+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 27 November 2023,  Minggu Sang Kristus Ratuning Jagad

Ester 2:1-18; Jabur 7; II Timotius 2:8-13

NGUNJUKAKEN PANUWUN LAN NGIDUNGAKEN MASMUR

Aku arep ngunjukaken panuwun  marang Sang Yehuwah amarga saka kaadilane, sarta ngidungake masmur kagem asmane Sang Yehuwah, Kang Mahaluhur (Masmur 7:18)

Masmur 7 punika kawiwitan kanthi katrangan: Kidung pasambat anggitane Sang Prabu Dawud. Sang Prabu Dawud ingkang dipun pitados nganggit masmur punika sajakipun anggenipun sambat awit dipun pitenah (ayat 4-5). Sang Prabu Dawud mboten rumaos nindakaken kaculikan, damel piawon, mitunani tiyang sanes, nanging kok dipun oyak-oyak tiyang sanes. Ing kawontenan ingkang kados mekaten punika Sang Prabu Dawud sesambat dhumateng Gusti, nyuwun pitulunganipun Gusti sampun ngantos tiyang-tiyang punika sami nubruk lan nyeret Sang Prabu Dawud. Liripun, Sang Prabu Dawud nyuwun kaadilan dhumateng Sang Yehuwah. Sang Yehuwah ingkang pirsa samukawisipun, ugi pirsa Sang Prabu Dawud tumindak leres punapa tumindak klentu malah awon. Sang Yehuwah ingkang pirsa sinten ingkang leres lan prelu dipun belani, lan sinten ingkang lepat utawi duraka tamtu badhe kadhawahan bebendu. Sang Prabu Dawud pitados dhumateng kaadilanipun Sang Yehuwah.

Pasambat asring dados kekidungan kita ing gesang kita padintenan. Mawarni-warni pasambat asring medal saking tutuk kita, pasambat awit: sakit, gaji sampun telas saderengipun nampi malih, tumindak kita dipun wewada, pamanggih kita mboten dipun tampi, pamoyokipun tiyang sanes,  nampi tumindak mboten adil, dipun pitenah lan sanes-sanesipun.

Pasambat punika nelakaken bilih kita mboten kiyat ngadhepi sedaya wau, mboten kuwawi pados margi kangge ngrampungi prekawis ingkang dipun adhepi. Nanging pasambat ugi saged nelakaken anggen kita pasrah dhumateng Gusti awit punapa ingkang kita lampahi mboten wonten wohipun, kados-kados tanpa gina. Punika mboten ateges bilih anggen kita pasrah awit sampun mentog, sampun mboten wonten margi malih, nanging mujudaken sikep pitados dhumateng kawicaksananipun Gusti. Panci kita kedah ngudi, nanging inggih kedah pitados dhumateng Gusti ingkang ngreksa gesang kita. Awit pitulunganipun Gusti punika, kita pelu ngaturaken panuwun lan pamuji sokur ing sakuruting gesang kita. Amin. |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ