+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 26 Desember 2023 Natal

I Samuel 1:19-28; Lukas 1:46b-55; Ibrani 8:1-13

GUSTI YESUS DADI PRAJANJIAN ANYAR

Sarèhné Panjenengané ngandika bab prejanjian anyar,

mulané srana mengkono Gusti Allah mratélakaké yèn prejanjian

sing sepisanan kuwi wis ora kanggo lan ora ana paédahé. Lan apa waé

sing wis ora kanggo lan ora ana paédahé, bakal énggal sirna

(Ibrani 8:13)

Tanggalan sing paling akeh digunakake ing donya saiki kuwi tanggalan Masehi. Tembung Masehi basa Arab saka tembung Al Maseh, Messiah (basa Ibrani), utawa Kristus (basa Yunani). Tahun wiyose Gusti Yesus digunakne kanggo miwiti tanggalan Masehi. Ing tanggalan sing kita gunakne padinan, kejaba tahun Masehi lumrahe uga ana petungan tahun Hijriah lan Tahun Saka. Saiki wis ngancik 2023 tahun Masehi, 1444 Hijriah, lan 1956 Saka. Minggu ngarep kita wis ganti tahun Masehi 2024. Ing sejarah, wiyose Gusti Yesus nyata nggawa owah-owahan gedhe kanggone kahanan donya saiki.

Ing surat Ibrani, rawuhe Gusti Yesus iku nganyarake prejanjian sing nate kapratelakake dening Gusti marang Rama Abraham lan tedak turune kang kasebut minangka umate Gusti. Prejanjian iku wis ora migunani menawa sing gawe prejanjian ora netepi. Nerak prejanjian ndadekne sesambungan dadi cidra, malah bisa dadi prekara lan paukuman marang pihak sing nglanggar. Nalika prejanjian sing lawas wis ora bisa kanggo dhasar. Butuh digawe prejanjian sing anyar. Beda karo angger-angger sepuluh sing diparingake lantaran Nabi Musa, prejanjian anyar iku ora ditulis ing loh watu, nanging diparingake Gusti ing batin, ditulis ing ati, lan Gusti bakal nunggil karo umat kagungane.

Minggu iki akhir taun 2023, lan minggu ngarep wis mlebu taun anyar 2024. Iki wancine kita nitipriksa lan mawas dhiri anggone kita urip minangka umate Gusti, manut miturut prajanjian anyar sing ana ing patunggilane Gusti Yesus Kristus. Saben-saben menawa ana sing geseh, prejanjian iku perlu dianyarake. Cara nganyarake prejanjian karo Gusti ora liya srana pengaken lan panelangsa. Pamratobat iku dalane sihrahmat sing paring pangapura, ndadekne prejanjian karo Gusti kaanyarake. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ