+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 25 Desember 2023 Natal

Yesaya 52:7-10; Jabur 98; Ibrani 1:1-4, (5-12); Yokanan 1:1-14

SANG SABDA WUS MANJALMA DADI MANUNGSA

Sang Sabda wis dadi manungsa, manggon awor karo kita.

Kita wis padha ndeleng kamulyané Sang Manungsa mau. Iya kamulyan

kang kaparingaké marang Putraning Allah Sang Rama, Putra ontang-anting.

Kamulyané Sang Putra mau mengkéné: Lantaran Sang Putra mau

Gusti Allah  wis mratélakaké Sarirané piyambak lan katresnané

marang kita sakatogé (Yokanan 1:14)

Wiyose Gusti Yesus dadi dina pahargyan gedhe ing greja. Gusti Allah mbabarake katresnane marang manungsa, manjalma dadi manungsa, miyos minangka bayi kang dijenengi Yesus, kang bakal kasebut minangka Sang Kristus. Sadurunge, manungsa nampa rawuhe Gusti lantaran sabda pangandika sing diwartakne dening para nabi.

Nalika Gusti Yesus miyos wus ana kitab-kitab suci sing disucekake umat minangka sabda pangandikane Gusti Allah.  Kitab-kitabe nabi Musa, Mazmur, lan kitabe para nabi liyane dadi kumpulan sabda pangandikane Gusti kang kawulangake, disinaoni, lan diestokake ing uripe umat.  Rawuhe Gusti Yesus miwiti babak anyar anggone Gusti paring sabda pangandika marang manungsa.

Pawarta ing dina natal iki: Sang Sabda iku wus manjalma, dadi manungsa, lan manggon awor karo kita. Kita bisa ndeleng kamulyane Allah lan katresnane marang kita sakatoge ana ing gesang lan pakaryane Gusti Yesus. Bisa awor, ndeleng, lan ngrasakne patunggilan karo Gusti Yesus iku beda banget karo mung nampani pawartane para nabi. Ana crita bab Natanael (Yoh.1:45-50). Nalika mung nampa pawarta bab Gusti Yesus dheweke sulaya lan ora precaya. Nanging nalika wis ketemu langsung karo Gusti Yesus, Natanael langsung sujud sumungkem lan ngakoni menawa Gusti Yesus iku Putrane Allah lan Ratune Israel.

Ing tahun 2023 iki, donya nyekseni lan ndeleng Sang Sabda kang manjalma dadi manungsa iku ana ing uripe pasamuwan Kristen. Adege pasamuwan Kristen iku martakake Sang Sabda kang manjalma dadi manungsa. Sajagad bisa nyekseni kamulyan lan katresnane Gusti lantaran paseksen lan peladosan kang katindakake ing padinane.  Sumangga, pahargyan natal iki sangsaya ngatag pasamuwan, mujudake timbalan urip nunggil kaliyan Gusti Yesus. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ