+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 24 Desember 2023 Natal Dalu

Yesaya 62:6-12; Jabur 97; Titus 3:4-7; Lukas 2:(1-7), 8-20

PANGATAG MALAEKAT MARANG IBU MARYAM

Malaékat mau nemoni Maryam lan ngandika: “Begja kowé

sing dikasihi déning Pangéran! Pangéran nganthi marang kowé!”

(Lukas 1:28)

Ngandhut kamangka durung duwe bojo klebu prakara pastoral sing angel. Lan Ibu Maryam nglakoni kahanan iku ing satengahing masyarakat Yahudi, sing adhedhasar Toret-e Musa bisa wae ngukum pati marang wong sing kabukti tumindak jina. Ing urip bebarengan, nyaruwe lan netepake kaluputane wong liya iku luwih gampang tinimbang ngudi apa kang dadi kersane Gusti ing kaapesan sing kita adhepi. Sokur dene Gusti Allah kersa ngutus malaekate paring pangandika lan nyantosakne Ibu Maryam.

Malaekat sing diutus nemoni Ibu Maryam ngendika, menawa Maryam begja lan dikasihi dening Allah. Aja wedi, amarga anggone ngandhut iku awit pakaryane Sang Roh Suci. Ibu Maryam nampani kahanane minangka dhawuh timbalan lan kersane Gusti kang kudu diestokake. Ature, “Kawula menika abdinipun Pangeran. Sumangga kelampahan tumraping kawula kados ingkang dados sabda pangandikane Gusti”.

Kabegjan lan pangayomane Gusti Allah kayadene sing dingendikakne dening malaekate Gusti iku ngatag Ibu Maryam. Saknalika kahanane dadi padhang, anggone nglakoni bisa kanthi seneng lan kepenak. Pitakon-pitakon sing mrenthul ing pengangen-angene wis nemokne wangsulan sing waton. Sakabehe sing dilakoni dening Ibu Maryam iku ana ing kwasane Gusti kang nganthi lan ngayomi.

Nalika ana warga sing wis ngandhut, kamangka durung omah-omah, lumrahe dadi gegeran. Panyaruwe katujokake marang sing nglakoni, uga ing kulawargane, lan uga dadi rerasanan ing satengahe pasamuwan lan masyarakat. Dina iki minggu adven pungkasan, sesuk kita wus mahargya dina riyadi natal. Salah siji kabungahan ing pahargyan natal iku kita temoni ing pangatage Malaekat marang Ibu Maryam. Ora nyaruwe apamaneh ngakimi, nanging ing kahanan sing tata donya kerep diarani apes lan cilaka, ana pakaryan sihrahmate Gusti Allah sing kababar. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ