+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 18 November 2023, Minggu Limrah XXVIII

Para Hakim 5:1-22; Jabur 123; Mateus 12:43-45

KEDAH DIPUN ISI

Tumuli ngucap mengkene: Aku dakbali menyang omah sing daktinggal kae. Banjur bali, omahe tinemu suwung, wis resik kasaponan lan katata resik (Mateus 5:44)

Manawi tiyang mrangguli kamar utawi griya ingkang suwung limrahipun sami celathu: “Kok kothong/suwung ya, singup.” Menawi kita mrangguli kamar utawi griya ingkang longgar limrahipun kita celathu: “Penak ya longgar, ora umpel-umpelan.” Ingkang pundi ingkang ngremenaken? Temtu ingkang longgar, ingkang mboten umpel-umpelan. Wonten isinipun, nanging taksih sela, taksih saged ambegan.

Dhemit ingkang sampun nilaraken griya ingkang dipun enggeni, wangsul malih awit mboten angsal papan gantosipun. Dhemit punika malah remen nalika nyipati griya punika kothong/suwung. Saking remenipun, lajeng ngundangi kancanipun pitu manggen ing griya ingkang suwung punika. Mbokmenawi kita lajeng celathu: “Dhasar dhemit. Seneng oleh panggonan suwung” Beda kaliyan kita ingkang saged ugi malah mengkirig, mrinding githok kita. Dhemit pitu punika langkung awon tinimbang dhemit ingkang ngajak.

Griya suwung punika minangka pasemon kangge nggambaraken tyang ingkang suwung manahipun. Dhemit punika wau rak medal saking tiyang ingkang sampun dipun enggeni, lajeng katundhung. Gandheng namung katundhung/kasingkiraken, mboten kasirnakaken, mila saged wangsul lan nguwaosi tiyang punika malih ingkang suwung manahipun. Malah pandamelipun langkung jahat tinimbang saderengipun. Tiyang punika langkung sangsara awit tumindakipun dhemit wolu wau.

Dhemit punika kedahipun mboten namung kasingkiraken, nanging kasirnakaken. Kados pundi caranipun? Kanthi ngisi gesangipun kanthi kapitadosan dhumateng Gusti lan srana  pandamel ingkang migunani; migunani kangge dhririnipun piyambak lan tiyang sanes. Kathah bab ingkang saged kita tindakaken ing gesang kita, mboten kadamel nganggur. Menawi nganggur pikiran lan manah kita suwung, saged nglambrang dhateng pundi-pundi, saged kaisi  dening bab-bab ingkang mboten sae, ingkang ngrisak gesang kita lan gesanging sesami. Srana nindakaken kegiyatan ingkang migunani, ingkang katuntun dening Gusti, si dhemit mboten saged mlebet dhateng gesang kita. Amin.|*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ