+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 5 Desember 2023 Minggu Adven I

Mikha 4:6-13; Jabur 79; Wahyu 18:1-10

KUTHA GEDHE BABEL RUBUH

Malaékat mau nguwuh-uwuh kanthi seru: “Wis rubuh! Babil,

kutha gedhé kuwi wis rubuh. Saiki wis dienggoni roh-roh reged

lan dadi papan pandhelikané para roh najis sarta sarupaning

manuk sing najis lan disengiti déning wong”.

(Wahyu 18:2)

Tahun 2022 kepungkur, nalika masa jabatan gubernur DKI wis arep rampung, akeh berita bab podium sirkuit formula E sing ambruk, pagar pembatas JIS (Jakarta International Stadium) sing ambruk, lan uga halte bus transjakarta ambruk nalika didandani. Ilat pancen ora duwe balung. Nata tetembungan iku luwih gampang ketimbang mujudake janji-janji sing diumbar nalika kampanye. Menawa prekara-prekara sepele wae ora bisa beres, yagene bisa diwenehi tanggungjawab ing prekara sing luwih gedhe?

Ing Timur Tengah kuno, kutha Babel iku misuwur minangka kutha gedhe sing kaelokane ngedab-edabi. Angel golek tandhingane ing antarane kutha-kutha lan bangsa-bangsa liya. Nanging ing wahyu marang Rasul Yohanes wacan kitab suci dina iki, malaekate Gusti ngandikakake bab rubuhe kutha Babel. Wis ilang ora ana bekase blas gagah lan kamulyane sing biyen nate ana nalika kukus lan geni ngobong kutha iku. Saiki mung ana reruntuhan. Sing manggon ing kono mung roh-roh reged lan najis.

Tahun-tahun iki bangsa-bangsa donya uga ngadhepi owah-owahan gedhe. Pandemi covid19 lan kasusul perang Rusia lan Ukrania nyeret kahanan larang pangan lan larang energi marang sadonya. Durung maneh negara adidaya China lan Amerika sing rumangsa jumawa amarga angkatan perang lan kwasane, ora gelem ngalah lan ngudi karukunan ing urip bebarengan karo bangsa-bangsa liyane sadonya. Donya kerep gumun dipameri bandha sing akeh, sugih, lan kwasa sing rosa lan santosa. Nanging ing ngarsane Gusti, iku mung kayadene Babel sing sajrone sakjam wae bisa runtuh katumpes. Mapag rawuhe Gusti kang kaping pindho, apa sing bisa kita andelake kejaba sihpiwelas lan pakaryan sihrahmate Gusti kang paring karahayon?  |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ