Purwaning Dumadi 17:1-13; Jabur 69:1-5; 30-36; Rum 4:1-12 GESANG ING KAPITADOSAN DHUMATENG ALLAH “Sabab apa kang kapratelakake ing ayating Kitab Suci? “Rama Abraham banjur pracaya marang Gusti Allah, lan iya bab iku kang kaetang dadi kabeneran tumrap panjenengane dening Gusti Allah” (Rum 4:3) Gesanging manungsa dalah punapa kemawon ing alam donya punika tansah wonten sesambetanipun kaliyan Gusti Allah, “Awitdene anane samubarang kabeh iku saka ing Panjenengane, lan marga dening Panjenengane, sarta lumadi marang Panjenengane” (Rum 11:36). Wiwit kita lair, malah nalika taksih ing guwa garbanipun ibu, kita menika sampun katitahaken, lan kapranata dening Gusti Allah, ngantos dumugi puputing yuswa, menika ugi kapranata dening Gusti Allah. Menawi mekaten kita pancen boten saged uwal saking Gusti Allah. Pramila kita ugi kedah tansah ngabekti lan manembah dhateng Gusti Allah. Dene panembah lan pangabekti kita dhateng Gusti Allah mesthi kedah kadhasaran ing iman utawi kapitadosan dhateng Gusti Allah. Iman inggih punika sikep utawi patraping manah kita anampeni Gusti Yesus Kristus minangka Gusti lan Juruwilujenging gesang kita. Iman menika sikep lan patrap ingkang pitados lan pasrah dhateng Gusti Yesus Kristus. Iman ugi nindakaken pangabekti namung dhateng Gusti Yesus. Iman ugi mawujud ing sapari-polah kita ingkang njalari sedaya tumindak kita menika namung mbangun miturut dhateng dhawuhipun Gusti, kados ingkang sinerat wonten ing Kitab Suci. Iman dhateng Gusti Yesus Kristus ateges menawi kita nampi kabingahan utawi nampi peparing punapa kemawon, kita mesthi lajeng ngucap sukur dhateng Gusti awit ngakeni bilih sedaya menika mujudakan peparing saking Gusti. Peparing wau ugi badhe kita ginakaken kangge ngluhuraken asmanipun Gusti. Kosok wangsulipun menawi kita ngadhepi lan ngraosaken prekawis lan bot-repoting gesang, kita ugi namung badhe mlajar lan ngandelaken pitulunganipun Gusti . Kita pancen kedah mbudidaya sakiyat kita, nanging kita boten badhe ngandelaken kekiyatan kita piyambak, jer kita mangertos saha ngakeni blih dhiri kita menika kebak ing kekirangan, kalepatan lan tanpa daya ingkang cekap kangge ngadhepi menapadene ngatasi prekawis menika piyambakan. |*SH
Ahad, 31 Desember 2023 Minggu I Saksampunipun Natal
Yesaya 61:10-62:3; Jabur 148; Galati 4:4-7; Lukas 2::22-40 PANDONGANE SIMEON “Dhuh Pangéran, samenika Paduka sampun netepi janji. Keparenga samenika abdi Paduka tilar-donya klawan tentrem” (Lukas 22:29) Sepuluh taun kepungkur bapak kula gerah sirosis, kanker ing ati. Yuswa lanjut wis 83 tahun dadi pertimbangan, mula ora dioperasi. Bapak pirsa gerahe, lan milih dirawat ana ing omah bae, lan rumah sakit ing Solo uga ana program kunjungan dokter ing omah. Wulan-wulan wiwit Bapak gerah iku, malah anak-anak cacah wolu sing wis sumebar ing Bandung, Solo, Purwantoro, Kediri, Bali lan Papua malah dadi kerep ngumpul. Sawise nem wulan, Bapak sangsaya ringkih, ora bisa jumeneng utawa mlampah, kanggo lungguh uga butuh direwangi. Taun 2013 ing swasana tahun baru, anak putu padha nglumpuk. Sawise sembahyang bareng, Bapak ndhawuhi kula, “Aku wis siap menawa Gusti kepareng badhe mundhut, dongakna, pasrahna”. Ibu lan anak-anak kabeh padha nglumpuk. Lan kula nglairake pandongane Bapa Simeon, “… keparenga abdi Paduka tilar donya klawan tentrem”. Kabeh padha kembeng lan nangis. Gusti taksih maringi tambahan papat wulan, Bapak seda sawise Paskah ing wulan April. Seprapat jam sadurunge seda isih paring pangandika, piweling supaya anak-anake padha rukun, tulung-tinulung lan urip ngabekti marang Gusti Allah. Mugi binerkahan sakabehing pangenget dhateng Bapak suwargi ing selami-laminipun. Kula uga eram, yagene wacan Injil ing leksionari dina Minggu tutup tahun malah bab Bapa Simeon. Nanging wong urip pancen kudu tansah eling, menawa mengko bakale uga mati. Lan menawa isih diparingi urip, supaya bisa dadi berkah, anggone makarya leladi. Wilujeng tutup taun 2023, lan mapag taun anyar 2024. Mugi gesang kita sadaya luber ing kabegjan, kebak pangajeng-ajeng ing patunggilan sihrahmate Gusti kang rosa. Mugi brayat kita binerkahan. Mugi bangsa lan negara kita santosa ing margining karahayon. |*YTP
Setu, 30 Desember 2023 Natal
Amsal 9:1-12; Jabur 148; II Petrus 3:8-13 NGAREP-AREP LANGIT LAN BUMI ANYAR “Nanging kita padha ngarep-arep marang langit anyar lan bumi anyar, sing kadunungan kayektèn, kaya sing dijanjèkaké déning Gusti Allah” (II Petrus 3:13) Kurang rong dina maneh taun 2023 iki kita pungkurake, lan kita arep ngancik taun anyar 2024. Pitakon kanggo kita, kapan langit anyar lan bumi anyar iku bakal kababar? Ing dina rawuhe Gusti kang kapindha, kasebutake langit bakal sirna lan jagad bakal kobong, bumi dalah saisine kabeh bakal sirna ing geni (ay.10,12). Sing lawas bakale sirna, lan kita ngarep-arep marang langit anyar lan bumi anyar, Gusti Allah bakal dedalem karo umat ing kayekten, iku kang dadi janji prasetyane Gusti. Sakabehing sing dora, ala lan duraka iku bakale ngundhuh karusakan lan pepati. Nanging kayekten ing patunggilan kaliyan Gusti ngganjar karahayon, kabungahan, lan urip langgeng. Ana mangsa kaya-kaya sing tumindak dora malah jaya, sugih bandha, duwe kwasa, lan adoh saka lelara. Lan para mursid malah nandhang susah lan prihatin yagene Gusti Allah ora miyarsakake pasambat lan pandongane. Nanging rahayu sing setya ngantepi prasetyan sing dijanjekake dening Gusti. Gusti Allah iku ora sare. Lan ing wancine kwasane Gusti kang mitulungi lan ngayomi bakal kababar, sing salah seleh, sing njaga uripe ing pangabekti lan pamratobat bakal nampa kabegjan ing kapenuhan lan kasampurnane sihrahmat. Dina-dina iki wancine kita mawas dhiri lan nitipriksa. Nalika Gusti maringi langit lan bumi anyar, sing kena ing rusak bakale lebur lan sirna. Nanging sing nunggil ing kayektene Gusti iku tetep urip ing salawase. Ing langit lan bumi sing anyar, anane mung kidung pamuji panuwun lan sokur. Sing lawas kaanyarake. Mugi iki ngatag kita sangsaya ninggal urip lawas lan ngrasuk kamanungsan anyar. Wilujeng mapag urip ing kayekten, bebarengan nunggil kaliyan Gusti ing langit lan bumi anyar. |*YTP
Jemuwah, 29 Desember 2023 Natal
Yesaya 49:5-15; Jabur 148; Mateus 12:46-50 NGLAWAN NEPOTISME “Awit sing sapa nglakoni kersané Rama-Ku sing ana ing swarga, iya kuwi sedulur-sedulur-Ku lanang lan sedulur-sedulur-Ku wadon sarta ibu-Ku” (Mateus 12:50) Lagu Nasional kang judule Maju Tak Gentar, unine mangkene: “Maju tak gentar membela yang benar…”. Lagu kuwi ngemot ajakan kanggo bebarengan sabangsa mbelani sing bener. Biyen nalika akeh kasus pengadilan keputusane menangke wong sing sugih lan duwe dhuwit, lagu iku kerep diplesetake unine, dudu “membela yang benar”, nanging mbelani sing mbayar. Pancen nalika wong wis nampa besel, swarane bisa dadi liya. Sing bener disalahke, sing salah malah dibenerke. Ana uga tumindak liya sing geseh, umpamane ing penerimaan karyawan utawa ing pendaftaran murid baru ing sekolah, program “bina lingkungan” digunakne kanggo ndhisikne kanca, kenalan, sedulur, apa maneh sing isih kulawarga. Sanajan jane bijine ora nyukupi, hasil test uga ora nyandhak, kabeh bisa digawe kanggo kolusi lan nepotisme. Gusti Yesus memulang para murid, menawa sing dadi sedulur lanang, sedulur wadon, sing dadi ibu lan bapak iku sapa wae wong sing nglakoni kersane Gusti Allah Sang Rama. Kita ora bisa milih sapa wong tuwa kita, sapa sedulur kita, lan uga kapan kita lahir lan ana ngendi kita dilairake. Nanging sawise dewasa, kita bisa milih sapa sing dadi bojo, pegaweyan, arep manggon lan omah-omah ana ngendi, mangkono uga pilihan kekancan lan golongan kayadene sing kita karepake. Apa wae pilihane kita, supaya iku dadi pilihan sing nglakoni apa sing dadi dhawuh timbalan lan kersane Gusti ing urip kita. Korupsi, kolusi lan nepotisme (KKN) iku cetha dudu kersane Gusti. Sing nindakne KKN iku dudu sedulur kita. Nanging sing padha-padha ngudi kersane Gusti iku sing dadi sedulur kita. Pandonga ing akhir tahun, mugi bangsa lan negara kita sangsaya unggul nglawan KKN ing urip bebarengan sabangsa. Mugi katentreman lan karaharjan tansah sumrambah ing urip kita. Amin |*YTP
Kemis, 28 Desember 2023 Natal
Yeremia 31:15-17; Jabur 148; Mateus 2:13-18 GUSTI YESUS NATE NGUNGSI “Yusuf tangi, ing bengi kuwi uga banjur nggawa Sang Putra lan ibuné ngungsi menyang tanah Mesir” (Mateus 2:14) Sawise lindhu gedhe ing Yogya 27 Mei 2006 kula telung sasi manggon ing Yogya saka dina Senen tekan Setu, dadi relawan ana Pokja (Kelompok Kerja Penanggulangan) Gempa Sinode GKJ. Ewon-ewon warga omahe ambruk, kudu manggon ana shelter, yaiku tenda-tenda darurat sing dibangun supaya bisa kanggo ngeyup. Sawise omahe sing ambruk bisa diresiki, bisa nggawe omah darurat, wis ora dadi pengungsi maneh. Gusti Yesus nate digawa ngungsi dening Bapa Yusuf lan Ibu Maryam. Anggone ngungsi saknalika sawise Malaekate Gusti ngetingal lan paring dhawuh supaya ngungsi menyang tanah Mesir, amarga Sang Prabu Herodhes nggoleki Sang Putra arep disedani. Nylametake nyawa iku lebih aji tinimbang omah utawa bandha sing kudu ditinggal. Sokur dene sadurunge ana pandhita saka tanah wetan sing sowan lan ngaturi pisungsung emas. Iku bisa kanggo sangu lan nyukupi kabutuhane ing pangungsen. Wong sing ngungsi amarga omahe ambruk amarga lindhu, utawa banjir, kebakaran lan bencana alam iku beda karo wong sing ngungsi amarga kaancam nyawane. Nganti akhir taun 2023 iki tetep wae ana sing jenenge pengungsi politik, yaiku para warga sing negarane lagi rusuh amarga paprangan antarane golongan siji lan golongan liyane, golek suaka ing negara liya sing bisa nampa. Ing negara kita, taun 2011 kepungkur ana kedadeyan sing ndadekne warga Ahmadiyah lan warga golongan Syiah sing kudu ngungsi ninggal omahe, ninggal desane, kaslametane ora bisa dijamin menawa tetep manggon ing omahe dhewe, amarga ana golongan sing ngancam lan ngarah lungane. Negara Indonesia iki kudu ngayomi sakabehe penduduk, aja nganti kelakon maneh dadi pengungsi ing negarane dhewe. |*YTP
Rebo, 27 Desember 2023 Natal
I Samuel 2:1-10; Lukas 1:46b-55; Markus 11:1-11 GUSTI YESUS LAN PEOPLE POWER “Wong-wong sing padha mlaku ana ing sangarepé lan samburiné Gusti Yésus kabèh padha nguwuh: “Pinujia Pangéran. Binerkahana sing rawuh atas asmané Gusti Allah. Langgenga kratoné Sang Prabu Dawud, leluhur kita! Pinujia asmané Gusti Allah!” (Markus 11:9-10) People power iku sebutan kanggo ngarani tumindake rakyat nalika bebarengan tumindak lan duwe panjaluk marang pangwasa. Negara Philippina ngalami people power ing taun 1986 sing nglengserke Presiden Marcos saka kalungguhane. Ing wulan Mei 1998, people power ing Indonesia kasih nglengserake Presiden Suharto sing wis 32 tahun njabat. Ing negara modern katata menawa kalungguhan lan pangwasa iku asale saka rakyat. Wulan Juli taun 2022 giliran people power ing Srilanka, nglengserake presidene amarga kahanan ekonomi ambruk lan negarane disebut bangkrut. Rawuhe Gusti Yesus ing kutha Yerusalem ing wacan kitab suci dina iki uga bisa kasebut people power. Wong-wong sakutha ora ana sing ketinggalan kabeh metu menyang dalan lan kanthi bungah mapag rawuhe Gusti Yesus. Nggelar jubahe ana ing dalan sing dilangkungi dening Gusti Yesus. Wong sing duwe kuldi babar pisan ora owel nalika kuldine digawa para murid supaya Gusti Yesus bisa nitih kuldi iku. Bedane Gusti Yesus ora ngarah kalungguhan lan pangwasa ing donya iki. Wong kabeh sing padha nguwuh-uwuh mapag rawuhe Gusti ora bisa meksa Gusti Yesus dadi Ratune wong Yahudi sing ngusir penjajah lan ngadegake karajan kayadene ing jaman Prabu Dawud. Kraton lan panguwasa sing bakal dibabarake dening Gusti Yesus beda karo karajan sing ana donya iki. Kratone Allah sing rawuh lan dadi pawartane Gusti Yesus iku dibangun srana anggone Gusti Yesus sedya ngesorake dhiri, nandhang sangsara, malah seda sinalib, lan kasarekake. Dalane kamujlyan lan kaluhuran anggone Gusti Yesus bisa wungu, ngalahke pati, sumengka ing swarga iku ora nganggo people power tata kadonyan. Nanging srana leladi, ngasorake dhiri, malah masrahake nyawane piyambak. |*YTP
Slasa, 26 Desember 2023 Natal
I Samuel 1:19-28; Lukas 1:46b-55; Ibrani 8:1-13 GUSTI YESUS DADI PRAJANJIAN ANYAR “Sarèhné Panjenengané ngandika bab prejanjian anyar, mulané srana mengkono Gusti Allah mratélakaké yèn prejanjian sing sepisanan kuwi wis ora kanggo lan ora ana paédahé. Lan apa waé sing wis ora kanggo lan ora ana paédahé, bakal énggal sirna” (Ibrani 8:13) Tanggalan sing paling akeh digunakake ing donya saiki kuwi tanggalan Masehi. Tembung Masehi basa Arab saka tembung Al Maseh, Messiah (basa Ibrani), utawa Kristus (basa Yunani). Tahun wiyose Gusti Yesus digunakne kanggo miwiti tanggalan Masehi. Ing tanggalan sing kita gunakne padinan, kejaba tahun Masehi lumrahe uga ana petungan tahun Hijriah lan Tahun Saka. Saiki wis ngancik 2023 tahun Masehi, 1444 Hijriah, lan 1956 Saka. Minggu ngarep kita wis ganti tahun Masehi 2024. Ing sejarah, wiyose Gusti Yesus nyata nggawa owah-owahan gedhe kanggone kahanan donya saiki. Ing surat Ibrani, rawuhe Gusti Yesus iku nganyarake prejanjian sing nate kapratelakake dening Gusti marang Rama Abraham lan tedak turune kang kasebut minangka umate Gusti. Prejanjian iku wis ora migunani menawa sing gawe prejanjian ora netepi. Nerak prejanjian ndadekne sesambungan dadi cidra, malah bisa dadi prekara lan paukuman marang pihak sing nglanggar. Nalika prejanjian sing lawas wis ora bisa kanggo dhasar. Butuh digawe prejanjian sing anyar. Beda karo angger-angger sepuluh sing diparingake lantaran Nabi Musa, prejanjian anyar iku ora ditulis ing loh watu, nanging diparingake Gusti ing batin, ditulis ing ati, lan Gusti bakal nunggil karo umat kagungane. Minggu iki akhir taun 2023, lan minggu ngarep wis mlebu taun anyar 2024. Iki wancine kita nitipriksa lan mawas dhiri anggone kita urip minangka umate Gusti, manut miturut prajanjian anyar sing ana ing patunggilane Gusti Yesus Kristus. Saben-saben menawa ana sing geseh, prejanjian iku perlu dianyarake. Cara nganyarake prejanjian karo Gusti ora liya srana pengaken lan panelangsa. Pamratobat iku dalane sihrahmat sing paring pangapura, ndadekne prejanjian karo Gusti kaanyarake. |*YTP
Senen, 25 Desember 2023 Natal
Yesaya 52:7-10; Jabur 98; Ibrani 1:1-4, (5-12); Yokanan 1:1-14 SANG SABDA WUS MANJALMA DADI MANUNGSA “Sang Sabda wis dadi manungsa, manggon awor karo kita. Kita wis padha ndeleng kamulyané Sang Manungsa mau. Iya kamulyan kang kaparingaké marang Putraning Allah Sang Rama, Putra ontang-anting. Kamulyané Sang Putra mau mengkéné: Lantaran Sang Putra mau Gusti Allah wis mratélakaké Sarirané piyambak lan katresnané marang kita sakatogé” (Yokanan 1:14) Wiyose Gusti Yesus dadi dina pahargyan gedhe ing greja. Gusti Allah mbabarake katresnane marang manungsa, manjalma dadi manungsa, miyos minangka bayi kang dijenengi Yesus, kang bakal kasebut minangka Sang Kristus. Sadurunge, manungsa nampa rawuhe Gusti lantaran sabda pangandika sing diwartakne dening para nabi. Nalika Gusti Yesus miyos wus ana kitab-kitab suci sing disucekake umat minangka sabda pangandikane Gusti Allah. Kitab-kitabe nabi Musa, Mazmur, lan kitabe para nabi liyane dadi kumpulan sabda pangandikane Gusti kang kawulangake, disinaoni, lan diestokake ing uripe umat. Rawuhe Gusti Yesus miwiti babak anyar anggone Gusti paring sabda pangandika marang manungsa. Pawarta ing dina natal iki: Sang Sabda iku wus manjalma, dadi manungsa, lan manggon awor karo kita. Kita bisa ndeleng kamulyane Allah lan katresnane marang kita sakatoge ana ing gesang lan pakaryane Gusti Yesus. Bisa awor, ndeleng, lan ngrasakne patunggilan karo Gusti Yesus iku beda banget karo mung nampani pawartane para nabi. Ana crita bab Natanael (Yoh.1:45-50). Nalika mung nampa pawarta bab Gusti Yesus dheweke sulaya lan ora precaya. Nanging nalika wis ketemu langsung karo Gusti Yesus, Natanael langsung sujud sumungkem lan ngakoni menawa Gusti Yesus iku Putrane Allah lan Ratune Israel. Ing tahun 2023 iki, donya nyekseni lan ndeleng Sang Sabda kang manjalma dadi manungsa iku ana ing uripe pasamuwan Kristen. Adege pasamuwan Kristen iku martakake Sang Sabda kang manjalma dadi manungsa. Sajagad bisa nyekseni kamulyan lan katresnane Gusti lantaran paseksen lan peladosan kang katindakake ing padinane. Sumangga, pahargyan natal iki sangsaya ngatag pasamuwan, mujudake timbalan urip nunggil kaliyan Gusti Yesus. |*YTP
Ahad, 24 Desember 2023 Natal Dalu
Yesaya 62:6-12; Jabur 97; Titus 3:4-7; Lukas 2:(1-7), 8-20 PANGATAG MALAEKAT MARANG IBU MARYAM “Malaékat mau nemoni Maryam lan ngandika: “Begja kowé sing dikasihi déning Pangéran! Pangéran nganthi marang kowé!” (Lukas 1:28) Ngandhut kamangka durung duwe bojo klebu prakara pastoral sing angel. Lan Ibu Maryam nglakoni kahanan iku ing satengahing masyarakat Yahudi, sing adhedhasar Toret-e Musa bisa wae ngukum pati marang wong sing kabukti tumindak jina. Ing urip bebarengan, nyaruwe lan netepake kaluputane wong liya iku luwih gampang tinimbang ngudi apa kang dadi kersane Gusti ing kaapesan sing kita adhepi. Sokur dene Gusti Allah kersa ngutus malaekate paring pangandika lan nyantosakne Ibu Maryam. Malaekat sing diutus nemoni Ibu Maryam ngendika, menawa Maryam begja lan dikasihi dening Allah. Aja wedi, amarga anggone ngandhut iku awit pakaryane Sang Roh Suci. Ibu Maryam nampani kahanane minangka dhawuh timbalan lan kersane Gusti kang kudu diestokake. Ature, “Kawula menika abdinipun Pangeran. Sumangga kelampahan tumraping kawula kados ingkang dados sabda pangandikane Gusti”. Kabegjan lan pangayomane Gusti Allah kayadene sing dingendikakne dening malaekate Gusti iku ngatag Ibu Maryam. Saknalika kahanane dadi padhang, anggone nglakoni bisa kanthi seneng lan kepenak. Pitakon-pitakon sing mrenthul ing pengangen-angene wis nemokne wangsulan sing waton. Sakabehe sing dilakoni dening Ibu Maryam iku ana ing kwasane Gusti kang nganthi lan ngayomi. Nalika ana warga sing wis ngandhut, kamangka durung omah-omah, lumrahe dadi gegeran. Panyaruwe katujokake marang sing nglakoni, uga ing kulawargane, lan uga dadi rerasanan ing satengahe pasamuwan lan masyarakat. Dina iki minggu adven pungkasan, sesuk kita wus mahargya dina riyadi natal. Salah siji kabungahan ing pahargyan natal iku kita temoni ing pangatage Malaekat marang Ibu Maryam. Ora nyaruwe apamaneh ngakimi, nanging ing kahanan sing tata donya kerep diarani apes lan cilaka, ana pakaryan sihrahmate Gusti Allah sing kababar. |*YTP
Setu, 23 Desember 2023 Minggu Adven III
Para Hakim 13:2-24; Jabur 89:1-4, 19-26; Yokanan 7:40-52 NITIPRIKSA SADURUNGE NETEPAKE BENER UTAWA LUPUT “Manut prenataning agami, kita mboten kénging ngukum tiyang, sadèrèngipun prekawisipun dipun priksa, lan menawi kita dèrèng sumerep menapa ingkang katindakaken”. (Yokanan 7:51) Ing urip bebarengan ana tatacara sing bisa kanggo ngrampungi prakara antarane wong siji karo sijine. Lumrahe pranatan hukum sing kanggo ener nalika mutusi prekara sing kelakon. Saiki kejaba pranatan hukum, ana kawicaksanan sing jenenge program keadilan restoratif. Menawa sing salah wis ngakoni kaluputane lan njaluk pangapura marang korban, lan korban uga bisa nampa lan menehi pangapura, pelakune bisa bebas sanajan miturut hukum tumindake iku bisa diganjar paukuman lan pakunjaran. Saben agama mulangake urip ing pamratobat, ngesorake dhiri ngakone dosa lan kaluputane. Iku dadi dalane sihrahmate Gusti sing paring pangapura kababar. Nanging ing wacan dina iki, malah para pengareping imam lan wong Farisi padha kepengin ngukum Gusti Yesus, jalarane ora seneng amarga Gusti Yesus memulang kanthi kasekten lan pangwasa. Agama pancen kerep gawe sentimen, lan sentimen sing diuripi ndadekne wong fanatik. Sentimen iku ora adhedhasar nalar, nanging mung rasa seneng utawa ora seneng. Lan sikep fanatik saka tembung fanum (basa Latin, tegese suci) ndadekne nalar lan akal sehat wis dibuwang adoh. Sapa wae sing didakwa nista agama lan sawiyah-wiyah marang Asmane Gusti kudu diukum pati. Wis ora prelu nitipriksa prekarane maneh. Kahanan iki ndadekne golongan minoritas agama dadi korban mung amarga golongan mayoritas ora rena. Swasana Natal iki wektu sing becik kanggo kita nyuraos lan nitipriksa, yagene ing tahun 2023 iki isih ana-ana wae prekara dredah lan pasulayan amarga sentimen lan fanatik marang agamane dhewe. Lha Gusti Allah lan agama kok ndadak dibelani iku rak tumindak bodho lan konyol. Ayo tansah nitipriksa supaya agama ora ditunggangi kanggo kapentingan politik. |*YTP
