+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 17 November 2023,  Minggu Limrah XXVIII

Para Hakim 2:16-23; Jabur 123; Wahyu 16:8-21

TAKSIH WONTEN KADURJANAN

“… supaya bangsa-bangsa iku kena Sunagem nyoba wong Israel,

 apa bakal padha lestari ngambah ing dalan pitedahe Sang Yehuwah

kaya-dene para leluhure apa ora.”

(Para Hakim 2:21-22)

Kena apa ya kok isih ana wong durjana: kecu, maling, rampog, raja pati, korupsi, pangroda peksa lan sapiturutipun? Kena apa Gusti Allah ora nyirnakaken wong-wong sing durjana? Kamangka wong-wong kuwi gawe susahe wong akeh lan awake dhewe. Mekaten pitakenan ingkang asring kita pireng. Kenging punapa Gusti Allah ngendelaken tiyang-tiyang durjana punika?

Nalika bangsa Israel mlebet tanah Kanaan saking tanah pangawulan Mesir, tanah punika sampun dipun enggeni dening bangsa-bangsa sanes. Wonten bangsa-bangsa ingkang dipun singkiraken, dipun tundhung. Nanging ugi wonten ingkang mboten. kanthi tembung sanes, dipun kendelaken manggen ing tanah Kanaan punika. Kenging punapa Sang Yehuwan mboten nundhungi sedaya bangsa punika? Kenging punapa taksih dipun ngengeh? Ayat kita nelakaken….. Sunagem nyoba wong Israel. Bangsa-bangsa punika kaagem ndadar kapitadosanipun bangsa Israel dhumateng Sang Yehuwah, tetep ngabekti dhumateng Sang Yehuwah punapa mboten.

Mawarni-warni kadurjanan taksih wonten lan kita mangertosi pawartosipun lantaran TV utawi radhio utawi ningali youtube lan medhia-medhia sanesipun. Kadurjanan punika ndadosaken  kita Kathah tiyang ingkang gadhah raos miris, ajrih, kuwatos, was-was. Tiyang dados mboten aman nalika wonten ing griya punapa-dene ing margi.

Kadurjanan ing sakiwa tengen kita punika kula kinten ugi wujuding pandhadaripun Gusti Allah dhateng kita. Nyipati kawontenan punika, wontenipun tiyang-tiyang durjana ing sakupeng kita, punapa kita tetep nyepengi kapitadosan kita dhumateng Gusti punapa malah nyelaki Gusti, kelu dhateng tumindaking para durjana temah kita tumut nindakaken kadurjanan?

Iba renaning penggalihipun Gusti, awit yen kita saged nyingkiri kadurjanan lan nindakaken kasaenan dhateng sedaya tiyang ingkang kita panggihi, mboten namung ingkang kita tepangi lan kita eringi, ateges kita lulus saking pandhadhar utawi peneteripun Gusti Allah. Amin.|*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ