti. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *