+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 14 Desember 2023 Minggu Adven II

Habakuk 2:1-5; Jabur 126; Filipi 3:7-11

MILIH MUNG SIJI PRAKARA

Mung saprekara sing dakudi, yakuwi kepriye bisaku wanuh karo Sang Kristus lan ngrasakake pangwasane wungune saka ing seda, sarta ndherek

ngalami sangsara lan sedane

(Filipi 3:10)

Maca paseksene Rasul Paulus marang pasamuwan ing kutha Filipi iki, kula dadi eling marang Pdt. Probowinoto. Wiwit katahbisake dadi pandhita kanggo pasamuwan Jawa ing kutha Jakarta kang dadi cikal bakale GKJ Jakarta, Pdt. Probowinoto wis dadi wakile wong Kristen anggone adhep-adhepan karo pamarentah Jepang. Kiprahe lanjut ing Panitia Persiapan Kemerdekaan Indonesia kang rerembugan nyiapke dhasar negara, lan UUD 1945. Nalika perang kamardhikan lan Landa karo Sekutu nguwasani Jakarta, Pdt. Probowinoto melu ngungsi ing Ngayogyakarta. Miwiti maneh mulang para calon pandhita ing Duta Wacana. Ngadegake pakumpulan greja sing ndukung kamardhikan Indonesia, ing tahun 1950 dadi Dewan Gereja Indonesia. Akeh uga yayasan sosial, penerbitan, sekolah-sekolah, lan lembaga pelayanan masyarakat sing diadegake dening Pdt. Probowinoto, klebu Universitas Kristen Satya Wacana ing Salatiga. Dadi tokoh greja lan makarya satengahing bangsa dudu dadi cita-citane Pdt. Probowinoto. Iku kabeh katindakake, amarga ngudi timbalan leladi, urip sing katur konjuk marang Gusti.

Rasul Paulus bisa milih cara urip liya, nanging sawise katimbalan dening Gusti, sanajan ndherek ngalami sangsara sing gedhe urip lan matine Rasul Paulus mung katur konjuk marang Gusti. Ngudi urip leladi marang Gusti iku dalane angel lan rumpil. Akeh kahanan sing bisa wae nibakne ing panggodha, rumangsa bisa nampa kaurmatan lan kwasa minangka abdine Gusti. Durung maneh panggodha ing bandha lan fasilitas, utawa kalungguhan amarga akeh wong sing manut nurut lan precaya.

Saiki akeh para politisi sing obral janji kamangka durung duwe bukti. Sejarah bakale nyathet lan ngajeni, sapa sing pancen sedya leladi, minangka abdi, lan sapa sing mung golek kalungguhan lan kwasa, mengko malah mung mblenjani janji. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ