+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 14 November 2023, Minggu Limrah XXVIII

Nehemya 8:1-12; Jabur 78; I Tesalonika 3:6-13

ANDUM BERKAH, ANDUM KABINGAHAN

Wis muliha, mangana enak, ngombea kang legi lan menehana berkat

marang para wong kang ora duwe apa-apa, awit dina iki sesengkerane Gusti kita! Aja padha prihatin, awit-dene kabungahan peparinge Sang Yehuwah iku kang dadi pangayomanmu”

(Nehemya 8:11)

Saking tanah pambuwangan Babil Nehemya nuweni bangsanipun ing tanah Israel (Yehuda). Nehemya ugi mbangun malih Padaleman Suci ing Yerusalem ingkang sampun risak. Sareng pambangunan rampung, dening Sang Prabu Nebukadnezar bangsa Israel ing pambuwangan kaparenganken wangsul dhateng tanah Israel lan mapan ing kithanipun piyambak-piyambak. Sasampunipun sami mapan ing kithanipun piyambak-piyambak, lajeng sami nglempak ing plataran gapura Banyu nyuwun nabi Ezra maosaken kitabipun Nabi Musa. Sedaya tiyang, jaler lan estri sami mirengaken.

Dinten punika dados dinten sesengkeranipun Sang Yehuwah. Bangsa Israel mboten pareng sami prihatos lan nangis, awit sampun mireng suraosipun Toret. Tiyang-tiyang punika lajeng kadhawuhan nedha eca lan ngombe manis lan andum tetedhan lan toya manis punika dhateng tiyang-tiyang ingkang kacingkrangan. Sedaya kadhawuhan sami bingah-bingah. Mboten dipun terangaken kenging punapa dinten punika dados dinten kabingahan lan nedha eca. Punapa saderengipun sami siyam awit prihatos gegayutan kaliyan pambangunan Padaleman Suci ingkang kebak ing pambengan? Mboten wonten katrangan. Ingkang wigati, dinten punika dados dinten kabingahan peparingipun Sang Yehuwan. Ing dinten kabingahan punika kadhawuhan sami enget dhateng sedherek-sedherekipun ingkang kakirangan. Berkah kabingahan punika mboten kenging namung kangge dhirinipun piyambak.

Ing gesang sesarengan ing satengahing pasamuwan lan masyarakat, kita mrangguli wonten tiyang ingkang kacingkrangan. Kita prelu migatosaken tiyang-tiyang ingkang mbetahaken pitulungan, ingkang nandhang kekirangan punika. Sajatosipun, dinten-dinten kita punika dinten ingkang mbingahaken awit Gusti Allah ingkang ngayomi lan ngrimati gesang kita. Kabingahan peparingipun Gusti punika prelu kita dum kaliyan tiyang sanes, kabingahan punapa kemawon. Srana mekaten, tiyang sanes ugi saged ngraosaken kabingahan saking Gusti Allah. Amin.|*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ