Yesaya 26:7-15; Jabur 27; Lelakone Para Rasul 2:37-42
KAWIWITAN SAKA ATI KANG TRENYUH
“Bareng wong akèh krungu ketrangan sing mengkono mau,
atiné trenyuh banget. Nuli padha matur marang Rasul Pétrus
lan para rasul liyané: “Para sedhèrèk, menawi mekaten
menapa ingkang kedah kula lampahi?”
(L. Para Rasul 2:37)
Ing acara TV ana acara sing kok tetep wae ana, iya iku dodolan rasa trenyuh lan welas marang wong sing mlarat lan rekasa. Digawe tayangan kepiye uripe padinan sing mlarat, kahanan omahe sing bobrok, ditambah wawancara sing dijarag supaya gawe trenyuh sapa wae sing nonton. Bar iku diwenehi bantuan, bisa dhuwit, bisa barang, malah uga digawekne omah. Rasa trenyuh bisa diolah dadi tontonan TV.
Mangkono uga ana yayasan sosial sing biyen saben ana bencana mesti gawe iklan gedhe-gedhe, iya ing koran, majalah, TV, lan ing media sosial kaya facebook lan youtube. Isine nyritakne kahanan para korban bencana sing melas, butuh pambiyantu, lan kepiye yayasan sosial iku nyalurke bantuan donatur kanggo mitulungi para korban sing mbutuhake bantuan. Ora lali iklan donasi bencana iku ditambahi ayat-ayat saka kitab suci, supaya sing nyumbang sangsaya manteb menawa iku sedekah akherat, lan dadi sangu berkah ing swarga. Eh, tahun kepungkur yayasan iki malah konangan nyolong dhuwit bantuan sing kudune disalurke, malah nyasar ing kelompok teroris, kanggo ngragadi demo-demo, lan dana paling akeh kanggo bancakan para penguruse.
Pawarta Injil Gusti Yesus iku uga ndadekne rasa trenyuh marah para wong sing nampa pawarta iku. Yagene Gusti Yesus Kristus nglampahi sangsara lan seda sinalib minangka kurban kanggo nebus dosane manungsa. Yagene Gusti Yesus sing ora dosa lan ora duwe kaluputan malah kasedanan ing salib. Nanging beda karo contho tayangan ing TV utawa yayasan sosial sing ngapusi, rasa trenyuh sing bener iku nggawa pamratobat. Panelangsane malah marang awake dhewe sing tumindak cidra lan dosa. Iki rasa trenyuh sing nggawa sihrahmat. |*YTP