+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 7 Desember 2023 Minggu Adven I

Hosea 6:1-6; Jabur 85:1-2, 8-13; I Tesalonika 1:2-10

TANSAH NGELINGI ING PANDONGA

Aku tansah padha saos sukur marang Gusti Allah

merga kowé kabèh, sarta kowé tansah padha dakélingi

ana ing pandongaku”.

(I Tesalonika 1:2)

Ndedonga kanggo wong liya iku tandha nggatekne lan ora nglalekne.  Lan luwih saka ngelingi, ndongakne wong liya iku wujud sesambungan sing rumaket lan katresnan sing naleni. Ora bakal ana pandonga sing elek. Ndedonga tansah mujekake apa sing becik. Nyuwunake berkahe Gusti supaya ngreksa lan ngayomi kita.

Rasul Paulus dadi tuladha, anggone nggatekne marang pasamuwan kayadene wongtuwa marang anak-anake. Siji lan sijine saben-saben tansah didongakne. Surat-surat sing ditulis dening Rasul Paulus lan kakirim marang pasamuwan-pasamuwan iku dadi layang katresnan sing dienteni, ditampa kanthi bungah, disuraos bebarengan ing pasamuwan. Ing jamane Rasul Paulus durung ana handphone, chat liwat whatsapp, utawa email. Nanging sakabehe alangan iku ora dadi alesan anggone Rasul Paulus tansah nulis surat, ngatag lan memulang pasamuwan, lan ora lali ndongakne pasamuwan ing ngarsane Gusti.

Saben wong seneng menawa dielingi dening wong liya, apa maneh dening wong sing pinunjul lan dadi pangarsa ing urip bebarengan. Urip bebarengan ing pasamuwan luwih-luwih maneh, amarga siji lan sijine nunggil ing pasamuwan dadi sedulur ing brayate Gusti.  Sikep sing nggatekne lan ngutamakne wong liya iku asil saka anggone sujud ing pandonga, ndongakne wong liya ing ngarsane Gusti. Latihan dhasar leladi ing pasamuwan iku diwiwiti anggone ndongakne wong liya, nyuwunake berkah ing urip bebarengan sakpasamuwan, ing urip bebarengan satengahing masyarakat, lan ing ing urip bebarengan sabangsa.

Saiki jaman media sosial. Tinimbang dadi buzzer sing mung waton sulaya, njeplak lan ora njaga atine wong liya luwih becik kita eling lan sadhar, sowan mareg ing ngarsane Gusti srana pandonga, mugi Gusti melasi bangsa kita. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ