Yeremia 1:4-10; Jabur 85:1-2, 8-13; L. Para Rasul 11:19-26
KAWITANE DISEBUT WONG KRISTEN
“Bareng wis ketemu, Saulus nuli diajak menyang kutha Antiokia.
Barnabas lan Saulus ana ing pasamuwan kono mulang wong akèh
nganti setaun lawasé. Ya ana ing Antiokia kono
para muridé Gusti Yésus wiwit disebut wong Kristen”
(L. Para Rasul 11:19-26)
Ing ilmu fisika ana hukum kelembaman Newton: Energi sing dibutuhake kanggo ngobahke barang sing mandeg supaya bisa obah iku luwih gedhe tinimbang energi sing dibutuhke kanggo njaga supaya barang sing wis mlaku tetep mlaku. Miwiti supaya sing sadurunge ora ana bisa dadi ana iku mbutuhke energi sing luwih. Pancen bener, sing wiwitan iku luwih abot lan rekasa tinimbang sing nglanjutake. Lelakone Para Rasul nyaritakne kahanan sing angel nalikane pasamuwan kawiwitan lan kabangun. Lan ing Anthiokia iku, patunggilan pasamuwan sing pracaya marang Gusti Yesus wiwit disebut minangka wong Kristen.
Abad 21 iki agama Kristen dadi agama gedhe ing donya. Saka 7,8 milyar manungsa sadonya ing data tahun 2020, cacahe wong Kristen ana 31%, Islam 25%, Hindhu 15%, Buddha 6%. Sejarah adege pasamuwan Kristen saka kawitan kebak panganiaya, panguya-uya lan panindhes, malah kunjara lan pati. Nanging iku kabeh ora bisa ngalangi sumebare pawarta Injil Gusti Yesus lan Kratone Allah kang rawuh. Nalika wis dadi agama gedhe ing donya, aja lali menawa ing kawitan biyen pasamuwan Kristen iku mung pepanthan sing cilik lan ringkih ing antarane bangsa Yahudi lan bangsa-bangsa liyane.
Kristen dadi agama gedhe amarga didadekne agama negara dening Kaisar Constantine ing abad IV. Sejarah kawitane pasamuwan memulang kita, supaya ora ngarah marang akehe wong sing dadi umat Kristen. Sing luwih dadi berkah kanggo donya iku dudu akehe wong Kristen, nanging wujud paseksesn anggone makarya leladi, amarga iman lan pengarep-arep ing Gusti Yesus. Akehe umat malah bisa dadi bebaya, dadi gaman politisi golek swara supaya bisa oleh kalungguhan lan kwasa nalika pemilu, kamangka dudu iku kersane Gusti. |*YTP