Yeremia 31:15-17; Jabur 148; Mateus 2:13-18
GUSTI YESUS NATE NGUNGSI
“Yusuf tangi, ing bengi kuwi uga banjur nggawa Sang Putra
lan ibuné ngungsi menyang tanah Mesir”
(Mateus 2:14)
Sawise lindhu gedhe ing Yogya 27 Mei 2006 kula telung sasi manggon ing Yogya saka dina Senen tekan Setu, dadi relawan ana Pokja (Kelompok Kerja Penanggulangan) Gempa Sinode GKJ. Ewon-ewon warga omahe ambruk, kudu manggon ana shelter, yaiku tenda-tenda darurat sing dibangun supaya bisa kanggo ngeyup. Sawise omahe sing ambruk bisa diresiki, bisa nggawe omah darurat, wis ora dadi pengungsi maneh.
Gusti Yesus nate digawa ngungsi dening Bapa Yusuf lan Ibu Maryam. Anggone ngungsi saknalika sawise Malaekate Gusti ngetingal lan paring dhawuh supaya ngungsi menyang tanah Mesir, amarga Sang Prabu Herodhes nggoleki Sang Putra arep disedani. Nylametake nyawa iku lebih aji tinimbang omah utawa bandha sing kudu ditinggal. Sokur dene sadurunge ana pandhita saka tanah wetan sing sowan lan ngaturi pisungsung emas. Iku bisa kanggo sangu lan nyukupi kabutuhane ing pangungsen.
Wong sing ngungsi amarga omahe ambruk amarga lindhu, utawa banjir, kebakaran lan bencana alam iku beda karo wong sing ngungsi amarga kaancam nyawane. Nganti akhir taun 2023 iki tetep wae ana sing jenenge pengungsi politik, yaiku para warga sing negarane lagi rusuh amarga paprangan antarane golongan siji lan golongan liyane, golek suaka ing negara liya sing bisa nampa.
Ing negara kita, taun 2011 kepungkur ana kedadeyan sing ndadekne warga Ahmadiyah lan warga golongan Syiah sing kudu ngungsi ninggal omahe, ninggal desane, kaslametane ora bisa dijamin menawa tetep manggon ing omahe dhewe, amarga ana golongan sing ngancam lan ngarah lungane. Negara Indonesia iki kudu ngayomi sakabehe penduduk, aja nganti kelakon maneh dadi pengungsi ing negarane dhewe. |*YTP