+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 29 Desember 2023 Natal

Yesaya 49:5-15; Jabur 148; Mateus 12:46-50

NGLAWAN NEPOTISME

Awit sing sapa nglakoni kersané Rama-Ku sing ana ing swarga,

iya kuwi sedulur-sedulur-Ku lanang lan sedulur-sedulur-Ku wadon

sarta ibu-Ku(Mateus 12:50)

Lagu Nasional kang judule Maju Tak Gentar, unine mangkene: “Maju tak gentar membela yang benar…”. Lagu kuwi ngemot ajakan kanggo bebarengan sabangsa mbelani sing bener. Biyen nalika akeh kasus pengadilan keputusane menangke wong sing sugih lan duwe dhuwit, lagu iku kerep diplesetake unine, dudu “membela yang benar”, nanging mbelani sing mbayar. Pancen nalika wong wis nampa besel, swarane bisa dadi liya. Sing bener disalahke, sing salah malah dibenerke. Ana uga tumindak liya sing geseh, umpamane ing penerimaan karyawan utawa ing pendaftaran murid baru ing sekolah, program “bina lingkungan” digunakne kanggo ndhisikne kanca, kenalan, sedulur, apa maneh sing isih kulawarga. Sanajan jane bijine ora nyukupi, hasil test uga ora nyandhak, kabeh bisa digawe kanggo kolusi lan nepotisme.

Gusti Yesus memulang para murid, menawa sing dadi sedulur lanang, sedulur wadon, sing dadi ibu lan bapak iku sapa wae wong sing nglakoni kersane Gusti Allah Sang Rama. Kita ora bisa milih sapa wong tuwa kita, sapa  sedulur kita, lan uga kapan kita lahir lan ana ngendi kita dilairake. Nanging sawise dewasa, kita bisa milih sapa sing dadi bojo, pegaweyan, arep manggon lan omah-omah ana ngendi, mangkono uga pilihan kekancan lan golongan kayadene sing kita karepake. Apa wae pilihane kita, supaya iku dadi pilihan sing nglakoni apa sing dadi dhawuh timbalan lan kersane Gusti ing urip kita.

Korupsi, kolusi lan nepotisme (KKN) iku cetha dudu kersane Gusti. Sing nindakne KKN iku dudu sedulur kita. Nanging sing padha-padha ngudi kersane Gusti iku sing dadi sedulur kita. Pandonga ing akhir tahun, mugi bangsa lan negara kita sangsaya unggul nglawan KKN ing urip bebarengan sabangsa. Mugi katentreman lan karaharjan tansah sumrambah ing urip kita. Amin |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ