+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 20 November 2023 Minggu Limrah XXIX

Para Hakim 4:8-24; Jabur 83:1-4, 9-10, 17-18; Rum 2:1-11

NINDAKAKEN KASAENAN

“…nanging kamulyan, kaluhuran lan tentrem-rahayu

bakal kaparingake marang sawiji-wijining wong

kang nindakake kabecikan …”

(Rum:10a)

Njeksani utawi ngakimi punika tumindak ingkang gampil lan asring kita lampahi. Menawi kita mrangguli tiyang ingkang tumindak klentu utawi mboten sae, kita tumuli nanggapi kanthi njeksani utawi ngakimi srana pitembungan ingkang negatip. Malah wonten ingkang ngedalaken pitembungan ingkang nyakitaken manah, damel manah pingget. Punapa ingkang kaucapaken punika kados-kados mboten naten katindakaken. Kados-kados pitembunganipun punika nelakaken bilih sedherek wau mboten nate damel lepat. Kados-kados punapa ingkang katindakaken punika temtu sae, malah kados-kados dhirinipun punika tiyang ingkang paling sae lan paling leres. Kamangka sanyatanipun mboten wonten tiyang ingkang mboten nate damel lepat, ingkang tansah tumindak leres lan sae. Saben tiyang nate nerak pranatanipun Gusti, ugi pranataning negari lan masyarakat, ugi nate nerak pranatan ing brayat lan ing papan padamelan. Nate nyakiti manahipun kanca lan mitra. Jer kita punika mboten sampurna.

Manawi kita ningali tiyang ingkang damel lepat, ingkang nerak pranatan, ingkang sasekecanipun piyambak mesthi kita mboten remen. Mesthi kita kepengin ngluruhi, nyaruwe,  utawi ngengetaken. Punapa mekaten punika tumindak ingkang klentu? Temtu mboten. Kita panci kedah ngengetaken lan ngleresaken, nanging kita ugi kedah ngengeti bilih kita ugi nate tumindak mekaten. Anggen kita ngluruhi, ngengetaken, ngleresaken kedah kanthi manah ingkang andhap asor, mboten kanthi gumunggung. Kita mboten prelu njeksani, nanging atur pepenget murih kasaenaning gesang sesarengan, amrih pasedherekan ingkang wonten tetep kajagi lan kauri-uri.

Tiyang ingkang nindakaken kabecikan temtu badhe ngraosaken kabingahan, awit ndadosaken gesang punika endah, ndadosaken kabingahanipun tiyang sanes. Inggih punika ingkang kawastanan peparingipun Gusti. Gusti maringi kaluhuran lan karahayon. Dados, ingkang nindakaken kabecikan lan ingkang nampi kabecikan sami-sami nampi kaluhuran lan karahayon saking Gusti. Amin. |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ