Purwaning Dumadi 48:15-22; Jabur 100; Wahyu 14:1-11
NGEWAHI ADAT
“Ature Yusuf marang kang ramane, “Sampun mekaten rama, awit-dene
punika ingkang pambajeng, astanipun rama ingkang tengen mugi
katumpangna ing sirahipun.” Nanging kang rama ora karsa,
pangandikane: “Aku wus weruh angger!”
(Purwaning Dumadi 48:18-19a
Saben masyarakat gadhah tatanan lan padhataning gesang ingkang dipun nut dening masyarakat punika. Contonipun adat Jawi: manawi tiyang langkung ing ngajengipun tiyang sanes pnapa malih ingkang langkung sepuh, anggenipun mlampah kedah radi mbungkuk kanthi matur: “nyuwun sewu.” Ing masyarakat sanes saged ugi beda. Desa mawa cara negara mawa tata, saged kawastanan mekaten. Saben masyarakat ngggadhahi adat utawi kalimrahanipun piyambak-piyambak, mboten sami. Adat ngrumiyinaken ingkang langkung sepuh ugi limrah ing gesangipun masyarakat Jawi. Ing brayat menawi wonten ingkang nikah, saenipun urut nomer saking ingkang sepuh, menawi nglangkahi kedah nindakaken ingkang kawastanan “mbayar pelangkah.”
Ing gesangipun bangsa Israel ugi wonten adat ingkang saemper. Anak mbaieng berkahipun langkung kathah katimbang anak ragil. Mila nalika Yakub ngrentahaken berkah dhateng Manasye (ingkang mbajeng) srana asta kiwa dene berkah dhateng Efrayim (wuragil) srana numpangaken asta tengen, Yusuf protes awit kuwalik. Nanging Yakub tetep mberkahi srana caranapun kanthi katrangan ing ayat 19 bilih Efrayim ingkang wuragil badhe dados bangsa ingkang ageng lan langkung ageng panguwaosipin katimbang masipun, Manasye.
Kita ningali bilih Yakub ngewahi adat ingkang limrah. Yakub damel pranatan enggal kanthi dhasar ingkang cetha. Dados, adat saged kaewahan miturut kawontenan lan kabetahan. Pranatan kadamel kangge kasaenaning gesang sesarengan. Menawi pranatan punika mboten cocog kaliyan kawontenan lan kabetahan, prelu dipun ewahi, dipun gantos ingkang jumbuh kaliyan kabetahan lan kawontenan. Mboten wonten awisan kangge ngewahi adat, langkung-langkung manawi cengkah kaliyan kapitadosan Kristen. Kita mboten ngabdi dhateng adat, nanging dhumateng Gusti. Gusti mgersakaken sedaya saged lumampah kanthi sae, gesang sesarengan saged karaos ngremenaken lan nentremaken. Amin.|*WSMS