Yehezkiel 36:24-28; Jabur 85:1-2, 8-13; Markus 11:27-33 KWASA LAN KAWENANGAN KANGGO TUMINDAK “Wong-wong mau padha matur marang Gusti Yésus: “Panjenengan nindakaken prekawis-prekawis menika adhedhasar pangwaos menapa? Sinten ingkang nyukani wewenang dhateng Panjenengan nindakaken menika sedaya?” (Markus 11:27-33) Sumbere kwasa ing donya iku mawerna-werna. Bandha, dana, kalungguhan, lan pangkat iku nduweni kwasa. Nanging akeh sing ora bisa dituku dening dhuwit, ora bisa diijoli bandha, ora bisa ditelukake dening kalungguhan utawa pangkat. Gusti Yesus anggone memulang kanthi kwasa kang gedhe, wong-wong padha eram, wong lara mari, sing kerasukan dhemit waras, malah wong mati uga tangi lan urip maneh. Saka ngendi kwasa lan kawenangane Gusti Yesus bisa nindakne sakabehing pakaryan mukjijat lan memulang? Gusti Yesus ora duwe bandha, dana, kalungguhan utawa pangkat. Anggone memulang lan martakake Injil Kratone Allah kang rawuh iku amarga panuntune Sang Roh Suci. Baptisane Yohanes Pembaptis dadi tenger anggone miwite pakaryane ing satengahing bangsa. Gusti Yesus beda karo para guru toret, wong Farisi lan para imam lan pinituwa. Wong-wong iku lulusan saka sekolah rabi ing Yerusalem, lan kajen kinurmatan ing satengahing bangsa amarga ngasta kalungguhan. Yagene Putrane Manungsa sing ora duwe susuh kanggo manggon, lan ora nduweni papan kanggo ngaso bisa duwe kwasa lan kawenangan sing gedhe kaya mangkono? Taun 2024 iki bangsa Indonesia bakal milih para wakil rakyat ing DPR, DPRD Propinsi, lan DPRD II. Bebarengan karo iku uga milih pasangan presiden lan wakil. Beda karo Gusti Yesus kwasa lan kawenangane iku asale saka Gusti Allah. Kalungguhan dadi anggota dewan perwakilan rakyat utawa pasangan presiden lan wakil iku cetha hasil pemilihan umum. Menawa Gusti Yesus makarya leladi kagem Gusti, DPR lan pasangan presiden lan wakil iku abdine rakyat, amarga dipilih dening rakyat, iya kudu tanggungjawab lan leladi kanggo kapentingan rakyat lan bangsa. |*YTP
Jemuwah, 8 Desember 2023 Minggu Adven I
Yeremia 1:4-10; Jabur 85:1-2, 8-13; L. Para Rasul 11:19-26 KAWITANE DISEBUT WONG KRISTEN “Bareng wis ketemu, Saulus nuli diajak menyang kutha Antiokia. Barnabas lan Saulus ana ing pasamuwan kono mulang wong akèh nganti setaun lawasé. Ya ana ing Antiokia kono para muridé Gusti Yésus wiwit disebut wong Kristen” (L. Para Rasul 11:19-26) Ing ilmu fisika ana hukum kelembaman Newton: Energi sing dibutuhake kanggo ngobahke barang sing mandeg supaya bisa obah iku luwih gedhe tinimbang energi sing dibutuhke kanggo njaga supaya barang sing wis mlaku tetep mlaku. Miwiti supaya sing sadurunge ora ana bisa dadi ana iku mbutuhke energi sing luwih. Pancen bener, sing wiwitan iku luwih abot lan rekasa tinimbang sing nglanjutake. Lelakone Para Rasul nyaritakne kahanan sing angel nalikane pasamuwan kawiwitan lan kabangun. Lan ing Anthiokia iku, patunggilan pasamuwan sing pracaya marang Gusti Yesus wiwit disebut minangka wong Kristen. Abad 21 iki agama Kristen dadi agama gedhe ing donya. Saka 7,8 milyar manungsa sadonya ing data tahun 2020, cacahe wong Kristen ana 31%, Islam 25%, Hindhu 15%, Buddha 6%. Sejarah adege pasamuwan Kristen saka kawitan kebak panganiaya, panguya-uya lan panindhes, malah kunjara lan pati. Nanging iku kabeh ora bisa ngalangi sumebare pawarta Injil Gusti Yesus lan Kratone Allah kang rawuh. Nalika wis dadi agama gedhe ing donya, aja lali menawa ing kawitan biyen pasamuwan Kristen iku mung pepanthan sing cilik lan ringkih ing antarane bangsa Yahudi lan bangsa-bangsa liyane. Kristen dadi agama gedhe amarga didadekne agama negara dening Kaisar Constantine ing abad IV. Sejarah kawitane pasamuwan memulang kita, supaya ora ngarah marang akehe wong sing dadi umat Kristen. Sing luwih dadi berkah kanggo donya iku dudu akehe wong Kristen, nanging wujud paseksesn anggone makarya leladi, amarga iman lan pengarep-arep ing Gusti Yesus. Akehe umat malah bisa dadi bebaya, dadi gaman politisi golek swara supaya bisa oleh kalungguhan lan kwasa nalika pemilu, kamangka dudu iku kersane Gusti. |*YTP
Kemis, 7 Desember 2023 Minggu Adven I
Hosea 6:1-6; Jabur 85:1-2, 8-13; I Tesalonika 1:2-10 TANSAH NGELINGI ING PANDONGA “Aku tansah padha saos sukur marang Gusti Allah merga kowé kabèh, sarta kowé tansah padha dakélingi ana ing pandongaku”. (I Tesalonika 1:2) Ndedonga kanggo wong liya iku tandha nggatekne lan ora nglalekne. Lan luwih saka ngelingi, ndongakne wong liya iku wujud sesambungan sing rumaket lan katresnan sing naleni. Ora bakal ana pandonga sing elek. Ndedonga tansah mujekake apa sing becik. Nyuwunake berkahe Gusti supaya ngreksa lan ngayomi kita. Rasul Paulus dadi tuladha, anggone nggatekne marang pasamuwan kayadene wongtuwa marang anak-anake. Siji lan sijine saben-saben tansah didongakne. Surat-surat sing ditulis dening Rasul Paulus lan kakirim marang pasamuwan-pasamuwan iku dadi layang katresnan sing dienteni, ditampa kanthi bungah, disuraos bebarengan ing pasamuwan. Ing jamane Rasul Paulus durung ana handphone, chat liwat whatsapp, utawa email. Nanging sakabehe alangan iku ora dadi alesan anggone Rasul Paulus tansah nulis surat, ngatag lan memulang pasamuwan, lan ora lali ndongakne pasamuwan ing ngarsane Gusti. Saben wong seneng menawa dielingi dening wong liya, apa maneh dening wong sing pinunjul lan dadi pangarsa ing urip bebarengan. Urip bebarengan ing pasamuwan luwih-luwih maneh, amarga siji lan sijine nunggil ing pasamuwan dadi sedulur ing brayate Gusti. Sikep sing nggatekne lan ngutamakne wong liya iku asil saka anggone sujud ing pandonga, ndongakne wong liya ing ngarsane Gusti. Latihan dhasar leladi ing pasamuwan iku diwiwiti anggone ndongakne wong liya, nyuwunake berkah ing urip bebarengan sakpasamuwan, ing urip bebarengan satengahing masyarakat, lan ing ing urip bebarengan sabangsa. Saiki jaman media sosial. Tinimbang dadi buzzer sing mung waton sulaya, njeplak lan ora njaga atine wong liya luwih becik kita eling lan sadhar, sowan mareg ing ngarsane Gusti srana pandonga, mugi Gusti melasi bangsa kita. |*YTP
Rebo, 6 Desember 2023 Minggu Adven I
Mikha 5:1-5a; Jabur 79; Lukas 21:34-38 SIYAGA LAN NDEDONGA “Padha siyagaa, lan tansah ndedongaa, supaya kowé diparingi kekuwatan bisa ngalami sing bakal kelakon mau kabèh kanthi slamet, sarta bisa sowan ing ngarsané Putrané Manungsa.” (Lukas 21:36) Nalika nonton pertandingan olahraga, kerep banget atlet sing menang sujud ing lapangan ngaturake panuwun lan sokur ing pandonga. Iya pemain bal nalika bisa nglebokne gol, iya pelari sing menang dhisik dhewe teka ing garis finish. Bisa uga pemain badminton nalika menangke pertandingan. Iku jenenge selebrasi. Ana pengaken, anggone menang iku amarga berkah lan kabegjan saka Gusti, ora mung amarga anggone sregep latihan, lan mempeng nyepakne awake sadurunge maju pertandingan. Wong sing ndedonga iku sadhar, ing urip iki Gusti Allah kwasa mranata lan ngreksa samubarang kabeh, kanggo karahayon kita. Mula kejaba nyambut gawe mempeng lan tumemen, uga kinanthenan pasrah sumarah, kanthi sujud ngaturake uripe ing ngarsane Gusti kang Mahakwasa. Gusti Yesus memulang supaya pada siyaga lan tansah ndedonga. Kahanan ing jaman akhir iki akeh bebaya sing bisa njiret wong sing lena. Gusti Yesus uga paring tuladha marang para murid. Saben esuk umun-umun nalika isih peteng, wungu lan mrelokne wektu kanggo ndedonga. Mangkono uga ana wanci bengi, munggah ing gunung lan ndedonga ing kono (ayat.37). Sanajan Gusti Yesus tansah dikupengi wong akeh saka esuk nganti bengi, lan repot ngladeni sing padha ngenteni piwulang lan nyuwun tulung, nanging Gusti Yesus paring tuladha anggone ngelengake wektu kanggo sowan ing ngarsane Gusti lan sujud ndedonga. Siyaga lan ndedonga iku urip sing katur konjuk ing ngarsane Gusti. Ora mung tata lair saben-saben sembahyang, apa maneh anggone sembahyang dipamer-pamerke marang wong liya. Ndedonga iku ora prelu dadi selebrasi, wong awake dhewe iku iya dudu celebriti, dudu artis, dudu atlet utawa pemain olahraga sing kondhang lan disiarke ing berita. Mangga siyaga lan ndedonga. |*YTP
Slasa, 5 Desember 2023 Minggu Adven I
Mikha 4:6-13; Jabur 79; Wahyu 18:1-10 KUTHA GEDHE BABEL RUBUH “Malaékat mau nguwuh-uwuh kanthi seru: “Wis rubuh! Babil, kutha gedhé kuwi wis rubuh. Saiki wis dienggoni roh-roh reged lan dadi papan pandhelikané para roh najis sarta sarupaning manuk sing najis lan disengiti déning wong”. (Wahyu 18:2) Tahun 2022 kepungkur, nalika masa jabatan gubernur DKI wis arep rampung, akeh berita bab podium sirkuit formula E sing ambruk, pagar pembatas JIS (Jakarta International Stadium) sing ambruk, lan uga halte bus transjakarta ambruk nalika didandani. Ilat pancen ora duwe balung. Nata tetembungan iku luwih gampang ketimbang mujudake janji-janji sing diumbar nalika kampanye. Menawa prekara-prekara sepele wae ora bisa beres, yagene bisa diwenehi tanggungjawab ing prekara sing luwih gedhe? Ing Timur Tengah kuno, kutha Babel iku misuwur minangka kutha gedhe sing kaelokane ngedab-edabi. Angel golek tandhingane ing antarane kutha-kutha lan bangsa-bangsa liya. Nanging ing wahyu marang Rasul Yohanes wacan kitab suci dina iki, malaekate Gusti ngandikakake bab rubuhe kutha Babel. Wis ilang ora ana bekase blas gagah lan kamulyane sing biyen nate ana nalika kukus lan geni ngobong kutha iku. Saiki mung ana reruntuhan. Sing manggon ing kono mung roh-roh reged lan najis. Tahun-tahun iki bangsa-bangsa donya uga ngadhepi owah-owahan gedhe. Pandemi covid19 lan kasusul perang Rusia lan Ukrania nyeret kahanan larang pangan lan larang energi marang sadonya. Durung maneh negara adidaya China lan Amerika sing rumangsa jumawa amarga angkatan perang lan kwasane, ora gelem ngalah lan ngudi karukunan ing urip bebarengan karo bangsa-bangsa liyane sadonya. Donya kerep gumun dipameri bandha sing akeh, sugih, lan kwasa sing rosa lan santosa. Nanging ing ngarsane Gusti, iku mung kayadene Babel sing sajrone sakjam wae bisa runtuh katumpes. Mapag rawuhe Gusti kang kaping pindho, apa sing bisa kita andelake kejaba sihpiwelas lan pakaryan sihrahmate Gusti kang paring karahayon? |*YTP
KHOTBAH JANGKEP JANUARI 2024
KHOTBAH JANGKEP 2024 – IPanduan Merayakan Liturgi GerejaTema tahun 2024:MEWUJUDKAN PEMBARUAN DAN PEMULIHAN KEUTUHAN CIPTAAN Klik disini untuk mengunduh Kata Pengantar Puji Syukur kepada Tuhan karena Bahan Kotbah Jangkep tahun 2024, telah terbit. Tema HIDUP BERSAMA DALAM KELUARGA ALLAH dijabarkan dalam tema tahunan yang berbeda, dan tahun 2024 bertemakan: “Mewujudkan Pembaruan dan Pemulihan Keutuhan Ciptaan” (Yesaya 65:17) Kotbah Jangkep ini dibuat dengan mengacu kepada tema besar dan subtema diatas, dengan harapan dapat menjadi motivasi bagi semua jemaat dalam mewujudkan pembaruan dan pemulihan keutuhan ciptaan seperti yang pernah dilakukan oleh Allah ketika dunia jatuh dalam dosa dan tindakan Allah melalui Yesus Kristus untuk menyelamatkan manusia. Tindakan mewujudkan pembaruan dan pemulihan keutuhan ciptaan perlu terus ditumbuhkan agar kita semakin dimampukan untuk ambil bagian dalam pekerjaan Allah. Tulisan kotbah Jangkep 2024 ini telah melibatkan para pendeta yang bersedia meluangkan waktu untuk menuangkan ide dan tulisan. Sekalipun tidak mudah menemukan penulis yang konsisten dan setia bekerjasama, namun demikian PWG tetap berupaya agar melalui Kotbah Jangkep ini potensi para pendeta dapat berkembang dan jemaat terbangun. Oleh karena itu bagi teman-teman pendeta yang telah bersedia menulis dan menyelesaikan kotbah jangkep tahun 2024 dengan penuh tanggung jawab, kami mengucapkan terima kasih. Demikian pula kami berterima kasih kepada tim editor yang telah bekerja merapikan tulisan ini. Selamat menggunakan Kotbah Jangkep 2024, semoga menjadi berkat bagi semua. Bapelsin XXVIII GKJ Bidang PWG Diterbitkan Oleh:Yayasan Taman Pustaka Kristen Indonesia(Anggota IKAPI)Jl. dr. Wahidin Sudirohusodo No. 38A Yogyakarta 55222Telp./Fax.: (0274) 512449; HP/WA: 087838211445E-mail: penerbit@tamanpustakakristen.comWebsite: www.tamanpustakakristen.com Bekerjasama dengan:Sinode Gereja-gereja Kristen JawaJl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711Rek: BritAmaBisnis 0081-000589-56-1 a/n Sinode GKJTelp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663Website: www.sinodegkj.or.id Penanggung Jawab: Bapelsin XXVIII GKJ Bidang PWGPdt. Erni Ratna YunitaPdt. Neny SuprihartatiPdt. Immanuel Adi Saputro Penulis:Pdt. Marya Sri HartatiPdt. Heri WindartaPdt. Rian Pandu BgaswaraPdt. Nicolaus Satriyo NugrohoPdt. Ari KristiantoPdt Agus HendratmoPdt. Hesty MurwasariPdt. Samuel Juta DamarPdt. Imanuel Geovasky Editor :Pdt. Tanto KristionoPdt. Immanuel Adi Saputro Tata letak dan Sampul :Kantor Sinode GKJ Vol. 2 No. 1 Januari-Juni 2024 ISSN 2964-4232
Senen, 4 Desember 2023 Minggu Adven I
Mikha 4:1-5; Jabur 79; Wahyu 15:1-8 KEKIDUNGANE PARA SUCI “Aku banjur weruh rerupan katoné kaya segara kaca campur geni. Aku uga weruh wong-wong sing wis padha unggul enggoné perang karo si kéwan lan recané, sarta unggul ing ngatasé wong sing jenengé disebut nganggo angka. Wong-wong sing wis padha unggul kuwi padha ngadeg ana ing pinggiring segara kaca mau, karo padha nyekel clempung sing diparingaké déning Gusti Allah”. (Wahyu 15:2) Kula nate takon: Nalika nyawang wong liya endi sing luwih gampang, ngalem utawa nacad, memuji utawa nyaruwe, nggoleki sing becik utawa sing ala? Mangga katuran kita piyambak sami nitipriksa apa padatan sing kita tindakne lan dadi sikep kita ing urip bebarengan. Kamanungsan sing cidra kerep luwih gampang nglairake pasambat tinimbang ngaturake panuwun, nesu tinimbang sumarah, lan balik mbales tinimbang ngapura. Mung pengaken lan panelangsa awit ngrumangsani kasekengan lan karingkihan kita sing bisa ndadekne kita unggul saka dosa, ngrasuk kamanungsan anyar lan nunggil dadi umate Gusti Allah. Salawase urip ing donya kita tansah ngadhepi dosa kang nggeret manungsa ing kaluputan lan cidra. Nanging kwasa sihrahmate Gusti nyantosakne kita bisa unggul lan menang saka dosa. Ing tetingalan marang Rasul Yohanes, kagambarake wong-wong sing wis unggul iku padha nyekel clempung sing diparingake dening Gusti Allah. Clempung iku piranti musik sing nganggo kawat, kayadene gitar ing jaman saiki. Urip umat sing menang iku tansah ngrepekake kekidungan pamuji panuwun lan sokur ing ngarsane Gusti Allah. Clempung iku beda karo pedhang sing kanggo gaman ing paprangan. Clempung bebarengan karo kecer, slukat, suling, lan trompet iku piranti musik kang nggawa swasana dadi bungah, jejogedan, seneng-seneng lan kebak pamuji sokur. Gegambaran wong sing unggul padha nyekel clempung sing diparingake dening Gusti Allah ngatag kita, supaya bebarengan karo para suci kang ngabekti marang Gusti, tansah milih mbabarake urip sing kebak pamuji, panuwun, sokur, lan pangalembana bab pakaryan sihrahmate Gusti kang kaluberake ing urip kita. Aja nganti ana wektu kanggo sambar ngresula lan ngrasani apa maneh nyinyir marang pepadha. Mangga tansah sami ngidungake pamuji panuwun lan sokur. |*YTP
KURIKULUM REMAJA JANUARI 2024
KURIKULUM REMAJAAku Tumbuh Bersama Yesus Tema Tahun 2024Mewujudkan Pembaharuan dan Pemulihan Keutuhan Ciptaan Klik disini untuk mengunduh KATA PENGANTAR Banyak orang mengatakan bahwa masa remaja adalah masa yang menyenangkan. Pada usia remaja, seseorang mulai memasuki dunia baru, dunia yang jauh lebih luas dari sebelumnya. Pada masa kanak-kanak, kehidupan dan pergaulan masih sebatas lingkungan keluarga dan orang-orang di sekitar rumah. Tetapi pada masa remaja, seseorang mengenal orang-orang baru dalam lingkup yang lebih luas. Banyak hal baru dijumpai dan dialami remaja. Namun bersamaan dengan itu, remaja juga diperhadapkan dengan berbagai tantangan yang sebelumnya tidak pernah dijumpai. Remaja mulai belajar menghadapi dan menyelesaikan persoalan-persoalan yang dialaminya. Karena itu, selain indah, masa remaja juga menjadi masa yang rentan. Masa remaja menjadi masa transisi sekaligus batu uji bagi seseorang. Bila Seseorang berhasil melalui masa remaja dengan baik, maka ia akan menjadi pribadi yang lebih dewasa dan siap menjalani fase baru hidupnya. Sebaliknya, bila seseorang “gagal” maka ia cenderung menjadi pribadi yang tidak siap menyambut hari depannya. Menilik pentingnya masa remaja, mendorong gereja-gereja khususnya di lingkup Sinode GKJ untuk memberi perhatian khusus kepada para remaja. Mereka bukan lagi kanak-kanak tapi mereka juga bukan orang dewasa. Mereka membutuhkan perhatian dan bimbingan khusus. Buku Kurikulum Remaja 2024 ini dimaksudkan untuk menolong gereja-gereja dalam mendampingi dan memelihara iman pada remajanya. Sebagai sebuah upaya, tentulah masih jauh dari sempurna. Terlebih lagi, konteks gereja-gereja di lingkup Sinode GKJ sangat beragam. Karena itu, kiranya gereja-gereja dapat mengolah kembali bahan-bahan dalam buku Kurikulum Remaja ini agar menjadi materi yang sesuai dan efektif bagi pembinaan remaja. Kiranya Tuhan Yesus, Raja Gereja memberkati upaya dan pelayanan kita bersama. Salatiga, Agustus 2023 BAPELSIN XXVIII GKJ Bidang Pembinaan Warga Gereja Diterbitkan Oleh:Yayasan Taman Pustaka Kristen Indonesia(Anggota IKAPI)Jl. dr. Wahidin Sudirohusodo No. 38A Yogyakarta 55222Telp./Fax.: (0274) 512449; HP/WA: 087838211445E-mail: penerbit@tamanpustakakristen.comWebsite: www.tamanpustakakristen.com Bekerjasama dengan:Sinode Gereja-gereja Kristen JawaJl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711Rek: BritAmaBisnis 0081-000589-56-1 a/n Sinode GKJTelp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663Website: www.sinodegkj.or.id Penanggung Jawab :Bapelsin XXVIII GKJ Bidang PWGPdt. Erni Ratna YunitaPdt. Neny SuprihartatiPdt. Imanuel Adi Saputro Penulis :Pdt. Adhika Tri SubowoPdt. Sih Ell MirmaningrumPdt. Natasha VananiPdt. Elizabet Emilia PutriPdt. Widhewani SuwandiPdt. Iman SetiadiPdt. Dani AriyantoPdt. Geget Elite Sucining HPdt. Julia Indah PramudiyantiPdt. Rivaldi Angga KurniawanPdt. Kristrian Yudi NugrohoPdt. Eni Wahyuningsih Editor :Pdt Erni Ratna YunitaPdt Elia Dwi Prasetyo Tata letak & sampul:Kantor Sinode GKJVolume 2 Tahun 2024 ISSN 2964-4976
Bahan Kurikulum Anak Januari 2024
KURIKULUM ANAK 2024 – IAKU IKUT YESUS “Mewujudkan Pembaruan dan Pemulihan Keutuhan Ciptaan” Klik disini untuk mengunduh KATA PENGANTAR Puji dan syukur patut kita panjatkan kepada Tuhan Allah, Sang Raja Gereja, hanya karena kekuatan dan hikmat dari Tuhan Allah saja, maka Buku Kurikulum Anak Tahun 2024 Semester pertama ini dapat hadir. Tuhan Allah yang telah menuntun para penulis, illustrator dan editor serta Bidang PWG, juga para pekerja di PDILM Sinode GKJ, dalam pekerjaan di bagiannya masing-masing. Kami juga bersyukur karena Buku Kurikulum Anak Sinode GKJ dapat dipakai oleh Tuhan untuk menghadirkan berkat bagi banyak gereja, dalam kegiatan Sekolah Minggu di gereja masing-masing. Kita juga patut bersyukur karena masa pendemi sudah berlalu. Dengan demikian gereja-gereja sudah dapat kembali mengadakan Sekolah Minggu secara tatap muka, tanpa pembatasan usia atau pun pembatasan-pembatasan lainnya. Tentu akan lebih menyenangkan bagi Anak-anak Sekolah Minggu jika dapat kembali mengikuti Sekolah Minggu di gereja. Demikian juga untuk Guru Sekolah Minggu akan lebih mudah untuk menyiapkan dan menerapkan bahan Kurikulum Anak ini. Untuk Bahan Kurikulum Anak Tahun 2024 ini, bacaan Alkitab yang disajikan dalam Ayat Indah, sudah menggunakan Alkitab Terbitan Baru Edisi kedua. Jika gereja-gereja belum menggunakannya, maka bagian Ayat Indah dapat disesuaikan dengan kondisi gereja masing-masing. Bahan Kurikulum Anak ini dapat diunggah juga di website Sinode GKJ. Sekalipun mengunggah bahan ini di website Sinode GKJ dapat dilakukan secara gratis, namun demikian, kami berharap gereja-gereja menggunakan bahan ini dengan cara membeli Buku Kurikulum Anak. Kami tetap menghadirkan dalam bentuk Buku, untuk membantu gereja-gereja yang membutuhkan dalam bentuk buku. Juga untuk gereja-gereja yang justru mengalami kesulitan untuk mengunggah dari website Sinode GKJ. Bahan Kurikulum Anak ini bukan merupakan materi siap saji. Persiapan dan kreativitas Guru Sekolah Minggu tetap diperlukan dalam mengolah dan menyajikan materi Kurikulum Anak ini dalam merealisasikan di Sekolah Minggu masing-masing. Bahan Kurikulum Anak ini berusaha untuk dapat membantu Guru Sekolah Minggu memberikan inspirasi dalam menyampaikan Firman Tuhan kepada anak-anak dan mengajak anak-anak melakukan berbagai aktivitas. Kami sangat memahami adanya keragaman situasi dan kondisi masing-masing gereja. Untuk itu kami menyadari belum dapat sepenuhnya menyajikan Bahan Kurikulum Anak ini tepat guna dan tepat sasaran dalam menjawab tantangan dan kebutuhan para Guru Sekolah Minggu, sesuai dengan konteks gereja setempat. Kami tetap membuka diri menerima kritik dan saran untuk perbaikan ke depan. Ucapan terima kasih kami sampaikan kepada para penulis, illustrator dan editor serta PDILM Sinode yang telah berupaya untuk menyajikan Bahan Kurikulum Anak ini. Ucapan terima kasih juga kami sampaikan kepada gereja-gereja yang sudah membeli dan menggunakan Buku Bahan Kurikulum Anak ini. Selamat melayani. Tuhan memberkati kita semua. Bapelsin XXVIII GKJ Bidang PWG Pdt. Neny Suprihartati Diterbitkan Oleh:Yayasan Taman Pustaka Kristen Indonesia(Anggota IKAPI)Jl. dr. Wahidin Sudirohusodo No. 38A Yogyakarta 55222Telp./Fax.: (0274) 512449; HP/WA: 087838211445E-mail: penerbit@tamanpustakakristen.comWebsite: www.tamanpustakakristen.com Bekerjasama dengan:Sinode Gereja-gereja Kristen JawaJl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711Rek: BritAmaBisnis 0081-000589-56-1 a/n Sinode GKJTelp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663Website: www.sinodegkj.or.id Penanggung Jawab : Bapelsin XXVIII GKJ Bidang PWGPdt. Erni Ratna YunitaPdt. Neny SuprihartatiPdt. Imanuel Adi Saputro Penulis :Ibu Tri PrasetyaningsihPdt. Lusya SefrisaR. Santoso Sri BuwonoIbu Helmi YustinPdt. Erni Ratna YunitaPdt. Ivan Gilang Kristian Editor:Pdt. Neny SuprihartatiPdt. Wisnu Tri Handayani Ilustrator:Supriatmo Tata letak:Kantor Sinode GKJVol. 2 No.1 Januari-Juni 2024ISSN 2964-1020
Ahad, 3 Desember 2023 Minggu Adven I
Yesaya 64:1-9; Jabur 80; I Korintus 1:3-9; Markus 13:24-37 PATUNGGILAN UMATE GUSTI “Panjenengane bakal ngutus malaekat-malaekate supaya ngumpulake umate, sing pinilih saka keblat papat, yakuwi saka tapel watese bumi sisih tekan sisihe” (Markus 13:24-37) John Mott miwiti gerakan ekumene ing taun 1910-an. Pengarep-arep rawuhe Gusti Yesus kang kaping pindho kang mrenthul ing patunggilan-patunggilan pasamuwan ndadekne gerakan ekumene ditampa ora mung ing negara-negara Amerika lan Eropa, nanging uga ing Asia lan Afrika. Siji semboyan saka John Mott iya iku supaya Injil bisa diwartakne sadonya ing generasi iku, amarga Gusti bakal rawuh. Gerakan ekumene iku gerakan greja-greja anggone ngudi patunggilan umate Gusti sakdonya. Abad 20 lan 21 donya terus kagubed lan ngadhepi paprangan gedhe. Sawise perang dunia kapisan isih ana perang dunia kapindho, lanjut ing perang dingin antarane blok barat lan blok timur, perang teluk, terorisme, rusuh ing negara-negara Arab, ISIS, lan tahun 2022 perang antarane Rusia lan Ukrania. Greja sakdonya bisa bebarengan nunggil ing Dewan Gereja Dunia wiwit tahun 1948. Nanging antarane greja siji lan sijine tetep wae ora nunggil amarga urusan organisasi, ajaran, pangibadah lan pranatan grejane dhewe-dhewe. Dina iki Minggu Adven kapisan. Samekta mapag rawuhe Gusti Yesus kang kapindho iku salah siji tandhane sedya ngestokne timbalan mujudake patunggilan umat. Aja ngenteni ngudi patunggilan mengko nalika Malaekate Gusti wus kautus nglumpukake umat sing pinilih supaya nunggil. Iba rahayune menawa para sadulur padha tetunggilan kanthi rukun. Pasamuwane Gusti iku katunggilake dadi siji, siji Gusti, siji iman, siji baptisan, siji badan, siji Roh, lan pengarep-arep sing siji. Donya kisruh lan pecah ing padudon, pasulayan, lan paprangan amarga ora gelem nunggil dadi siji. Pasamuwan sing nunggil dadi siji iku tandha sing pesthi, kababaring jaman anyar, rawuhe Kratone Gusti Allah ing donya iki. |*YTP



