+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 21 November 2023,  Minggu Limrah XXIX

Pangentasan 2:1-10; Jabur 83:1-4, 9-10, 17-18; I Tesalonika 5:12-18

TANSAH NGUNJUKAKEN PANUWUN

Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang tinemu, awit iku kang

dikarsakake dening Gusti Allah ing Sang Kristus Yesus tumrap kowe

(1 Tesalonika 5:12)

Tembung “tansah” punika nerangaken bab utawi kegiyatan ingkang lumampah terus-terusan, mboten kendhat, mboten kendel, mboten leren. Rasul Paulus ngedika: “Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang tinemu” Punapa  kita saged ngunjukaken panuwun ing satengahing nandhang sakit? Punapa ing salebeting kekirangan kita saged ngaturaken panuwun? Nalika nembe dipun-PHK punapa kita saged ngaturaken panuwun? Nalika kita mboten minggah kelas utawi tingkat punapa kita saged ngaturaken panuwun? Pengalaman kula: mboten saged. Kula kinten mekaten ugi umumipun tiyang kathah. Lajeng, kenging punapa rasul Paulus ngendika kados mekaten? Pangandika punika mujudakan pambereg supados kita mboten tansah nggresula, gela, cuwa, sisah tumrap punapa ingkang kita alami. Panci ingkang kita alami maneka-warni” sisah-bingah, cuwa-marem, sakit-sehat, untung-rugi lss.

Bab tansah ngaturaken panuwun punika minangka peranganing piwucal ingkang kaparingaken dening Rasul Paulus dhateng pasamuwan ing Tesalonika. Gesangipun pasamuwan ing Tesalonika punika ketingalipun sampun sae. Warganing pasamuwan anggenipun gesang sampun tumata. Ewasemanten, temtu kemawon wonten kalanipun tuwuh kawontenan ingkang damel gela lan cuwa, nglokro tanpa semangat. Manawi wonten warga ingkang kados mekaten sampun ngantos dipun kendelaken, nanging prelu dipun gatosaken, prelu pitulungan supados saged wangsul malih dhateng gesang ingkang nggadhahi semangat, manahipun kaagengaken, mboten alit ing manah. Awit menawi kawontenan ingkang kados mekaten punika kakendelaken, saged ndadosaken sedherek punika lajeng mundur saking kapitadosanipun, nilar Gustinipun, gesang kawengku dening manah ingkang kebak ing panutuh dhumateng Gusti. Manawi warganing pasamuwan sami-dene ngatosaken, ingkang mekaten punika nelaken wujuding gesang ing patunggilanipun Gusti. Atur panuwun dhumateng Gusti punika wujuding patrap anggen kita nguri-uri kapitadosan kita dhumateng Gusti. Mila kita prelu ngudi saged tansah ngaturaken panuwun dhumateng Gusti ing sadhengah kawontenan. Amin.|*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ