+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 16 Desember 2023 Minggu Adven II

Habakuk 3:13-19; Jabur 126; Mateus 21:28-32

KRUNGU, NAMPA, PRACAYA LAN NINDAKAKE

Sebab Nabi Yohanes Pembaptis rawuh lan nuduhaké dalan sing bener

marang kowé, éwasemono kowé padha ora precaya marang panjenengané. Nanging para wong durjana lan para pelacur padha precaya marang panjenengané. Déné kowé kabèh, ora banjur ngowahi pikiranmu

lan precaya marang panjenengané(Mateus 21:32)

Ing pasemone Gusti Yesus bab anak loro, lan dikongkon bapakne supaya nyambut gawe ing kebon anggur, pilihane mung antarane anak mbarep sing mangsuli ora gelem, nanging keduwung lan mangkat nyambut gawe, utawa adine sing mangsuli “Inggih Pak”, nanging ora mangkat. Padha-padha nampa dhawuhe wong tuwa, anak loro iku beda wangsulane, lan beda tumindake. Nindakne apa sing dadi kersane bapake pancen luwih becik tinimbang sing ing tembung mangsuli inggih, nanging ora tumindak. Nanging apa ora luwih becik maneh menawa anake loro iku mangsuli kanthi inggih, “sendika dhawuhe Bapak badhe ditindakake”, lan sawise iku budhal menyang tegalan lan nggarap pegaweyan sing didhawuhake.

Padha-padha krungu sabdane Gusti, wong bisa nampa lan pracaya, bisa uga sulaya lan ora pracaya. Wong ora bakal bisa pracaya menawa ora krungu lan nampa. Mokal menawa bisa nindakne dhawuh sabda pangandikane Gusti, kamangka babar pisan ora krungu, ora nampa, apa maneh pracaya. Tumindak sing netepi dhawuh sabdane Gusti iku dadi tandha, anggone wong wis sinau, ngerti, pracaya lan ngestokake sabda pangandikane Gusti. Wohe mesthi becik, mbabarake karahayon, katresnan, lan nyantosakne urip sing ngabekti marang Gusti.

Prakara sing kita adhepi saiki akeh sing wis rumangsa ngerti, ora mung krungu nanging wis katam anggone sinau, bisa ngajari wong liya bab sabda pangandikane Gusti, malah kerep uga ngakimi sing diwawas luput lan beda panemune, kamangka wong iku ora nindakne apa sing dadi sabdane Gusti. Tinimbang wong sing keminter lan kemlinthi kaya ngono iku, luwih becik sing disebut para wong durjana lan pelacur, nanging malah pracaya lan nindakne apa kang dadi sabdane Gusti. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ