+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 15 Desember 2023 Minggu Adven II

Habakuk 3:2-6; Jabur 126; Filipi 3:12-16

NGUDI BISANE OLEH GANJARAN

Aku ora kandha lan rumangsa wis menang utawa wis dadi sampurna.

Nanging aku tansah ngudi bisané olèh ganjaran sing wis dicawisaké

déning Sang Kristus srana nimbali aku dadi kagungané

(Filipi 3:12)

Saben wong nampa ganjaran saka tumindak lan uripe dhewe-dhewe. Sapa sing nandur iya bakale ngundhuh. Sing nyambut gawe oleh upah. Gusti ora sare, Gusti pirsa sapa abdine sing makarya tumemen bakal kaganjar kaluberan berkah lan sihrahmat. Nanging sapa kang nyebar memala iya bakal ngundhuh piala lan paukuman. Ora ana sing luput saka ganjarane Gusti, iya ganjaran berkah, mangkono uga ganjaran paukuman.

Kita nampa piwulang supaya nyambut gawe tanpa pamrih. Nanging ing kanyatan padinan nyambut gawe sing tanpa pamrih iku ngapusi. Wong sing luwih kwasa kerep ngrebut ganjaran sing kudune dadi hak saka wong sing nyambut gawe. Wong tulus ning bodho gampang wae diapusi, supaya kerja bakti lan ora oleh imbalan saka anggone melu nyambut  gawe. Ing taun ngarep bakal ana pemilihan umum. Apa tim sukses lan pendukung calon gelem nyambut gawe tenanan menawa ora ana ganjarane? Para relawan sing ora dibayar uga nampa ganjaran, yaiku nalika calon sing didukung menang, apa sing dadi pepenginan lan aspirasine bisa disalurake. Iku kang dadi ganjarane. 

Rasul Paulus uga ngudi bisane oleh ganjaran sing wis dicawisake dening Gusti. Rasul Paulus duwe pamrih, yaiku bisaa nampa urip anyar, sing dicadhangake lantaran Sang Kristus Yesus. Ganjaran iku ora awujud kalungguhan ing mahkamah agama Yahudi, utawa dadi guru toret, utawa pangarsane bangsa. Ganjaran sing ditampa Rasul Paulus ora liya urip sing bebungah, ing pamuji, panuwun lan sokur, awit bisa nunggil karo Gusti, lan netepi apa sing dadi dhawuh timbalane Gusti.  Panduman sing ditampa ing patunggilan karo Gusti iku linuwih tinimbang sakabehe sing bisa dijanjekake dening liyane. Malah kanggone Rasul Paulus, urip iku Sang Kristus. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ