+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 23 Desember 2023 Minggu Adven III

Para Hakim 13:2-24; Jabur 89:1-4, 19-26; Yokanan 7:40-52

NITIPRIKSA SADURUNGE NETEPAKE BENER UTAWA LUPUT

Manut prenataning agami, kita mboten kénging ngukum tiyang,

sadèrèngipun prekawisipun dipun priksa,

lan menawi kita dèrèng sumerep

menapa ingkang katindakaken.

(Yokanan 7:51)

Ing urip bebarengan ana tatacara sing bisa kanggo ngrampungi prakara antarane wong siji karo sijine. Lumrahe pranatan hukum sing kanggo ener nalika mutusi prekara sing kelakon. Saiki kejaba pranatan hukum, ana kawicaksanan sing jenenge program keadilan restoratif.  Menawa sing salah wis ngakoni kaluputane lan njaluk pangapura marang korban, lan korban uga bisa nampa lan menehi pangapura,  pelakune bisa bebas sanajan miturut hukum tumindake iku bisa diganjar paukuman lan pakunjaran.

Saben agama mulangake urip ing pamratobat, ngesorake dhiri ngakone dosa lan kaluputane. Iku dadi dalane sihrahmate Gusti sing paring pangapura kababar. Nanging ing wacan dina iki, malah para pengareping imam lan wong Farisi padha kepengin ngukum Gusti Yesus, jalarane ora seneng amarga Gusti Yesus memulang kanthi kasekten lan pangwasa. Agama pancen kerep gawe sentimen, lan sentimen sing diuripi ndadekne wong fanatik. Sentimen iku ora adhedhasar nalar, nanging mung rasa seneng utawa ora seneng. Lan sikep fanatik saka tembung fanum (basa Latin, tegese suci) ndadekne nalar lan akal sehat wis dibuwang adoh. Sapa wae sing didakwa nista agama lan sawiyah-wiyah marang Asmane Gusti kudu diukum pati. Wis ora prelu nitipriksa prekarane maneh. Kahanan iki ndadekne golongan minoritas agama dadi korban mung amarga golongan mayoritas ora rena. Swasana Natal iki wektu sing becik kanggo kita nyuraos lan nitipriksa, yagene ing tahun 2023 iki isih ana-ana wae prekara dredah lan pasulayan amarga sentimen lan fanatik marang agamane dhewe. Lha Gusti Allah lan agama kok ndadak dibelani iku rak tumindak bodho lan konyol. Ayo tansah nitipriksa supaya agama ora ditunggangi kanggo kapentingan politik. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ