+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 31 Desember 2023 Minggu I Saksampunipun Natal

Yesaya 61:10-62:3; Jabur 148; Galati 4:4-7; Lukas 2::22-40

PANDONGANE SIMEON

Dhuh Pangéran, samenika Paduka sampun netepi janji.

Keparenga samenika abdi Paduka tilar-donya klawan tentrem

(Lukas 22:29)

Sepuluh taun kepungkur bapak kula gerah sirosis, kanker ing ati. Yuswa lanjut wis 83 tahun dadi pertimbangan, mula ora dioperasi. Bapak pirsa gerahe, lan milih dirawat ana ing omah bae, lan rumah sakit ing Solo uga ana program kunjungan dokter ing omah. Wulan-wulan wiwit Bapak gerah iku, malah anak-anak cacah wolu sing wis sumebar ing Bandung, Solo, Purwantoro, Kediri, Bali lan Papua malah dadi kerep ngumpul. Sawise nem wulan, Bapak sangsaya ringkih, ora bisa jumeneng utawa mlampah, kanggo lungguh uga butuh direwangi.

Taun 2013 ing swasana tahun baru, anak putu padha nglumpuk. Sawise sembahyang bareng, Bapak ndhawuhi kula, “Aku wis siap menawa Gusti kepareng badhe mundhut, dongakna, pasrahna”. Ibu lan anak-anak kabeh padha nglumpuk. Lan kula nglairake pandongane Bapa Simeon, “… keparenga abdi Paduka tilar donya klawan tentrem”. Kabeh padha kembeng lan nangis. Gusti taksih maringi tambahan papat wulan, Bapak seda sawise Paskah ing wulan April. Seprapat jam sadurunge seda isih paring pangandika, piweling supaya anak-anake padha rukun, tulung-tinulung lan urip ngabekti marang Gusti Allah. Mugi binerkahan sakabehing pangenget dhateng Bapak suwargi ing selami-laminipun.

Kula uga eram, yagene wacan Injil ing leksionari dina Minggu tutup tahun malah bab Bapa Simeon. Nanging wong urip pancen kudu tansah eling, menawa mengko bakale uga mati.  Lan menawa isih diparingi urip, supaya bisa dadi berkah, anggone makarya leladi. Wilujeng tutup taun 2023, lan mapag taun anyar 2024.

Mugi gesang kita sadaya luber ing kabegjan, kebak pangajeng-ajeng ing patunggilan sihrahmate Gusti kang rosa. Mugi brayat kita binerkahan. Mugi bangsa lan negara kita santosa ing margining karahayon. |*YTP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ