+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 19 November 2023,  Minggu Limrah XXIX

Para Hakim 4:1-7; Jabur 123; I Tesalonika 5:1-11; Mateus 25:14-30

ENGET-INGENGETAKEN LAN BANGUN-BINANGUN

Mulane kowe padha eling-ingelingake lan bangun-binanguna,

kaya-dene kang pancen koklakoni iku(I Tesalonika 5:11)

Pawartos badhe wontenipun kiamat asring kita pireng. Bab punika ugi kawartosaken dening sawetawis kelompok Kristen. Pawartos punika asring damel kisruh lan ajrihipun tiyang kathah, kalebet warga greja. Panci Kitab Suci martosaken bab kiamat, nanging mboten wonten katrangan bab wekdalipun kapan. Gusti Yesus ugi ngedika bilih kiamat punika kados pandung, mboten wonten ingkang mangertos. Mila menawi wonten tiyang Kristen ingkang bingung lan kuwatos, punika ateges mboten mangertos punapa ingkang dipun kersakaken dening Gusti bab kiamat.

Ingkang prelu dipun mangretosi ngengingi kiamat punika sanes bab kapan wekdalipun,  ananging kadospundi anggen kita sami cecawis ngadhepi kiamat punika. Kita sampun siyaga punapa dereng menawi kiamat dhateng, menawi gesang ing bumi kapungkasan. Kalebet ing bab punika inggih punika kapan Gusti mungkasi gesang kita, kapan kita katimbalan

Dhateng pasamuwan ing Tesalonika rasul Paulus paring pepenget bab rawuhipun Gusti utawi kiamat. Rasul Paulus ngengetaken bilih kawontenan tentrem saged ewah dados bilai, kados-dene pawestri ingkang ngandheg dadakan ngraosaken sakit badhe babaran. Bab punika mboten saged dipun singkiri. Mekaten ugi rawuhipun Gusti utawi kiamat, kedah dipun adhepi. Anggenipun ngadhepi mboten prelu kaliyan raos ajrih lan was sumelang, mboten prelu srana nginten-inten utawi ngramal, awit pasamuwan Tesalonika punika sampun dados para putraning pepedhang ingkang sampun cecawis ing bab rawuhipun Gusti utawi kiamat.

Mekaten ugi kita, pasamuwanipun Gusti ing wekdal sapunika. Kita kadhawuhan tetep waspada, tetep jumaga, tetep dados para putraning pepedhang. Punika sanes bab ingkang gampil, kathah panggodhanipun, kathah pambenganipun, kathah piawon ingkang ngreridhu kita, kathah pepenginan kita ingkang cengkah kaliyan kersanipun Gusti. Pramila kita kadhawuhan sami-dene ngengetaken lan bangun-binangun supados samangsa Gusti  rawuh ing dinten kiamat, kita saged nampi karahayonipun Gusti Yesus Kristus. Amin.|*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ