+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 25 November 2023,  Minggu Limrah XXIX

Yehezkiel 34:25-31; Jabur 100; Mateus 12:46-50

PARA SADHEREKIPUN GUSTI YESUS

“… Gusti Yesus ngendika: “Iki ibu-Ku lan sedulur-sedulur-Ku!”

Awit sing sapa nglakoni kersane Rama-Ku kang ana ing swarga;

iya kuwi sedulur-sedulurku lanang lan wadon sarta ibu-Ku

(Mateus 12:49-50)

Manawi kita nembe kempal-kempal, lan wonten ingkang taken: “taksih sedherek?” Lajeng pun wangsuli: “Inggih, sedherek ing patunggilanipun Gusti Yesus.” Cethanipun, ing Gusti Yesus, kita punika sedherek. Mboten namung punika, malah ing Gusti Yesus kita punika dados sedherek. Kanthi cekak saged kawastanan bilih kita punika sasedherek dados para sedherekipun Gusti Yesus. Kita temtu remen sinebat para sedherekipun Gusti Yesus. Kosok-wangsul kaliyan Gusti Yesus. Gusti Yesus ketingal mboteb remen nalika wonten tiyang ingkang matur bilih ibu lan para sedherekipun Gusti Yesus kepengin manggihi Panjenenganipun. Kados-kados Gusti Yesus mboten kersa ngakeni, malah  nampik bilih punika ibu lan sedherek-sedherekipun. Punapa inggih mekaten? Sayektosipun mboten mekaten.

Kanthi nuding para muridipun Gusti Yesus ngendika : “Iki ibu-Ku lan sedulur-sedulur-Ku!” Srana mekaten,Gusti Yesus ngersakaken supados para murid dados kelompok patuladhan, dados kelompok percontoan tumrap tiyang sanes. Pangandikanipun Gusti Yesus punika mbereg para murid supados sregep nindakaken dhawuhipun Gusti Yesus, dados tiyang-tiyang ingkang mbangun turut dhumateng Panjenenganipun. Para murid kaangkat, katetepaken dados para sedherekipun Gusti Yesus ingkang sumedya lan remen mbangun turut dumateng Panjenenganipun.

Punapa kita seneng dados para sedherekipun Gusti Yesus? Temtu kwmawon. Ananging, tetepan dados sedherekipun Gusti Yesus punika mboten kangge gagah-gagahan, mboten kangge umuk, wonten kalajenganipun, wonten konsekwensinipun inggih punika: mbangun turut, remen nindakaken kersanipun, purun mujudaken pakaryanipun Gusti Yesus ingkang ateges ugi nindakaken kersanipun Sang Rama. Punapa kita sampun siyaga dados para sedherekipun Gusti Yesus? Punapa kita sampun siyaga dados tuladha tumrap tiyang-tiyang ingkang kita panggihi ing gesang kita? Temtu punika mboten gampil, kita kedah purun ngupadi kanthi temen-temen. Gusti Yesus mesthi mitulungi kita. Amin.|*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ