+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 27 Desember 2023 Natal

I Samuel 2:1-10; Lukas 1:46b-55; Markus 11:1-11

GUSTI YESUS LAN PEOPLE POWER

Wong-wong sing padha mlaku ana ing sangarepé lan samburiné Gusti Yésus kabèh padha nguwuh: “Pinujia Pangéran. Binerkahana sing rawuh

atas asmané Gusti Allah. Langgenga kratoné Sang Prabu Dawud,

leluhur kita! Pinujia asmané Gusti Allah!”

(Markus 11:9-10)

People power iku sebutan kanggo ngarani tumindake rakyat nalika bebarengan tumindak lan duwe panjaluk marang pangwasa. Negara Philippina ngalami people power ing taun 1986 sing nglengserke Presiden Marcos saka kalungguhane. Ing wulan Mei 1998, people power ing Indonesia kasih nglengserake Presiden Suharto sing wis 32 tahun njabat. Ing negara modern katata menawa kalungguhan lan pangwasa iku asale saka rakyat. Wulan Juli taun 2022 giliran people power ing Srilanka, nglengserake presidene amarga kahanan ekonomi ambruk lan negarane disebut bangkrut.

Rawuhe Gusti Yesus ing kutha Yerusalem ing wacan kitab suci dina iki uga bisa kasebut people power. Wong-wong sakutha ora ana sing ketinggalan kabeh metu menyang dalan lan kanthi bungah mapag rawuhe Gusti Yesus. Nggelar jubahe ana ing dalan sing dilangkungi dening Gusti Yesus. Wong sing duwe kuldi babar pisan ora owel nalika kuldine digawa para murid supaya Gusti Yesus bisa nitih kuldi iku. Bedane Gusti Yesus ora ngarah kalungguhan lan pangwasa ing donya iki. Wong kabeh sing padha nguwuh-uwuh mapag rawuhe Gusti ora bisa meksa Gusti Yesus dadi Ratune wong Yahudi sing ngusir penjajah lan ngadegake karajan kayadene ing jaman Prabu Dawud.

Kraton lan panguwasa sing bakal dibabarake dening Gusti Yesus beda karo karajan sing ana donya iki. Kratone Allah sing rawuh lan dadi pawartane Gusti Yesus iku dibangun srana anggone Gusti Yesus sedya ngesorake dhiri, nandhang sangsara, malah seda sinalib, lan kasarekake. Dalane kamujlyan lan kaluhuran anggone Gusti Yesus bisa wungu, ngalahke pati, sumengka ing swarga iku ora nganggo people power tata kadonyan. Nanging srana leladi, ngasorake dhiri, malah masrahake nyawane piyambak. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ