Yesaya 40:1-11; Jabur 85:1-2, 8-13; II Petrus 3:8-15a; Markus 1:1-8
SIKEP MINANGKA UTUSANE GUSTI
“Nabi Yohanes ngandika marang wong akèh mau mengkéné:
Sapungkurku bakal ana Wong teka, sing kwasané ngluwihi aku.
Nguculi taliné sepatu waé aku ora pantes”
(Markus 1:7)
Kula nate anyel ning uga kepengin ngguyu kepingkel-pingkel nalika ngrungokne khotbah salah siji pandhita, nyritakne nalika numpak bus lan ora oleh kursi kanggo lungguh amarga bus wis kebak. Pandhita iku nyritakne pangudarasane nalika diesuk-esuk ana njero bus, “Apa ora ngerti yen aku iki hamba Tuhan?” Ana paradoks (kosok walik) ing tembung lan cara mikire, nyebut awake dhewe hamba Tuhan, tegese abdi, nanging njaluk diajeni mirunggan kaya-kaya bendara utawa priyayi sing ora patut menawa ngadeg suk-sukan ana bis.
Nabi Yohanes paring tuladha sikep sing ngesorake dhiri minangka utusane Gusti. Sanajan wiwit bayi wis kapenuhan ing Roh Suci, lan sabangsa padha ngajeni piyambake minangka Nabi-ne Gusti. Nanging ing ngarsane Gusti Yesus, Nabi Yohanes ngesorake dhiri sak asor-asore. Ora mung ngendika menawa Sing Rawuh iku kwasane ngluwihi dheweke, nanging uga nggambarake menawa nguculi taline sepatu wae Nabi Yohanes nganggep dheweke ora pantes.
Kejaba kwasa ing politik, kwasa ing ekonomi, kwasa ing urip sosial masyarakat, ing agama ana uga kwasa. Nanging kwasa sing ana ing agama iku asale ora liya peparing lan sihrahmate Gusti. Ora bisa kanggo ngegungake dhiri, malah wohe sing sejati ora liya kejaba sikep sing andhap asor, lembah manah, ngesorake dhiri amarga ngrumangsani menawa dheweke iku saderma abdi, sing kudu leladi. Dudu bendara, juragan, utawa priyayi agung sing kalungguhane luhur, suci lan mulya.
Sandhangane Yohanes dudu jubah alus apa maneh jas, nanging wulu onta. Sikepe andhap asor. Awit Gusti Allah mbuyaraké wong sing padha angkuh. Gusti Allah nglorod para pangwasa saka ing kalungguhané, lan wong sing asor diluhuraké (Luk.1:51-62). |*YTP