+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 16 November 2023, Minggu Limrah XXVIII

Amos 6:1-14; Jabur 52; Lukas 8:4-10

SINTEN INGKANG LEPAT?

“Banjur tuwuh golongan kang ora wanuh marang Sang Yehuwah lan ora ngreti bab apa kang katandukake dening Panjenengane marang wong Israel (Para Hakim 2:10).

Sasampunipun Senapati Yusak lan tiyang-tiyang sabarakanipun sami sumare, tuwuh golongan sanes, ingkang beda kaliyan golongan saderengipun. Beda ing bab anggenipun ngabekti dhumateng Sang Yehuwah. Mboten namung beda, nanging beda sanget, Sang Yehuwah lan pakaryanipun mboten sami dipun mangertosi. Saestu, punika kawontenan ingkang mrihatosaken sanget. Ing ayat-ayat salajengipun kacariyosaken bilih bangsa Israel lajeng nglampahi ingkang awon, ngabekti dhateng para Baal, mboten ngabekti dhumateng Sang Yehuwah.

Punika nelakaken bilih wonten pedhoting sesambetan ing antawisipun generasinipun Senapati Yusak lan generasi saksampunipun. Nggatosaken ayat 7 kados-kados ingkang ndadosaken golongan punika mboten tepang kaliyan Sang Yehuwal lan pakaryanipun awit mboten sami mangretosi pakaryanipun Sang Yehuwah dhateng para leluhuripun. Kejawi punika, generasi punika mboten dipun cariyosi bab pakaryanipun Gusti dening tiyang sepuhipun. Dados, para leluhuripun mboten mulangaken pakaryanipun Sang Yehuwah dhateng generasi salajengipun.

Kados pundi kawontenaning anak-putu kita? Punapa generasi kita, dadosa, Generasi X punapa-dene Generasi Baby Boomer[1] (para eyang) sampun paring piwulang dhateng anak-putu kita bab Gusti Allah lan pakaryanipun? Punapa generasi sasampunipun kita, kita tepangaken kaliyan Gusti Allah ingkang ing Gusti Yesus Kristus sampun nindakaken pakaryanipun ingkang milujengaken? Mugi-mugi ingkang dipun alami dening bangsa Israel mboten dipun alami dening anak-putu kita. Amin.|*WSMS


[1] Beresfod Research damel krlompok generasi:

Gen Z kelairan  1997-2012 ing taun 2021 umur  9-24 lan

Gen Y utawi Milenial: kelairan 1981-1996 lan ing taun 2021 umur 25-40 taun

Gen X kelairan 1965-1980 lan ing taun 2021 umur 41-56 taun

Baby Boomers: kelairan taun 1946-1964 lan ing taun 2021 umur 57-75 taun

Gen Alpha: kelairan taun 2010-2011 dumugi sapunika

https://.kompas.com – Tren

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ