+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 22 November 2023, Minggu Limrah XXIX

Ester 7:1-10; Jabur 83:1-4, 9-10, 17-18; Mateus 24:45-51

KENDEL

 “Unjuk wangsulane Sang Prameswari Ester. “Tiyang ingkang nganiaya saha ingkang dados mengsah wau inggih punika Haman, tiyang dursila punika (Ester 7:6)

Wicanten kanthi blak-blakan utawi blaka suta punika bab ingkang mboten gampil kangge kita. Limrahipun kita menawi nyariyosaken satunggaling kedadosan mubeng-mubeng rumiyin, mboten njujug, kuwatos menawi natoni manah. Pramila asring masalah mboten rampung-rampung awit mawi cara ingkang kados mekaten punika, kirang kendel.

Nalika kadangu dening sang prabu Ahasyweros bab panyuwunanipun, prameswari Ester matur kanthi blak-blakan. Temtu punika nelakaken sikep ingkang kendel, awit kaaturaken ing ngajengipun tiyang kathah ing satengahing pambujanan. Bujana ingkang mesthinipun ngremenaken dados bencana tumrap Haman. Sedyanipun Haman badhe nyulah (nggantung) Mordekhai ing panyulahan. Ananging, panyulahan punika malah dados panyulahan kangge Haman piyambak, nyilakani dhirinipun piyambak.

Punapa ingkang ndadosaken Ester kendel? Limrahipun tiyang estri kawawas mboten gadhah kakendelan, punapa malih ing satengahing para priya ingkang nggadhahi kalenggahan. Awit Ester mboten namung mikir dhirinipun piyambak, nanging ugi mikir gesang lan kawilujenganing bangsanipun. Bangsanipun kaancam ing bebaya awit pokalipun Haman. Bangsanipun badhe katumpes dening Haman. Pranyata Haman punika tiyang ingkang dursila. Ester kaagem dening Gusti lan kaparingan kakendelan kangge nulungi bangsanipun saking bebaya.

Ing salebeting nglampahi gesang, kathah ancaman ingkang ndhatengi kita, kadosta brayat kita kaancam dening tiyang ingkang dursila, kancam dening kawontenaning ekonomi ingkang mrihatosaken. Kita rumaos mboten saged punapa-punapa, mboten gadhah daya. Nanging dumadakan kita nggadhahi kakiyatan, kasagedan, kawasisan. Dumadakan kita saged ngatasi bebaya punika. Srana mekaten kita saged uwal saking bebaya ingkang ngreridhu kita punika. Kita saged kalis saking bebaya punika awit pangayoman lan pangrehipun Gusti ingkang wonten ing Gusti Yesus Kristus sampun nindakaken pakaryanipun milujengaken kita. Amin.|*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ