+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 30 Desember 2023 Natal

Amsal 9:1-12; Jabur 148; II Petrus 3:8-13

NGAREP-AREP LANGIT LAN BUMI ANYAR

Nanging kita padha ngarep-arep marang langit anyar

lan bumi anyar, sing kadunungan kayektèn,

kaya sing dijanjèkaké déning Gusti Allah

(II Petrus 3:13)

Kurang rong dina maneh taun 2023 iki kita pungkurake, lan kita arep ngancik taun anyar 2024. Pitakon kanggo kita, kapan langit anyar lan bumi anyar iku bakal kababar? Ing dina rawuhe Gusti kang kapindha, kasebutake langit bakal sirna lan jagad bakal kobong, bumi dalah saisine kabeh bakal sirna ing geni (ay.10,12).  Sing lawas bakale sirna, lan kita ngarep-arep marang langit anyar lan bumi anyar, Gusti Allah bakal dedalem karo umat ing kayekten, iku kang dadi janji prasetyane Gusti.

Sakabehing sing dora, ala lan duraka iku bakale ngundhuh karusakan lan pepati. Nanging kayekten ing patunggilan kaliyan Gusti ngganjar karahayon, kabungahan, lan urip langgeng.  Ana mangsa kaya-kaya sing tumindak dora malah jaya, sugih bandha, duwe kwasa, lan adoh saka lelara. Lan para mursid malah nandhang susah lan prihatin yagene Gusti Allah ora miyarsakake pasambat lan pandongane. Nanging rahayu sing setya ngantepi prasetyan sing dijanjekake dening Gusti. Gusti Allah iku ora sare. Lan ing wancine kwasane Gusti kang mitulungi lan ngayomi bakal kababar, sing salah seleh, sing njaga uripe ing pangabekti lan pamratobat bakal nampa kabegjan ing kapenuhan lan kasampurnane sihrahmat.

Dina-dina iki wancine kita mawas dhiri lan nitipriksa. Nalika Gusti maringi langit lan bumi anyar, sing kena ing rusak bakale lebur lan sirna. Nanging sing nunggil ing kayektene Gusti iku tetep urip ing salawase. Ing langit lan bumi sing anyar, anane mung kidung pamuji panuwun lan sokur. Sing lawas kaanyarake. Mugi iki ngatag kita sangsaya ninggal urip lawas lan ngrasuk kamanungsan anyar. Wilujeng mapag urip ing kayekten, bebarengan nunggil kaliyan Gusti ing langit lan bumi anyar. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ