Mikha 2:1-13; Jabur 80:1-7, 17-19; Mateus 24:15-31 DIAWAS MARANG NABI-NABI PALSU “Sebab kristus-kristus palsu lan nabi-nabi palsu bakal padha njedhul, sarta padha nindakaké mujijat-mujijat lan kaélokan-kaélokan kanggo nasaraké wong. Malah yèn bisa, iya arep nasaraké umat pilihané Gusti Allah”. (Mateus 24:24) Saben ngadhepi pemilihan umum, ana wae politisi sing ngomong menawa calon sing didukung iku satria-piningit, malah uga “Ratu Adil” utusane Gusti sing bakal njejegake kaadilan, kabeneran, lan mbabarake tentrem rahayu ing satengahing bangsa. Pangandel bab satria piningit lan ratu adil iku adhedhasar pameca ing tradisi Jawa. Pengarep-arep bab Sang Mesih sing bakal rawuh lan nylametake umat manungsa iku diuripi ing akeh kabudayan lan agama. Pengarep-arep lan pangandel iku digunakne dening politisi kanggo golek swara. Ora mung dening politisi, ana uga saka kaum agama martakne rawuhe kristus-kristus palsu lan nabi-nabi palsu kanggo kapentingane dhewe. Bangsa Indonesia iku pracaya marang Gusti Allah. Emane anggone urip ngabekti lan nindakake piwulang agamane akeh sing mung pracaya tanpa nyuraos lan nitipriksa kanthi nalar sing pener. Saben-saben ana wae sing dianggep pemimpin agama lan dieloni dening wong akeh, nanging malah ketanggor urusan polisi amarga tumindak kriminal, nglumpukne dana umat nanging kanggo kapentingan pribadhi. Malah ana uga sing diukum amarga kasus asusila, ngrodhapeksa murid-muride. Nanging sing nggumunke, sanajan wis cetha bejad lan alane, tetep wae ana sing mbelani adhedhasar ayat-ayat suci lan piwulang agamane. Gusti Yesus wus mituturi para murid, supaya padha waspadha lan nitipriksa nalika ana pawarta bab Sang Kristus utawa nabi-nabi sing njedhul ing jaman kita. Agama kerep ditunggangi dening kapentingan politik, mung kanggo golek swara, kalungguhan lan kwasa, cara-cara sing ngapusi lan nindhes sanajan nyalahi pranatan tetep dibela lan dibenerke. Nalika kita nemoni kahanan sing kaya ngono, cetha menawa iku kristus palsu lan nabi palsu, gusti allah-e sing diwartakne uga palsu. |*YTP
Jemuwah, 1 Desember 2023 Minggu Sang Kristus Ratuning Jagad
Zakharia 14:1-9; Jabur 80:1-7, 17-19; I Tesalonika 4:1-8 URIP KAJEN “Padha ngudia urip klawan tentrem; ngurusana prekaramu dhéwé, lan ngupayaa rejekimu dhéwé, kaya sing dakkandhakaké biyèn. Srana patrap mengkono kowé bakal kajèn ana ing tengahé wong sing ora tunggal precaya. Lan menèh kowé iya banjur ora gumantung karo wong liya ing bab nyukupi kebutuhanmu” (I Tesalonika 4:11-12) Ana piwulang Jawa mangkene: Ajining dhiri gumantung saka lathi. Ajining sarira gumantung saka busana. Wong ora bisa nitipriksa lan meruhi apa sing ana ati utawa batine wong liya. Sing bisa disawang mung sing kasat mripat, sing katon lan kelair. Nanging nyawang wong liya iku uga ora gampang, akeh sing kleru anggone milih, kamangka sing kapillih iku bakale ngasta kalungguhan lan panguwasa sajrone limang tahun ing satengahing bangsa. Pasamuwan Kristen katimbalan supaya uripe nulad marang Sang Kristus, kang jumeneng minangka Sesirah, lan Ratuning pasamuwan. Ing brayat Kristen, sanajan sacara administrasi pemerintahan suami utawa bapak iku dadi Kepala Keluarga, nanging sejatine Gusti Yesus kang kagungan pangwasa mranata lan ngreksa tata urip kulawarga. Lan iya suami lan istri, wong tuwa lan anak-anak iku patunggilan pasamuwane Gusti kang sumuyud lan ngestokake dhawuh lan kersane Gusti Yesus kang jumeneng Sesirah. Dina iki sabdane Gusti ngelingake kita, supaya ngudi urip sing kajen ing satengahing tata urip bebarengan. Urip kajen iku lelawanan karo pansos, tegese panjat sosial, terkenal ing media sosial amarga tumindake. Kajen iku lelawanan karo caper, tegese cari perhatian ben dadi viral. Jaman iki akeh sing lamis supaya dialem dening wong liya. Lan kojur nalika konangan iku mung ngapusi, amarga uripe satenane jane ora kaya sing dipamerke liwat media. Urip kajen iku diwiwiti saka awake dhewe, anggone ngurus prekarane dhewe, ngupaya rejekine dhewe, ora gumantung wong liya anggone nyukupi kabutuhane. Urip kajen iku mandiri. Malah sokur-sokur dadi dalane berkah, anggone tetulung lan leladi marang wong liya. Mugi kita kasantosakne mujudake urip kajen. |*YTP
Kemis, 30 November 2023, Minggu Sang Kristus Ratuning Jagad
Zakharia 13:1-9; Jabur 80:1-7, 17-19: Wahyu 14:6-13 JANJI LAN PANYUWUNAN “Kawula sami mboten badhe nyleweng saking Paduka, kawula mugi Paduka gesangi, satemah badhe nyebut asma Paduka” (Jabur 80:19) Kula enget wonten wicantenan ing radhio ing antawisipun lare kaliyan pakdhenipun. Si lare dipun ajak nonton kethoprak. Si lare ingkang suwaunipun mboten purun, lajeng purun awit badhe dipun traktir bakso. Juru masmur punika ngaturaken janjinipun dhumateng Gusti Allah. Juru masmur janji mboten badhe nyleweng saking Gusti Allah, janji badhe dados umatipun Gusti Allah ingkang mbangun turut dhumateng Panjenenganipun. Juru masmur punika nyebut umat Israel minangka wit anggur ingkang kapundhut saking tanah Mesir, katanem ing tanah prasetyan ngantos ngoyod lan ngedalaken woh ingkang sampun karaosaken dening tiyang katah, dumugi pundi-pundi. Nanging sapunika wit anggur punika sampun sami risak, pageripun jugrug, wohipun dipun tedha sato kewan ing ara-ara. Bab punika nelakaken kados pundi kawontenanipun bangsa Israel nalika semanten. Risak, nelangsa, (merana). Punapa sebabipun? Awit dosa-dosanipun. “Kawula mugi sami Paduka gesangi.” Panyuwunan punika gegayutan kaliyan janji ingkang kaucapaken “Kawula sami mboten badhe nyleweng saking Paduka.” Juru masmur nyuwun bangsanipun kapulihaken. Janji anggenipun mboten badhe nyleweng (malih) punika kasarengan panyuwunan. Kados pundi tumraping gesang kita? Punapa kita ugi nate nelakaken janji-janji dhumateng Gusti Allah kakanthenan panyuwunan? Contonipun: kawula badhe cecawis kanthi temen-temen, kawula nyuwun lulus testing. Punapa janji lan panyuwunan ingkang kados mekaten punika klentu? Punapa panuwunan ingkang kados mekaten punika dipun awisi? Kula kinten mboten. Ingkang penting punapa janji kita punika kita tetepi? Kejawi punika, punapa janji kita punika nelakaken sebab-akibat? Nindakaken janji punika supados Gusti maringi panyuwunan kita? Janji lan panyuwunan punika sanes sebab-akibat. Panyuwunan kita dhumateng Gusti kaparingaken miturut kersanipun. Dene janji kita punika mujudaken tanggapan kita awit kasaenanipun Gusti dhateng kita. Amin |*WSMS
Lowongan Kerja UPKM/CD Bethesda YAKKUM Yogyakarta
UPKM/CD Bethesda YAKKUM Yogyakarta membuka kesempatan untuk melakukan pelayanan dan pengembangan kesehatan masyarakat melalui program “Pengendalian Terpadu HIV dan AIDS di Kabupaten Belu dan Kota Yogyakarta” dengan penempatan di Kabupaten Belu, Provinsi NTT. Berikut Link Google Form untuk mengisi data calon pelamar sesuai tertera di pengumuman:https://forms.gle/RqjLUDC3PZv3Gcgm8
Rebo, 29 November 2023, Minggu Sang Kristus Ratuning Jagad
Yeheskiel 33:7-20; Jabur 7; Yokanan 5:19-40 DADI WONG JAGA “Dene sira, he, anaking manungsa, sira Sundadekake penjagane para turune Israel. Samangsa sira krungu pangandikaning-Sun, wong-wong iku padha elingna atas asmaning-Sun” (Yeheskiel 33:7) Ing papan-papan ingkang wigatos kadosdene bank, kantor pamarentah, sekolah, pabrik punika limrahipun wonten petugas ingkang njagi 24 jam. Tiyang ingkang jagi punika tugasipun njagi keamanan, ngawasi tiyang-tiyang ingkang dhateng ing papan punika. Ingkang sami dhateng punika tiyang-tiyang sae punapa tiyang-tiyang awon, tiyang-tiyang ingkang panci gadhah kapentingan utawi badhe damel rusuh. Menawi kedadosan wonten rerusuh, gegeran, kawontenen kisruh temtu punika tanggel jawabipun ingkang njagi papan punika. Bangsa Israel ugi prelu dipun jagi, mila Sang Yehuwah ngangkat nabi Yeheskiel minangka penjaginipun Israel. Tugasipun Yeheskiel mboten njagi Israel awit dhatengipun mengsah saking njawi, nanging mengsah saking lebet, inggih punika saking dhirinipun piyambak. Bangsa Israel kaancam dening polahipun piyambak ingkang duraka, ingkang lelawanan kaliyan kersanipun Sang Yehuwah. Gesangipun bangsa Israel saged tumuju dhateng kamursidan nanging ugi saged tumuju dhateng kamursalan. Bangsa Israel saged suci gesangipun, nanging ugi saged duraka. Kasucen lan kadurakan saged gilir-gumantos ndhatengi bangsa Israel. Mboten wonten tiyang mursid saged mursid salaminipun. Saged kemawon ing satunggaling wekdal dados tiyang mursal/duraka. Mboten wonten tiyang duraka salaminipun nindakaken kadurakan. Saged kemawon ing satunggaling wekdal dados tiyang mursid. Nabi Yeheskiel kaparingan ayahan njagi bangsa Israel supados wekasanipun dados bangsa ingkang mursid, ingkang kaparingan gesang dening Sang Yehuwah. Panci pejah lan gesang punika hakipun Gusti Allah, ewasemanten kita gadhah tanggel jawab tumrap sesami kita. Mila kita sedaya ugi katimbalan dados penjagi, tiyang ingkang njagi sesami kita, kados-dene nabi Yeheskiel. Kita kadhawuhan ayahan njagi sesami kita supados wekasanipun nampi gesang, sanes pejah. Srana dados penjaginipun tiyang sanes sajatosipun kita ugi dados penjaga tumrap dhiri kita piyambak. Supados wekasanipun kita nampi kawilujengan awit kamursidan kita, sanes paukuman awit kadurakan kita. Amin. |*WSMS
STFT Jakarta memberikan kesempatan bekerja sebagai posisi Staf
STFT Jakarta memberikan kesempatan bekerja sebagai posisi Staf Unit Penjaminan Mutu Internal dan Staf Bagian Administrasi Institusi. Ketentuan, kualifikasi, serta dokumen yang diperlukan untuk melamar dapat dibaca pada e-flyer berikut ini. Dokumen paling lambat di email ke Kepala Bagian Umum/Personalia (camelia.kiki@stftjakarta.ac.id) pada Jumat, 11 Desember 2023.
Sidang Istimewa Klasis Citanduy
Kawunganten, 28 November 2023Sidang Istimewa Klasis Citanduy digelar pada hari Selasa, 28 November 2023 di Gereja Kristen Jawa (GKJ) Kawunganten. Sidang tersebut dihadiri oleh seluruh anggota Majelis Gereja-gereja Kristen Jawa se-Klasis Citanduy. Dihadiri oleh Bapelklas Banyumas Selatan dan Visitator Sinode GKJ.Sidang ini digelar dengan agenda tunggal, yaitu pembahasan pengunduran diri Pdt. Dwi Eko Abriwijono, Pendeta di GKJ Kawunganten. Sidang Istimewa Klasis Citanduy menerima pengunduran diri dan menghormati keputusan Pdt. Dwi Eko Abriwijono.
Slasa, 28 November 2023, Minggu Sang Kristus Ratuning Jagad
Ester 8:3-17; Jabur 7; Wahyu 19:1-9 DAMEL LEGANING MANAH “Wong Yahudi padha lega atine lan ngrasakake kabungahan, kasenengan, lan kaurmatan” (Ester 8:16) Kita temtu nate rumaos sumpek, sae punika sumpek ing manah utawi sumpek amargi papan ingkang umpek-umpekan. Sumpeking manah utawi sumpeking papan ndadosaken seseking manah, sisah, kuwur. Manah mboten ngraosaken longgar. Mekaten ingkang dipun alami dening tiyang Yahudi ing jamanipun Ester. Gesangipun sami kaancam dening bebaya, awit wonten tiyang ingkang mboten remen dhateng bangsa Yahudi inggih punika Haman. Haman gadhah kalenggahan ingkang sae, Haman dados tiyang ingkang pinitados dening Sang Prabu Ahasyweros. Temtunipun Haman mboten piyambakan, nanging wonten kelompokipun. Ewasemanten, Sang Prabu Ahasyweros mboten mawang tiyang, sinten ingkang damel lepat kaparingan paukuman, mekaten ugi Haman. Sasampun Haman mboten wonten, Sang Prameswari Ester lan Mordekhai kaparingan kapitadosan lan wewengan kangge mitulungi bangsanipun. Sang prameswari Ester lan Mordekhai kadhawuhan damel serat ingkang katujokaken dhateng saben tiyang ingkang gadhah wewenang ing tlatahing Sang Prabu Ahasyweros. Isining serat: bangsa Yahudi kaparingan wewenang kangge mranata gesangipun kabiyantu dening sedaya adhahanipun Sang Prabu Ahasyweros. Soksintena mboten kenging ngganggu gesangipun bangsa Yahudi. Putusanipun Sang Prabu Ahasyweros ingkang awujud undhang-undhang punika enggal-enggal kakintun dhateng para pangageng ing krajanipun Sang Prabu Ahasyweros. Srana mekaten sadaya pangagenging paprentahan sami nampi undhang-undhang wau. Dados, sedaya pengageng sampun mangertos undhang-undhang wau. Bab punika ndadosaken bangsa Yahudi lega manahipun awit sampun luwar saking bebaya. Sang Prameswari Ester lan Mordekhai mitulungi bangsanipun ingkang sumpek temah saged dados lega. Punika panci sanes pakaryan ingkang entheng lan gampil. Kekalihipun kedah nggadhahi kakendelan nindakaken bab punika. Panjenengan sedaya temtu ugi kagungan pengalaman ingkang sami, ndadosaken tiyang sanes lega manahipun. Gusti mberkahi sedaya pangudi ingkang kados mekaten. Amin |*WSMS
Senen, 27 November 2023, Minggu Sang Kristus Ratuning Jagad
Ester 2:1-18; Jabur 7; II Timotius 2:8-13 NGUNJUKAKEN PANUWUN LAN NGIDUNGAKEN MASMUR “Aku arep ngunjukaken panuwun marang Sang Yehuwah amarga saka kaadilane, sarta ngidungake masmur kagem asmane Sang Yehuwah, Kang Mahaluhur” (Masmur 7:18) Masmur 7 punika kawiwitan kanthi katrangan: Kidung pasambat anggitane Sang Prabu Dawud. Sang Prabu Dawud ingkang dipun pitados nganggit masmur punika sajakipun anggenipun sambat awit dipun pitenah (ayat 4-5). Sang Prabu Dawud mboten rumaos nindakaken kaculikan, damel piawon, mitunani tiyang sanes, nanging kok dipun oyak-oyak tiyang sanes. Ing kawontenan ingkang kados mekaten punika Sang Prabu Dawud sesambat dhumateng Gusti, nyuwun pitulunganipun Gusti sampun ngantos tiyang-tiyang punika sami nubruk lan nyeret Sang Prabu Dawud. Liripun, Sang Prabu Dawud nyuwun kaadilan dhumateng Sang Yehuwah. Sang Yehuwah ingkang pirsa samukawisipun, ugi pirsa Sang Prabu Dawud tumindak leres punapa tumindak klentu malah awon. Sang Yehuwah ingkang pirsa sinten ingkang leres lan prelu dipun belani, lan sinten ingkang lepat utawi duraka tamtu badhe kadhawahan bebendu. Sang Prabu Dawud pitados dhumateng kaadilanipun Sang Yehuwah. Pasambat asring dados kekidungan kita ing gesang kita padintenan. Mawarni-warni pasambat asring medal saking tutuk kita, pasambat awit: sakit, gaji sampun telas saderengipun nampi malih, tumindak kita dipun wewada, pamanggih kita mboten dipun tampi, pamoyokipun tiyang sanes, nampi tumindak mboten adil, dipun pitenah lan sanes-sanesipun. Pasambat punika nelakaken bilih kita mboten kiyat ngadhepi sedaya wau, mboten kuwawi pados margi kangge ngrampungi prekawis ingkang dipun adhepi. Nanging pasambat ugi saged nelakaken anggen kita pasrah dhumateng Gusti awit punapa ingkang kita lampahi mboten wonten wohipun, kados-kados tanpa gina. Punika mboten ateges bilih anggen kita pasrah awit sampun mentog, sampun mboten wonten margi malih, nanging mujudaken sikep pitados dhumateng kawicaksananipun Gusti. Panci kita kedah ngudi, nanging inggih kedah pitados dhumateng Gusti ingkang ngreksa gesang kita. Awit pitulunganipun Gusti punika, kita pelu ngaturaken panuwun lan pamuji sokur ing sakuruting gesang kita. Amin. |*WSMS
Ahad, 26 November 2023, Minggu Sang Kristus Ratuning Jagad
Yehezkiel 34:11-16, 20-24; Jabur 100; Efesus 1:15-23; Mateus 25:31-46 PITADOS DHUMATENG GUSTI LAN TRESNA DHATENG SESAMI “Mulane, aku iki sawuse krungu bab pracayamu marang Gusti Yesus lan bab tresnamu marang sakehe para suci, ora kendhat anggonku caos sokur marga saka kowe kabeh” (Efesus 1:15-16a) Pitados dhumateng Gusti Yesus lan tresna dhateng sesami punika wonten sambet-rapetipun. Pitados punika nelakaken sesambetan kita kaliyan Gusti. Pitados dhumateng Gusti punika ateges masrahaken sawetahing gesang dhateng pangrehipun Gusti lan mbangun turut dhumateng Gusti. Mila saking punika kita mbudidaya mujudaken katresnan dhumateng Gusti lan sesami. Rasul Paulus bingah sanget mirsani gesanging pasamuwan Efesus ingkang sembada, ingkang mujudaken kapitadosan lan katresnan. Gesangipun pasamuwan ing Efesus damel mongkoging manahipun rasul Paulus. Kabingahanipun kawujudaken srana caos sokur dhumateng Gusti. Ewasemanten mboten ateges bilih rasul Paulus sampun mboten prelu paring pitedah malih dhateng pasamuwan Efesus. Pasamuwan Efesus kedah mangertos bilih gesangipun dereng sampurna senadyan sampun ndadosaken rasul Paulus bingah. Pasamuwan Efesus kedah tansah ngudi gesang ingkang sangsaya cundhuk kaliyan kersanipun Gusti. Mila rasul Paulus nyenyuwun supados Rohing kawicaksanan nuntun lan ngereh pasamuwan Efesus supados wanuh kaliyan Gusti Yesus kanthi leres. Kanthi tembung sanes, pasamuwan Efesus kedah tansah ngudi supados gesangpun sangsaya dangu sangsaya ngetingalaken gesang minangka tiyang ingkang sampun kawilujengaken, kawengku, lan kaereh dening Panjenenganipun ingkang sampun wungu saking antawisipun tiyang pejah. Kados pundi gesanging pasamuwan ing jaman sapunika? Kados pundi anggen kita mujudaken kapitadosan dhumateng Gusti lan mujudaken ing gesang kaliyan sesami? Angel? Temtu. Nanging mboten ateges kita lajeng kendel, mboten tumindak punapa-punapa. Kadhangkala kita rumaos mangu-mangu menawi badhe nggatosaken utawi nresnani sesami. Saged ugi wonten ingkang kagungan pamanggih bilih pitados dhumateng Gusti langkung gampil katimbang tresna dhateng sesami. Pitados dhumateng Gusti cekap srana: ndedonga, ngidung, misungsung ing greja. Tresna dhateng sesami kedah mbikak dhompet langkung lebet, urun tenaga, wekdal lan sanes-sanesipun. Nanging punapa pamanggig punika leres? Mangga sami kita manah-manah malih. Amin. |*WSMS



