+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 6 Desember 2023 Minggu Adven I

Mikha 5:1-5a; Jabur 79; Lukas 21:34-38

SIYAGA LAN NDEDONGA

Padha siyagaa, lan tansah ndedongaa, supaya kowé diparingi kekuwatan

bisa ngalami sing bakal kelakon mau kabèh kanthi slamet, sarta bisa

 sowan ing ngarsané Putrané Manungsa.

(Lukas 21:36)

Nalika nonton pertandingan olahraga, kerep banget atlet sing menang sujud ing lapangan ngaturake panuwun lan sokur ing pandonga. Iya pemain bal nalika bisa nglebokne gol, iya pelari sing menang dhisik dhewe teka ing garis finish. Bisa uga pemain badminton nalika menangke pertandingan. Iku jenenge selebrasi. Ana pengaken, anggone menang iku amarga berkah lan kabegjan saka Gusti, ora mung amarga anggone sregep latihan, lan mempeng nyepakne awake sadurunge maju pertandingan. 

Wong sing ndedonga iku sadhar, ing urip iki Gusti Allah kwasa mranata lan ngreksa samubarang kabeh, kanggo karahayon kita. Mula kejaba nyambut gawe mempeng lan tumemen, uga kinanthenan pasrah sumarah, kanthi sujud ngaturake uripe ing ngarsane Gusti kang Mahakwasa. Gusti Yesus memulang supaya pada siyaga lan tansah ndedonga. Kahanan ing jaman akhir iki akeh bebaya sing bisa njiret wong sing lena.

Gusti Yesus uga paring tuladha marang para murid. Saben esuk umun-umun nalika isih peteng, wungu lan mrelokne wektu kanggo ndedonga. Mangkono uga ana wanci bengi, munggah ing gunung lan ndedonga ing kono (ayat.37). Sanajan Gusti Yesus tansah dikupengi wong akeh saka esuk nganti bengi, lan repot ngladeni sing padha ngenteni piwulang lan nyuwun tulung, nanging Gusti Yesus paring tuladha anggone ngelengake wektu kanggo sowan ing ngarsane Gusti lan sujud ndedonga.

Siyaga lan ndedonga iku urip sing katur konjuk ing ngarsane Gusti. Ora mung tata lair saben-saben sembahyang, apa maneh anggone sembahyang dipamer-pamerke marang wong liya. Ndedonga iku ora prelu dadi selebrasi, wong awake dhewe iku iya dudu celebriti, dudu artis, dudu atlet utawa pemain olahraga sing kondhang lan disiarke ing berita. Mangga siyaga lan ndedonga. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ