+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 28 November 2023,  Minggu Sang Kristus Ratuning Jagad

Ester 8:3-17; Jabur 7; Wahyu 19:1-9

DAMEL LEGANING MANAH

Wong Yahudi padha lega atine lan ngrasakake kabungahan,

kasenengan, lan kaurmatan(Ester 8:16)

Kita temtu nate rumaos sumpek, sae punika sumpek ing manah utawi sumpek amargi papan ingkang umpek-umpekan. Sumpeking manah utawi sumpeking papan ndadosaken seseking manah, sisah, kuwur. Manah mboten ngraosaken longgar.

Mekaten ingkang dipun alami dening tiyang Yahudi ing jamanipun Ester. Gesangipun sami kaancam dening bebaya, awit wonten tiyang ingkang mboten remen dhateng  bangsa Yahudi inggih punika Haman. Haman gadhah kalenggahan ingkang sae, Haman dados tiyang ingkang pinitados dening Sang Prabu Ahasyweros. Temtunipun Haman mboten piyambakan, nanging wonten kelompokipun. Ewasemanten, Sang Prabu Ahasyweros mboten mawang tiyang, sinten ingkang damel lepat kaparingan paukuman, mekaten ugi Haman. Sasampun Haman mboten wonten, Sang Prameswari Ester lan Mordekhai kaparingan kapitadosan lan wewengan kangge mitulungi bangsanipun. Sang prameswari Ester lan Mordekhai kadhawuhan damel serat ingkang katujokaken dhateng saben tiyang ingkang gadhah wewenang ing tlatahing Sang Prabu Ahasyweros. Isining serat: bangsa Yahudi kaparingan wewenang kangge mranata gesangipun kabiyantu dening sedaya adhahanipun Sang Prabu Ahasyweros. Soksintena mboten kenging ngganggu gesangipun bangsa Yahudi.

Putusanipun Sang Prabu Ahasyweros ingkang awujud undhang-undhang punika enggal-enggal kakintun dhateng para pangageng ing krajanipun Sang Prabu Ahasyweros. Srana mekaten sadaya pangagenging paprentahan sami nampi undhang-undhang wau. Dados, sedaya pengageng sampun mangertos undhang-undhang wau. Bab punika ndadosaken bangsa Yahudi lega manahipun awit  sampun luwar saking bebaya. Sang Prameswari Ester lan Mordekhai mitulungi bangsanipun ingkang sumpek temah saged dados lega. Punika panci sanes pakaryan ingkang entheng lan gampil. Kekalihipun kedah nggadhahi kakendelan nindakaken bab punika.

Panjenengan sedaya temtu ugi kagungan pengalaman ingkang sami, ndadosaken  tiyang sanes lega manahipun. Gusti mberkahi sedaya pangudi ingkang kados mekaten. Amin |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ