+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 12 Desember 2023 Minggu Adven II

Yesaya 4:2-6; Jabur 27; Lelakone Para Rasul 11:1-18

TINARBUKA MARANG BANGSA LIYA

Bareng krungu critané Rasul Pétrus sing mengkono mau,

wong-wong ora padha nyalahaké Rasul Pétrus menèh, malah banjur

padha memuji marang Gusti Allah, karo muni: “Yèn mengkono Gusti Allah uga wis maringi wewengan marang wong-wong liya bangsa, sing padha nganut agama kapir, supaya padha mratobat, temahan padha urip

(L. Para Rasul 11:18)

Wiwit jaman kuno, bangsa siji wis ketemu lan urip bebarengan karo bangsa liya. Ora ana sing bisa mestekne menawa dheweke iku turunan sing murni lan blas ora kecampuran saka suku bangsa liyane. Apamaneh nalika anggone mriksa iku nggunakne DNA (deoxyribonucleic acid, jenis asam nukleat sing nurunke lan mariske sipate manungsa), jebul antarane wong Londo sing kulite putih irunge bangir lan rambute pirang karo wong negro, utawa wong Asia hasile DNA padha wae, beda lan variasine sithik banget.

Rasul Petrus lan pasamuwan kawitan iku mulabukane saka bangsa Yahudi. Nalika Injil kawartakake marang bangsa-bangsa liya, adat tradisi Yahudi sing ora ngolehake mlebu ing omahe bangsa liya, lan ora gelem amor mangan bareng karo wong saka bangsa liya dadi alangan. Omahe Kornelius, perwira prajurit Romawi ing Kaesaria miwiti owah-owahan anyar, anggone pasamuwan Kristen iku kadhawuhan supaya uripe tinarbuka kanggo bangsa-bangsa liya. Prekara najis lan haram, umate Gusti lan bangsa kapir wis dudu pranatan sing ngalang-alangi anggone bisa amor bareng bangsa liya. Kaping telu Rasul Petrus nampa tetingalan kang nyantosakne anggone kendel lan manteb mlebu ing omahe Kornelius.

Wanci iki bangsa Indonesia ngadhepi golongan-golongan sing tetep wae nggunakne politik identitas. Agama ditunggangi dening politik identitas ora kanggo mbangun patunggilan bangsa, nanging malah kanggo mecah lan gawe kisruh. Kamangka sanajan beda suku lan bangsa iku uga padha-padha manungsa, mangkono uga sanajan beda agama siji lan sijine iku kabeh manungsa, lan Gusti Allah ngersakne kaslametan lan tentrem rahayu kanggo kabeh manungsa. Agama sing ora tinarbuka kanggo rembugan lan nampa agama liya iku butuh mratobat supaya ora koncatan sihrahmate Gusti Allah. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ