Yeremia 31:31-34; Jabur 78; Mateus 24:29-35
PANGAPUNTENING DOSA
“… awit kaluputane bakal Sun apura lan dosane wus ora Sun engeti maneh
(Yeremia 31:34)
Kathah tiyang ingkang ngendhem sengit awit kalepatanipun tiyang sanes ingkang damel sangsara lan cilaka, ngantos kecalan kabingahan. Manawi kita gatosaken pawartos ing televisi, kita mrangguli kathah kedadosan raja-pati. Raja-pati tiyang-sepuh dhateng anakipun, anak dhateng tiyang-sepuhipun, sesami sedherek, dhateng kanca lan sapanunggilanipun. Limrahaipun raja-pati punika kelampahan awit wontenipun raos sengit ingkang dipun simpen, dipun endhem. Tiyang mboten saged ngapunteni kalepatanipun tiyang sanes ingkang damel sakit lan tatuning manah, ingkang damel manah njarem.
Manawi kita gatosaken ayat 32, kita badhe mengertos kados-pundi cuwanipun Sang Yehuwah ingkang dipun selaki dening umat kagunganipun. Gusti sampun ngentas umatipun saking tanah Mesir sarta ngreksa lan ngrimati umatipun. Sampun kaparingan Toret lan aprajanji badhe gesang manut ing pangandikanipun, nanging nyatanipun sami nyelaki Panjenenganipun. Senadyan mangkenipun sami kabucal dhateng Babil, Gusti Allah kersa ngirid wangsul bangsa Israel dhateng tanahipun malih. Mboten namung punika, Gusti Yesus miyos lan ing sugengipun nelakaken pambangunturutipun dhumateng Kang Ramanipun, nebus manugsa saking dosanipun. Dosaning manungsa kaapunten, mboten kaenget-enget malih dening Gusti Allah.
Punapa ingkang kita tindakaken sasampunipun nampi panebusing dosa saking Gusti Allah lantaran seda, sangsara, lan wungunipun Gusti Yesus Kristus? Punapa kita sampun netepi dhawuhipun ingkang sampun katanem ing manah kita? Punapa kita taksih ngendhem sengit dhateng sesamai kita ingkang damel kalepatan dhateng kita? Punapa kita taksih ngenget-enget kalepatanipun tiyang-tiyang ingkang nate katandukaken dhateng kita, ingkang nate damel cuwa lan natoni manah kita? Mboten wonten tiyang ingkang sampurna. Pangabekti lan pambangun turut kita dhumateng Gusti ugi mboten sampurna. Ewasemanten Gusti kersa paring pangapunten dhateng kita. Punapa kita ugi suka pangapunten dhateng tiyang-tiyang ingkang nate damel lepat dhateng kita? Gusti sampun mboten ngenget-enget malih kalepatan kita. Amin.|*WSMS