+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 9 Desember 2023 Minggu Adven I

Yehezkiel 36:24-28; Jabur 85:1-2, 8-13; Markus 11:27-33

KWASA LAN KAWENANGAN KANGGO TUMINDAK

Wong-wong mau padha matur marang Gusti Yésus:

“Panjenengan nindakaken prekawis-prekawis menika adhedhasar

 pangwaos menapa? Sinten ingkang nyukani wewenang

dhateng Panjenengan nindakaken menika sedaya?”

(Markus 11:27-33)

Sumbere kwasa ing donya iku mawerna-werna. Bandha, dana, kalungguhan, lan pangkat iku nduweni kwasa. Nanging akeh sing ora bisa dituku dening dhuwit, ora bisa diijoli bandha, ora bisa ditelukake dening kalungguhan utawa pangkat. Gusti Yesus anggone memulang kanthi kwasa kang gedhe, wong-wong padha eram, wong lara mari, sing kerasukan dhemit waras, malah wong mati uga tangi lan urip maneh. Saka ngendi kwasa lan kawenangane Gusti Yesus bisa nindakne sakabehing pakaryan mukjijat lan memulang?

Gusti Yesus ora duwe bandha, dana, kalungguhan utawa pangkat. Anggone memulang lan martakake Injil Kratone Allah kang rawuh iku amarga panuntune Sang Roh Suci. Baptisane Yohanes Pembaptis dadi tenger anggone miwite pakaryane ing satengahing bangsa. Gusti Yesus beda karo para guru toret, wong Farisi lan para imam lan pinituwa. Wong-wong iku  lulusan saka sekolah rabi ing Yerusalem, lan kajen kinurmatan ing satengahing bangsa amarga ngasta kalungguhan. Yagene Putrane Manungsa sing ora duwe susuh kanggo manggon, lan ora nduweni papan kanggo ngaso bisa duwe kwasa lan kawenangan sing gedhe kaya mangkono?

Taun 2024 iki bangsa Indonesia bakal milih para wakil rakyat ing DPR, DPRD Propinsi, lan DPRD II. Bebarengan karo iku uga milih pasangan presiden lan wakil. Beda karo Gusti Yesus kwasa lan kawenangane iku asale saka Gusti Allah. Kalungguhan dadi anggota dewan perwakilan rakyat utawa pasangan presiden lan wakil iku cetha hasil pemilihan umum. Menawa Gusti Yesus makarya leladi kagem Gusti, DPR lan pasangan presiden lan wakil iku abdine rakyat, amarga dipilih dening rakyat, iya kudu tanggungjawab lan leladi kanggo kapentingan rakyat lan bangsa. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ