+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 13 Desember 2023 Minggu Adven II

Maleakhi 2:10-3:1; Jabur 27; Lukas 1:5-17

GUSTI WUS PRAJANJI PARING SIH PALIMIRMA

Nanging malaékat mau banjur ngandika: “Aja wedi, Zakharia!

Gusti Allah wis miyarsakaké pandongamu. Élisabèt, somahmu,

bakal mbabar anak lanang. Bocah kuwi jenengna Yohanes

(Lukas 1:13)

Ing dusun, jeneng bayi kang lair iku lumrahe lagi diwartakne nalika sepasaran bayi. Wong tuwa duwe wektu 5 dina sadurunge jeneng anake ditetepke, srana kondangan sepasaran. Mesti ana uga sing nalika bayi isih ana njero weteng wis ngrancang jeneng. Apamaneh saiki liwat USG wis bisa ngerti dhisik, bayine lair lanang utawa wadon. Jeneng bayi iku nggawa pandonga lan pengarep-arep, bakal dadi apa bayi sing lair iku mbesuke.

Brayate Imam Zakharia lan Ibu Elisabeth iku uga wis nggawa pawarta. Tegese jeneng Zakharia: Elinga lan dadekna pengetan, Elisabeth: Gusti Allahku sampun paring sabda-pangandika. Lan bayi kang dijenengke Yohanes tegese: Gusti Allah paring sih-palimirma.  Dadi, jenenge sabrayat Zakharia iku martakake kabar kabungahan: Supaya umat padha eling lan ndadekne pangenget, menawa Gusti Allah sampung paring sabda-pangandika, maringi sih-palimirma marang manungsa.

Jeneng kula: Yahya Tirta Prewita, Yahya iku basa Arab kanggo Yohanes, Tirta utawa banyu ngelingake bab Yohanes Pembaptis, lan Prewita iku tegese muride pandhita. Puji sokur marang Gusti, tiyang sepuh sampun paring jeneng kang pandonga pamuji lan panyuwunane bisa kaleksanan.  Tahun 2023 iki kula bisa makarya leladi minangka pandhita pasamuwan ing GKJ Purwantoro ngancik 31 taun. Kita kabeh uga nggawa jeneng saka wong tuwa kita. Ing sekolah, bocah-bocah sing laire taun 2000-an akeh sing dijenengke nganggo jeneng saka basa Arab. Ana uga mode njenengke anak kaya artis sinetron, bintang film, lan pemain bal-balan sing disenengi dening wongtuwane. Eman menawa jeneng mung melu-melu lan ora ana tegese. Ing mangsa adven iki kita kaelingake marang lelampahane brayat imam Zakharia sing cekak aos lan gamblang martakne, pakaryan sihrahmate Gusti kang kababar. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ