II Samuel 6:12-19; Jabur 89:1-4, 19-26; Ibrani 1:5-14
MALAEKAT IKU NGLADOSI GUSTI ALLAH
“Yèn mengkono para malaékat kuwi sapa ta? Para malaékat kuwi
rak roh-roh sing padha ngladosi Gusti Allah lan sing diutus ngladosi
wong-wong sing bakal padha tampa keslametan”
(Ibrani 1:14)
Salah sawijining hiasan Natal iku arupa malaikat. Malaikat iku ora lanang utawa wadon. Ing drama-drama natal biasane bocah wadon, nganggo sandhangan jubah putih lan duwe swiwi kanggo mabur. Kitab Suci nyaritakne malaikat iku abdine Gusti, roh-roh sing padha ngladosi Gusti, lan sing diutus ngladosi wong-wong sing bakal padha tampa keslametan. Malaikat kautus njaga para kagungane Gusti supaya ora kena ing cilaka. Malaikat uga diutus kanggo martakne sabda pangandikane Gusti marang manungsa. Lan malaikat uga kasebut minangka bala swarga kang tansah ngidungake pamuji tanpa kendhat, ngluhurake Asmane Gusti.
Minangka roh, malaikat iku ora kasad mripat. Nanging roh iku kayadene angin. Sanajan ora katon, kita bisa ngrasakne angin amarga hawane dadi silir, lan ambegan dadi seger. Ing paprangan rohani nglawan kajuligane Iblis sing nggeret manungsa marang karusakan lan pepati, malaikat ngrewangi umate Gusti supaya santosa lan unggul.
Ing keyakinan liya ana pangandel bab jin lan roh-roh alus liyane. Jarene jin sing becik iku bisa ngawula marang manungsa, lan bisa dikongkon-kongkon dening bendarane. Ana seri iklan sing lucu, jin nganggo sandhangan beskap metu saka kendhi lan mlengeh nawani wong sing nemokne, “Kuberi satu permintaan!” Nanging saben-saben wangsulane jin mujudake penjaluke manungsa iku malah dadi geguyon.
Nalika ana wong sing nulungi kita, kita uga kerep ngarani wong iku dadi malaekat, utusane Gusti kanggo ngrewangi kita. Nalika seneng tetulung manungsa uga bisa disebut kaya malaekat kanggo pepadhane, nanging kosokbalene nalika malah nyilakani wong liya manungsa uga bisa diarani dadi iblis kanggo pepadhane. Mangga ing natal iki kita bisa dadi malaekat, abdine Gusti sing diutus leladi marang sesami. |*YTP
