+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 24 November 2023,  Minggu Limrah XXIX

Yesaya 40:1-11; Jabur 100; Wahyu 22:1-9

AYEM TENTREM

Ing kutha kono ora ana barang sing kena ing laknate Gusti Allah.

Dhampare Gusti Allah lan Sang Cempe bakal

ana ing tengahe kutha kono. …” (Wahyu 22: 3)

Ngraosaken kawontenan ingkang ayem tentrem punika dados pepenginanipun saben tiyang. Wonten tiyang ingkang rekreasi dhateng seganten awit rumaos ayem nalika ningali toya dalasan alunipun. Wonten ingkang remen dhateng pareden, awit manahipun ayem lan tetrem nalika ningali wit-witan lan sato kewan.

Waosan kita nelakaken wontenipun kawontenan ingkang damel manah ayem lan tentrem ingkang kagambaraken srana wontenipun lepen ingkang bening kados kristal ingkang kawastanan toyaning kauripan. Lepen punika medal saking dhamparipun Gusti Allah lan Sang Cempe. Ugi wonten wit-wit kauripan ingkang ajeg ngedalaken woh lan ronipun saged kangge nyarasaken para bangsa. Dhamparipun Gusti Allah lan Sang Cempe badhe wonten ing satengahing kitha punika. Kawontenan ing kitha punika sarwa ngremenaken, mboten wonten laknatipun Gusti Allah. Sadaya tiyang sami ngabekti dhumateng Gusti Allah lan dhumateng Sang Cempe.

Punapa kita saged ngraosaken ayem tentrem ing gesang padintenan? Temtu kemawon saged, ananging kadhangkala, kita ngraosaken ingkang kosok-wangsul, manah kita goreh, bingung, kuwatos, boten ayem lan tentrem. Saged ugi manah kita ngangah-angah awit benthik kaliyan tiyang sanes, manah kita ketaton awit pitembungan lan tumindakipun tiyang sanes.

Nyipati gegambaran ing perikop kita punika, kita prelu enget bilih kita katimbalan mujudaken ayem lan tentrem ing gesang kita padintenan. Kita kadhawuhan nelakaken pangrehipun Gusti Allah lan Sang Cempe ingkang ngereh lan mranata gesang kita, ingkang dhedampar ing satengahing gesang kita. Srana ngabekti dhumateng Panjenenganipun kita saged mujudaken tentrem-rehayu ing gesang sesarengan, senadyan punika mboten gampil. Prelu katemanan lan perjuwangan. Amin|*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ